Timah

Timbelutawa timah iku awijining unsur kimia sajeroning tabel periodik kang nduwni simbol Sn (basa Latin: stannum) lan nomer atom 50. Unsur ini merupakan logam miskin keperakan, bisa ditempa ("malleable"), ora gampamg kaoksidasik ing udara saéngga tahan karat, tinemu sajeroning akèh aloy,ldan dipigunakaké kanggo nglapisi logam liyané kanggo nyegah karat. Timbel dijupuk mligi sakai mineral cassiterite kang kawujud minangkai oksida.

indiumtimbel – antimoni
Ge
Sn
Pb  
 
 
220px
Tabel penuh
Umum
Jeneng, Simbol, Nomer timbel, Sn, 50
Seri kimia logam miskin
Kelompok, Periode, Blok 14 (IVA), 5, p
Densitas, Kekerasan 7310 kg/m3, 1.5
Penampakan klawu keperakan mengkilap
Sn,50
Properti Atomik
Bobot atom 118.710 sma
Jari-jari atom 145 (145) pm
Jari-jari kovalen 141 pm
Jari-jari van der Waals 217 pm
Konfigurasi elektron [Kr]4d10 5s2 5p2
Elektron per tingkat ènergi 2, 8, 18, 18, 4
Wilangan oksidasi (Oksida) 4,2 (amfoter)
Struktur kristal Tetragonal
Ciri-Ciri Fisik
Keadaan benda Padhet
Titik lebur 505.08 K (449.47 °F)
Titik didih 2875 K (4716 °F)
Volume molar 16.29 ×10−6 m3/mol
Kalor penguapan 295.8 kJ/mol
Kalor peleburan 7.029 kJ/mol
Tekanan uwab 5.78 E-21 Pa at 505 K
Kecepatan suara 2500 m/s pada 293.15 K
Lain-lain
Elektronegativitas 1.96 (Skala Pauling)
Kapasitas kalor spesifik 228 J/(kg*K)
Konduktivitas listrik 9.17 106/(m•ohm)
Konduktivitas kalor 66.6 W/(m*K)
potensial ionisasi pertama 708.6 kJ/mol
potensial ionisasi ke-2 1411.8 kJ/mol
potensial ionisasi ke-3 2943.0 kJ/mol
potensial ionisasi ke-4 3930.3 kJ/mol
potensial ionisasi ke-5 7456 kJ/mol
Isotop paling stabil
bisa NA waktu-paruh DM DE MeV DP
112Sn 0.97% Sn stabil kanthi 62 neutron
114Sn 0.65% Sn stabil kanthi 64 neutron
115Sn 0.34% Sn stabil kanthi 65 neutron
116Sn 14.54% Sn stabil kanthi 66 neutron
117Sn 7.68% Sn stabil kanthi 67 neutron
118Sn 24.23% Sn stabil kanthi 68 neutron
119Sn 8.59% Sn stabil kanthi 69 neutron
120Sn 32.59% Sn stabil kanthi 70 neutron
wujud meta 0.006 MeV 55 taun IT
Beta-
0.006
0.394
121Sb
122Sn 4.63% Sn stabil kanthi 72 neutron
124Sn 5.79% Sn stabil kanthi 74 neutron
126Sn {syn.} ~1 E5 y Beta- 0.380 126Sb
Ékan SI & STP digunakan kecuali tertera yang lain.

Réferènsi

Uga delengen

  • Konsil Timbel Internasional
  • Timbel (perusahaan)

Pranla jaba

Abu Mansur Muwaffaq

Abu Mansur Muwaffaq bin Ali al Harawi, (Pèrsi: ابو منصور موفق بن علی هروي) iku dhokter saka Pèrsi nalika abad kaping 10.

Gedhé ning laladan Herat diasuh déning pangeran Samanid Mansur ibn Nuhsaya nalika memerintah ning taun 961-976

Piyambaké iku kang kapisan nyusun risalah babagan medis ning basa Pèrsi, piyambaké nglakoni parjalanan kanthi ekstensif ning laladan Pèrsi lan laladan India kanggo ngumpulké kabèh info kang diperlukaké.

Irformasi kang diserat diolehi saka Yunani, Syriac, Pèrsi, Arab lan Hindhu.

Kimiawan kang andewi prabawa gedhé ning ngèlmu kawruh, kaya ngèlmu kimia, usada utawa medis.

Cilandhak, Jakarta Kidul

Cilandhak iku kacamatan ing Jakarta Kidul, Daerah Khusus Ibukota Jakarta, Indonésia.

Indonésia

Indonésia, resmine Républik Indonésia (basa Indonésia: Republik Indonesia), iku sawijining nagara berdaulat transkontinéntal dumunung mligi ing Asia Kidul-Wétan karo sawatara tlatah ing Oséania. Dumunung ing antarané Samodra Hindia lan Pasifik, iku nagara kapuloan gedhé dhéwé ing donya, kanthi punjul telulas èwu pulo. Indonésia nduwé kira-kira populasi liwat 258 yuta wong lan nomer papat nagara paling akèh populasiné ing donya, nagara Austronésia paling akèh populasiné, uga nagara mayoritas Muslim paling akèh populasiné. Pulo paling padhet sa donya Jawa ngandhut punjul setengah saka populasi.

Wangun pamaréntahan republik Indonésia kalebu législatur lan Présidhèn kapilih. Indonésia duwé 34 provinsi, kang lima duwé status administratif mirunggan. Kutha krajan lan paling akèh kang ndunungi yakuwi Jakarta. Nagara duwé tapel wates karo Papua Nugini, Timor Wétan, lan Malaysia sisih wétan. Nagara tanggané kalebu Singapura, Filipina, Australia, Palau, lan tlatah India Kapuloan Andaman lan Nicobar. Indonésia iku sawijining anggota pangadeg ASEAN lan anggota saka ékonomi utama G-20. Ékonomi Indonésia iku peringkat 16 PDB nominal donya lan gedhé dhéwé angka 8 PDB ing PPP.

Kapuloan Indonésia wis tlatah wigati ing padagangan wiwit ing paling ing abad kaping 7, nalika Sriwijaya lan banjur mengko Majapahit dagang karo Tiongkok lan India. Panguwasa lokal nggunakaké modhèl budaya, agama lan pulitik manca saka awal abad Masèhi, lan karajan Hindhu lan Buda ngrembaka. Sajarah Indonésia wis diprabawai déning kakuwasan manca kepincut karo sumber daya alam Indonésia. Pedagang Muslim lan sarjana Sufi nggawa Islam kang saiki dominan, sawatara kakuwasan Eropah nggawa Kristen lan perang siji liyané kanggo monopoli dagang ing Kapuloan Maluku ing Jaman Penjelajahan. Sawisé telung lan setengah abad kolonialisme Walanda wiwit Amboina lan Batavia, lan pungkasanipun kabèh kapuloan kalebu Timor lan Papua Kulon, ing kaping diselani déning kakuwasan Portugis, Prancis lan Inggris, Indonésia mardika sawisé Perang Donya II. Sajarah Indonésia kang wis wiwit ora tenang, karo tantangan bencana alam, raja pati massa, korupsi, separatisme, prosès démokratisasi, lan pèriode saka owah-owahan ékonomi kanthi rikat.

Indonésia dumadi saka atusan golongan ètnis lan linguistik asli. Golongan ètnis gedhé dhéwé – lan dominan ing pulitik – ya iku Jawa. Idèntitas nasional wis dikembangaké, dikukuhaké déning basa nasional, karagaman etnik, pluralisme agama ing populasi mayoritas Muslim, lan sajarah kolonial lan kraman marang iku. Sesanti nasional Indonésia, "Bhinneka Tunggal Ika" ("séjé-séjé nanging ajeg manunggal"), nuduhaké karagaman kang nagara. Sanajan populasi gedhé lan tlatah padhet kang ndunungi, Indonésia duwé tlatah jembar ara-ara samun kang njurung karagaman hayati tingkat paling dhuwur kaping pindho ing donya. Indonésia duwé sumber daya alam kalubèran kaya lenga lan gas bumi, timah, tembaga lan emas. Pertanian mligi mrodhuksi beras, tèh, kopi, bumbon crakèn lan karèt. Partner dagang utama Indonésia ya iku Jepang, Amérikah Sarékat lan nagara tangga Singapura, Malaysia lan Australia.

Kabupatèn Belitung Wétan

Kabupatèn Belitung Wétan iku kabupatèn ing provinsi Kapuloan Bangka Belitung, Indonésia. Kabupatèn iki minangka asil pamekaran saka Kabupatèn Belitung lan kutha krajané ing Manggar.

Kabupatèn Belitung Wétan naté dadi lokasi pertambangan timah wiwit jaman kolonial Walanda nganti jaman Orde Baru. Wiwit kamardikan, usaha pertambangan dikelola déning PN Timah.

Kabupatèn Gayo Lues

Kabupatèn Gayo Lues iku salah siji kabupatèn ing provinsi Acèh, Indonésia, minangka asil pamekaran saka Kabupatèn Acèh Kidul-wétan. Kabupatèn iki dumunung ing gugusan pagunungan Bukit Barisan, sapérangan gedhé wewengkon wujud aréa Taman Nasional Gunung Leuser sing wis dadi salah siji situs warisan donya.

Kalèng

Kalèng ya iku lembaran baja kang disepuh timah. Kalèng uga diartéké panggonan kanggo nyimpen utawa wadhah kang digawé saka logam lan minangka wadhah panganan, ombenan, sarden, soft drink, woh kalengan, biskuit. Kaleng uga kena diarani wadhah kang digawé saka aluminium.Kalèng timah utawa tin can kalebu pengembangan panemuan kang tinemu Nicolas Appert ing dasarwasa 1800-an. Produk iki dipatenaké ing akir abad 19. Kalèng timah dadi standar prodhuk konsumén. Timah dipilih amarga ora marakaké racun lan nambah daya tarik kalèng awit rupané kang keling-keling lan ora gampang tèyèngrn.Kalèng tilas uga kena dimanfaatké. Kayata digawé kerajinan tangan.

Kalèng tilas bisa digawé kerajian tangan kaya ta miniatur vespa, reca Tugu Pancoran, reca Tugu Tani, motor gedhé Harley Davidson, mobil nganti montor mabur.

Saben patung butuh kira-kira kalèng tilas kang cacahé 15 kaléng kang dhuwuré kira-kira setengah mèter. Kaleng kan kanggo nggawé ora dilebur dadi isih wutuh banjur ditekuk-tekuk lan diwangun.

Kalèng bekas kang digawé ya iku kalèng tilas saka soft drink. Yèn nganggo kalèng tilas susu utawa jajanan rada katosen. Peralatan kang diprelokaké ya iku gunting, tang, kanggo ngrangké kalèng dadi wujud kang dikarepaké.

Kalèng-kalèng tilas dikumbah nganti resik banjur digawé lèmpèngan. Lempengan-lempengan banjur dikethok manut pola kang ditemtokaké banjur dilèm lan ditambahi aksesoris lan pernak-pernik saéngga jadi miniatur.

Kalèng-kalèng iku ora kena dicèt manèh awit yèn dicèt dadi ora katon yèn iki prohduk dhaur ulang saka kalèng.

Kuntoro Mangkusubroto

Dr Ir Kuntoro Mangkusubroto (lair ing Purwokerto, Jawa Tengah, 14 Maret 1947; umur 72 taun). Kuntoro Mangkusubroto iku Ketua Unit Kerja Présidhèn Pengawasan lan Pengendalian Pangyasa (UKP4R) wiwit 22 Oktober 2009. Kuntoro Mangkubroto iku Mantri Pertambangan lan Energi Indonésia ing era Kabinet Reformasi Pangyasa lan uga mantan Direktur Utama PLN. Kuntoro Mangkusubroto uga tau njabat dadi Kepala BRR Acèh-Nias kang tugase yasa laladan Acèh lan Nias pasca tsunami ing akir taun 2004.

Kuntoro Mangkubroto lair saka kulawarga kang terpelajar. Bapaké iku pengacara lan ibuné dhosen basa Inggris ing Universitas Sudirman, Purwokerto. Kuntoro Mangkubroto ngrampungaké pendhidhikan SD nganti SMA ing kutha klairané. Sawisé lulus, Kuntoro banjur nerusaké kuliyah Tehnik Industri ITB lan lulus nalika taun 1972. Sawisé lulus, Kuntoro mangkubroto banjur dadi dhosen ing almamatere, Kuntoro banjur nerusaké pendhidhikan ing babagan industrial engineering, Stanford University nalika taun 1976. Kuntoro banjur sinau manèh babagan civil engineering ing universitas kang padha nalika taun 1977. Kuntoro tau éntuk gelar dhoktor saka ITB nalika taun 1982. Kuntoro nggawé disertasi ngenani analisa putusan.

Nalika taun 1983, Kuntoro pindhah ing kantor Sekretaris Nagara lan dadi staf ahli mantri mudha UP3DN kang jenenge Ginanjar Kartasasmita lan dadi Pembantu Asisten Administrasi Mantri Sekretaris Nagara RI ya iku Safaruddin Husada nalika taun 1984. Limang taun sawisé iku ya iku nalika taun 1988 Kuntoro diangkat dadi Direktur Utama PT. Tambang Batubara Bukit Asam, Tanjung Enim, Palembang.

Kuntoro banjur dadi Direktur Utama PT. Tambang Timah (TT), nalika sasi Dhésèmber 1989 nganti 1994. Kuntoro banjur dipercaya njabat dadi Dirjen Pertambangan Umum Departemen Pertambangan lan Energi nalika taun 1993. Nalika taun 1998, Présidhèn Soeharto ndadèkaké Kuntoro Mantri Pertambangan dan Energi.

Logam

Logam (basa Yunani: Metallon) ya iku sawijining unsur kimia kang siyap mbentuk ion (kation) lan duwé ikatan logam, lan kadhangkala dipratélakaké yèn mèmper karo kation ing awan elektron. Logam iku salah siji saka telu golongan unsur kang dibédakaké déning properti ionisasi lan ikatan, bebarengan karo metaloid lan nonlogam. Sajeroning tabel périodik, garis diagonal digambar saka boron (B) menyang polonium (Po) mbédakaké logam saka nonlogam. Unsur sajeroning garis iki ya iku metaloid, kadhangkala karan semi-logam; unsur ing kiwa ngisoré wujud logam; unsur sisih tengen dhuwur iku nonlogam.

Nonlogam luwih akèh tinemu ing alam tinimbang logam, nanging logam akèh ana ing tabel périodik. Sawetara logam misuwur ya iku aluminium, tembaga, emas, wesi, timah, pérak , titanium, uranium, lan zink.

Alotrop logam iku kapara gilap, lembek, lan konduktor kang apik, déné nonlogam racaké rapuh (kanggo nonlogam padhet), ora gilap, lan insulator.

Sajeroning babagan astronomi, istilah logam sok dianggo kanggo nyebut kabèh unsur kang luwih abot tinimbang helium.

Matlockit

Matlockit inggih punika mineral halida timah ingkang sampun arang kepanggihaken. Dipunparingi nama mau punika saking nama kutha Matlock ingkang wonten ing Derbyshire, Inggris, minangka papan nalika Matlockit kapanggih kapisanan mliginipun wonten ing pertambangan ing celakipun. Matlockit (kanthi rumus kimia: PbFCl) maringi nama kanggé sekelompok matlockit ingkang ngandhut mineral langka kaliyan struktur ingkang mirib.

Potlot

Potlot ya iku piranti tulis lan nglukis. Potlot kang sepisanan digawé saka grafit murni. Carané nulis kanthi nggésék grafit ing média. Nanging grafit murni gampang tugel, kalusen, lan ménéhi éfék reged nalika médhia gesekan karo tangan. Saliyané iku uga nggawé reged lemah nalika dicekel. Sawisé iku banjur digawé campuran grafit karo lemah lempung supaya komposisiné rada atos. Campuran kang digawé saka grafit lan lemah lempung iki banjur diwungkus kertas utawa kayu.

Prasasti Kota Kapur

Prasasti Kota Kapur inggih punika salah satunggaling prasasti tilaranipun Karajan Sriwijaya. Prasasti Kota Kapur pinanggih déning Administrator Walanda, Van der Meulen wonten ing Kota Kapur, Bangka ing sasi Dèsèmber taun 1892 M, tigang taun sasampunipun Sriwijaya ngasoraken Karajan Malayu jambi. Prasasti punika minangka peringatan kanggé bebrayan ingkang sampun kasoraken déning Sriwijaya supados boten nglawan Kadatuan Sriwijaya.Prasasti Kota Kapur punika minangka prasasti sumpah ingkang awangun lingga kanthi nganggé basa Malayu Kuno saha dipunserat mawi aksara Pallawa. Prekawis punika dados pratandha manawi laladan Kutha Kapur minangka péranganing Karajan Sriwijaya. Wonten ing pungkasanipun prasasti, dipunsebataken prasasti dipundamel tanggal 28 April warsa 686 nalika Bala wadya Sriwijaya nembé kémawon bidhal saperlu nyerang tlatah Jawa. Prasasti punika dipunanalisis ingkang sapisan déning H. Kern, satunggaling ahli epigrafi saking nagari Walanda ingkang nyambut damel ing Bataviaasch Genootschap ing Batavia. Rèplika prasasti saged dipunpirsani ing Musèum Timah Indonésia.Wosipun prasasti Kota Kapur inggih punika ngengingi panyuwunan dhumateng para déwa supados njagi Kadatuan Sriwijaya, supados déwa-déwa ngukum saben tiyang ingkang duraka dhumateng kuwasanipun Sriwijaya. Ing prasasti punika dipunsebataken bilih Bumi Jawa boten manut dhumateng Kadatuan Sriwijaya.

Pratélan pawiyatan luhur swasta ing Kapuloan Bangka-Belitung

Ing ngisor iki kapacak Pratélan pawiyatan luhur swasta ing Kapuloan Bangka-Belitung sing kabawah Kementerian Pendidikan Nasional Indonesia. Pratélan iki ora kalebu pawiyatan luhur Islam swasta sing kabawah Kementerian Agama Indonesia.

Pratélaning anasir miturut arané

Pratélan unsur kimia ing ngisor iki , diurutaké dhedhasar jeneng, lan warna nuduhaké jinis unsur.

Ana ing saben unsur nyakup: lambang unsur, nomer atom, massa atom utawa isotop kang paling stabil, sarta golongan lan nomer période sajeroning tabèl périodik.

Prunggu

Prunggu ya iku campuran tembaga karo unsur kimia liya, racaké karo timah, sanajan uga bisa karo unsur-unsur liya kaya fosfor, mangan, alumunium, utawa silikon. Perunggu sipaté atos lan kerep digunakaké ing indhustri. Jaman biyèn perunggu wigati banget, malah nganti ana jaman kang diarani jaman perunggu.

Pulo Belitung

Belitung, utawa Belitong (basa saenggon, dijupuk saka jeneng sajinis siput segara), biyèn dikenal minangka Billiton iku pulo ing lepas pasisir wétan Sumatra, Indonésia, diapit déning Selat Gaspar lan Selat Karimata. Pulo iki misuwur kanthi asil mrica lan timah, sarta pungkasan iki minangka jujugan plesiran alam alternatif. Pulo iki biyèn diduwèni déning Britania Raya (1812), sabanjuré diijolaké marang Walanda, bebarengan lan Bengkulu, karo Singapura lan New Amsterdam (saiki pérangan kutha New York). Kutha mligi ya iku Tanjung Pandan.

Pulo Belitung kapérang dadi 2 kabupatèn ya iku Kabupatèn Belitung, kutha krajané ing Tanjung Pandan, lan Belitung Wétan, kutha krajané Manggar.

Samatiga, Acèh Kulon

Samatiga iku kacamatan ing Kabupatèn Acèh Kulon, Provinsi Acèh, Indonésia.

Sumatra

Pulo Sumatra sing papané ing Indonésia iku pulo kaenem gedhé dhéwé ing donya, kanthi wiyar 443.065,8 km2. Pandunung pulo iki kurang luwih 42.409.510 jiwa (2000).

Ing pulo Sumatra naté ana kraton Samudera (saiki Acèh). Konon ing kunjungané nuju pulo mau, Ibnu Battuta (cendekiawan Islam asal Maroko) mesthi nglafalaké tembung Samudera dadi Sumatera, wiwit wektu iku jeneng Sumatera kaloka wiyar minangka jeneng pulo mau.

Sadurungé kaloka kanthi jeneng Sumatra, Pulo mau kaloka kanthi jeneng pulo Andalas utawa Suwarnadwipa.

Universitas Bangka Belitung

Universitas Bangka Belitung (dicekak UBB) iku perguruan tinggi nagari ing Bangka Belitung, Indonésia.

Vitamin C

Vitamin C iku salah siji vitamin sing larut sajeroning banyu. Vitamin C diperlokaké awak kanggo nggawé kolagén ing jero|jéro balung, balung rawan, otot, pembuluh gètih lan ngréwangi nyerep zat wesi. Saliyané iku, vitamin C uga bisa ngrewangi nggawé lan ngrumati zat perekat sing nyambungake sel-sel ing jaringan ing jero awak. Vitamin kang uga duwé jejuluk asem askorbat iki duwé wujud kristal putih. Vitamin C bakal luwih awèt kandhungané nalika dhapuré padhèt, yèn ing wujud larutan vitamin C bakal rikat rusak amarga oksidasi hawa lan oksigèn.

Tabel periodik unsur kimia
H   He
Li Be   B C N O F Ne
Na Mg   Al Si P S Cl Ar
K Ca   Sc Ti V Cr Mn Fe Co Ni Cu Zn Ga Ge As Se Br Kr
Rb Sr   Y Zr Nb Mo Tc Ru Rh Pd Ag Cd In Sn Sb Te I Xe
Cs Ba La Ce Pr Nd Pm Sm Eu Gd Tb Dy Ho Er Tm Yb Lu Hf Ta W Re Os Ir Pt Au Hg Tl Pb Bi Po At Rn
Fr Ra Ac Th Pa U Np Pu Am Cm Bk Cf Es Fm Md No Lr Rf Db Sg Bh Hs Mt Ds Rg Cn Uut Uuq Uup Uuh Uus Uuo
 
Alkali Alkali tanah Lantanida Aktinida Logam transisi Logam Paca-Transisi Metaloid Nonlogam lainnya Halogen Gas mulia Belum diketahui sifat kimianya

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.