Tanakh

Tanakh utawa Tanak' iku "Prajanjian Lawas" ing basa Ibrani. Tanakh iku cekakan saka: Torèt - Nabi - Kitab.

Entire Tanakh scroll set
Agama Yahudi

Agama Yahudi iku agama kang dianut déning bangsa Yahudi. Ing taun 2007, populasi Yahudi sadonya ana 13,2 yuta jiwa—41% saantarané urip ing Israèl.Agama Yahudi iku agama monotéisme kang dhedhasar Alkitab Yahudi (diarani Tanakh utawa uga Prajanjéyan Lawas déning wong Kristen). Banjur Alkitab Yahudi iki dibabar déning kitab Talmud lan kitab-kitab liyané. Agama Yahudi iku mangaribawani agama-agama liya, kaya ta agama Kristen, Islam lan Bahá'ísme.

Alkitab

Alkitab iku kitab suciné wong Kristen Protèstan lan Katulik sarta uga wong Yahudi. Alkitab bisa dipérang dadi rong pérangan: Prajanjian Lawas lan Prajanjian Anyar. Pérangan-pérangan utama iku sinebut "Prajanjian" amarga Tuhan bangsa Israèl utawa Yahwé gawé prajanjian. Pisanané iku antarané Nabi Musa karo wong Yahudi lan kang kapindho iku antarané Yesus Kristus karo kabèh umat manungsa.

Mèh kabèh buku Prajanjian Lawas ditulis ing basa Ibrani, kejaba sapérangan pérangan kang ditulis ing basa Aram saka kitab Daniel déné kabèh buku Prajanjian Anyar ditulis ing basa Yunani.

Kanthi dhasar isi lan gaya panulisan, Prajanjian Lawas bisa diklumpukaké dadi 5 pérangan utama yaitu Kitab Torèt (5 kitab), Kitab Sajarah (12 kitab), Kitab Puisi (5 kitab), Kitab Nabi-nabi Gedhé (5 kitab) lan Kitab Nabi-nabi Cilik (12 kitab). Sauntara panglumpukkan kanggo Prajanjian Anyar ya iku Kitab Injil (4 kitab), Kitab Sajarah (1 kitab), Layang-layang Rasuli (21 kitab) lan Kitab Wahyu (1 kitab).

Saliyané iku, wiwit biyèn ana rembugan prekara kanon Alkitab: buku apa waé kang bisa dianggep péranganing Alkitab. Ing abad kaping 3 SM, Alkitab Ibrani utawa Tanakh diterjemahaké ing basa Yunani. Terjemahan iki karan Septuaginta, nanging ngamot sapérangan buku kang ora ana ing vérsi Yahudi. Buku-buku iki mau buku-buku Deuterokanonika.

Basa Ibrani

Basa Ibrani (עברית, ‘Ivrit) iku basa Semitik saka rumpun basa Afro-Asia kang saiki dipituturaké déning punjul 7 yuta jiwa ing Israèl lan sacacahing wong sajeroning komunitas Yahudi saubenging donya. Ing Israèl, basa iki basa nagara de facto lan salah sijining basa resmi. Basa resmi sijiné ya iku basa Arab. Ing Israèl basa Ibrani dipituturaké déning mayoritas kang ndunungi nagara iki.

II Babad

Kitab II Babad iki péranganing kitab Prajanjian Lawas utawa Tanakh.

Kitab iki terusané I Babad. Kitab iki wiwitané nyritaaké pangadheg pamarèntahé sang Ratu Suleman nganti sédané. Sawisé nyritaaké kandha pangamuké bebrayan ing tlatah lor sing kabawah Yerobeam nglawan Raja Rehabeam, kitab iki mung nyritaaké sajarahé Yudea, ya iku karaton kidul, nganti dibedhahé Yerusalem ing taun 586 SM.

II Para Raja

Kitab II Para Raja iku péranganing kitab Prajanjian Lawas utawa Tanakh. Kitab iki péranganing kitab sing diarani Para Raja ing Tanakh, versi asliné ing basa Ibrani. Nanging amarga ana katenton redhaksional, banjur kitab iki dipara dadi papat:

I Samuel

II Samuel

I Para Raja

II Para RajaKitab II Para Raja iki nutugaké sajarah saka rong karaton Israèl sing critané kapedhot ing pungkasané I Para Raja. Kitab iki kasusun ing rong pérangan:

Babad rong karaton iki saka patengahing abad kaping 9 SM nganti dibedhahing Samaria lan sirnané karaton lor ing taun 721 SM.

Babab karaton Yudea, wiwitané saka rusaké karatonIsraèl nganti pangepungan lan dibedhahé Yerusalem déning Nebukadnezar raja Babel ing taun 586 SM. Kitab iki bubarané nyritakaké Gedalya, sing dadi gubernur Yudea sangisoré kuwasa bangsa Babel, lan prakara Yoyakhin raja Yudea sing diwetokaké saka penjara ing Babel.Nabi sing nonjol ing kitab iki ya iku Elisa, gantiné Nabi Elia.

II Samuel

Kitab II Samuel, iku péranganing kitab Prajanjian Lawas utawa Tanakh. Kitab iki péranganing kitab sing diarani Para Raja ing Tanakh, versi asliné ing basa Ibrani. Nanging amarga ana katenton redhaksional, banjur kitab iki dipara dadi papat:

I Samuel

II Samuel

I Para Raja

II Para RajaKitab II Samuel iku sambungan saka Kitab I Samuel. Kitab iki mumulané amot sajarah pamaréntahan Raja Daud, mumulané Yudea, karaton kidul (pasal 1-4), banjur sanagara, kalebu uga Israèl ing lor 5-24).

I Babad

Kitab I Babad iku péranganing kitab Prajanjian Lawas utawa Tanakh. Ing basa Ibrani; kitab iki diarani: divre hayyamim, “sajarah padinan-dinan”. Ing septuaginta basa Yunani, kitab iki diarani paraleipomena, kang tegesé “apa-apa kang ditambahaké” (suplemen).

Kitab I Babad lan II Babad sapérangan gedhé isiné kadadéan-kadadéan kang wus cinaritaaké ing kitab Samuel lan kitab Para Raja. Anging ing jero kitab Babad, kadadéan-kadadéan iku olèhé carita saka sudhut pandhang kang séjé. Sajarah karaton Israèl ing sajeroning kitab Babad ditulis amarga alesané ana loro:

Kanggo nuduhaké yèn sanadyan karaton Israèl lan Yudea katiban ing bancana, anging Allah isih tetep ngasta janji-Ne marang bangsa iku lan nindakaké rancana-rancana-Ne kanggo umat-E ngliwati wong-wong kang padha manggon ing Yudea. Sang panulis yakin bab prakara iku amarga dhèwèké eling prakara-prakara gedhé kang wis diraih Dawud lan Salomo, sarta panganyaran-panganyaran kang wis diusahaaké déning Yosafat, Hizkia lan Yosia. Banjur uga isih ana wong-wong kang tetep setya marang Allah.

Kanggo nyritakaké asal-mulaning upacara ngibadat ing Baitallah Yerusalem. Utamaning susunan kalungguhan imam lan wong-wong Levi kang nduwé tugas mimpin upacara-upacara ngibadat iku. Sanadyan Baitallah ing Yerusalem iku yasané Salomo, nanging ing kitab iki ditulis yèn Dawud sajatiné kang yasa Baitallah karo upacara-upacara ngibadaté.

I Para Raja

Kitab I Para Raja iku péranganing kitab Prajanjian Lawas utawa Tanakh. Kitab iki péranganing kitab sing diarani Para Raja ing Tanakh, versi asliné ing basa Ibrani. Nanging amarga ana katenton redhaksional, banjur kitab iki dipara dadi papat:

I Samuel

II Samuel

I Para Raja

II Para RajaKitab I Para Raja iku terusané kitab-kitab Samuel bab sajarah pamaréntahan raja-raja Israèl.

I Samuel

Kitab I Samuel iku péranganing kitab Prajanjian Lawas utawa Tanakh. Kitab iki péranganing kitab sing diarani Para Raja ing Tanakh, versi asliné ing basa Ibrani. Nanging amarga ana putusan redhaksional, banjur kitab iki dipara dadi papat:

I Samuel

II Samuel

I Para Raja

II Para RajaKitab I Samuel isiné sajarah Israèl ing masa alihan saka jaman Para Hakim nganti ing jaman Para Raja. Pangowahan ing urip ing Israèl iku kususé muter ing kisahé wong telu: Nabi Samuel, Raja Saul, lan Raja Dawud. Pangalaman-pangalaman Dawud ing nalikané isih timur sadurungé dadi raja, lan kekancan sing kenceng karo Samuel lan Saul.

Kitab Andharaning Torèt

Kitab Andharaning Torèt iku kitab kaping lima tanakh lan uga kitab Torèt. Ing basa Ibrani, diarani Devarim ("tetembungan"), saka ukara pamulan "Eleh ha-devarim."

Ing sawetara basa ing Éropah, kitab iki diarani Deuteronomium, saka basa Latin kang njupuk saka septuaginta saka basa Yunani: Δευτερουόμιου. Sajatine bab iki siji kaluputan ing alihbasa saka asliné ing basa Ibrani saka pasal 17:18;

“Yèn wong dikukuhaké dadi ratu, wong mau kudu diwènèhi Kitab Angger-anggeré Allah kang isi dhawuh-dhawuh lan piwulangé Allah, kang diturun saka kitab asli, kang disimpen déning para Imam Lèwi.”

Déning para panulis septuaginta ukara iki dipretalaké dadi: “nulis kanggo awaké dhéwé salinan kukum iki”. Nanging kalepatan iki ora patiya parah.

Kitab Andharaning Torèt iki kabangun saka sarèntènging khotbah-khotbah kang diucapaké déning Nabi Musa ing ngarepé bangsa Israèl nalika kabèh ana ing tanah Moab. Kabèh padha mandheg ing kono sawisé ngrampungaké lelungan dawa ngliwati ara-ara samun amba lan sadhurunge mlebu tanah Kanaan kanggo ngepèk nagara iki.

Kitab Kaimaman

Kitab Kaimaman iku kitab kaping telune tanakh lan uga kitab Torèt. Ing pirang basa Éropah, kitab iki diarani Leviticus, kang dijupuk saka basa Latin: Liber Leviticus sakai basa Yunani: (το) Λενιτικόν. Ing basa Ibrani, kitab iki diarani wayyikra kang tegesé iku: “Mula ditimbali déning panjenengan”, tembung-tembung pratama kitab iki.

Kitab iki isiné undhang-undhang kanggo ibadat lan upacara-upacara agama bangsa Israèl ing jaman mbiyen. Uga kanggo kaperluwane para imam (kaum Levi) kang tanggung jawab karo palaksanane.

Pethikan kang misuwur dhéwé saka buku iki ya iku kang mau déning Gusti Yesus dhawuh utama kang kapindho, "Cintailah sesamamu seperti kamu mencintai dirimu sendiri" (19:18).

Kitab Pangentasan

Kitab Pangentasan iki kitab kapindho kitab Torèt Musa lan dadi uga kitab kapindho Prajanjian Lawas utawa Tanakh. Ing basa Ibrani kitab iki diarani שמות Shemoth saka tetembungan wiwitan Be-eleh shemoth. Nanging ing sawetara basa Éropah, diarani nganggo jeneng Exodus. Tembung iki dijupuk saka pertalan basa Latin Santo Hieronimus kang njupuk saka Septuaginta, pertalan basa Yunani. Iki tegesé "pangentasan", lan mligi "pangentasan" bangsa Yahudi saka tanah Mesir, ing ngendi kabèh didadèkaké ulun.

Kitab Purwaning Dumadi

Kitab Purwaning Dumadi iku buku pratama kitab Torèt Musa lan dadi uga kitab Tanakh. Ing basa Ibrani kitab iki diarani Bereshit. Sabanjure ing sawataraning basa Éropah, kitab iki diarani Genesis. Tembung iki dijupuk saka alihbasa Latin Santo Hieronimus sing dipundhut saka Septuaginta, pertalan basa Yunani (Γένεσις). Tembung iki tegesé iku "babaran", "panciptan", "wiwitan", "sumber" lan "asal". Ing basa Indonésia, kitab iki diarani Kitab Kejadian.

Kitab Wilangan

Kitab Wilangan iku kitab Tanakh lan Torèt sing kaping papat. Kitab iki nyaritakake paristiwa-paristiwa sing dialami déning bangsa Yahudi nalika 38 taun lawase ana ing padang pasir.

Ing basa Ibrani, kitab iki diarani be-midbar, sing tegesé “laladan alasan”, tetembungan pratama kitab iki. Banjur tembung wilangan iku pertalan saka septuaginta, numeri, bab cacah jiwa bangsa Yahudi.

Prajanjian Lawas

Prajanjian Lawas utawa Tanakh ing basa Ibrani iku péranganing Alkitab kang katulis sadurungé Gusti Yesus miyos. Kitab-kitab iki katulis ing basa Ibrani, nanging ana pérangan-péranganing Kitab Daniel kang katulis nganggo basa Aram. Kitab-kitab kang tuwa dhéwé ditulis sakiwa-tengené abad kaping 8 SM. Sing paling enom kira-kira ing kiwa-tengené taun 200 SM.

Tambahan Danièl

Tambahan Danièl iku ayat-ayat ing Kitab Danièl sing namung ana ing kitab Septuaginta basa Yunani. Ayat-ayat iki ora ana ing Tanakh basa Ibrani utawa basa Aram (sapérangan kitab Daniel ditulis nganggo basa iki), mulané kagolong Deuterokanonika.

Tambahan Ester

Tambahan Ester iku ayat-ayat ing kitab Ester sing namung ana ing kitab Septuaginta basa Yunani. Ayat-ayat iki ora ana ing Tanakh basa Ibrani, mulané kagolong Deuterokanonika.

Yahudi

Yahudi iku istilah kang rada rancu sebab bisa tegesé sawijining agama utawa bebrayan. Yèn dideleng miturut agama, istilah iki tegesé umat agama Yahudi, ora peduli saka katurunan Yahudi apa dudu.

Miturut ètnisitas, tembung iki tegesé katurunan Eber (Purwaning Dumadi 10:21) utawa Yakub, anak Ishak, anak Abraham (Ibrahim) lan Sarah. Etnik Yahudi uga kalebu Yahudi kang ora nganut agama Yahudi nanging duwé idhèntitas Yahudi saka segi tradhisi.

Zionisme

Zionisme iku siji obahan pulitik kaum Yahudi sing kasebar saindhenging donya supaya bisa bali manèh menyang Wukir Zion, ing ngendi kutha Yerusalem ana. Sacara konkrit obahan iki nduwé don ngedegaké siji nagara kanggo Bangsa Yahudi ing Palèstina. Wewengkon iki soalé jaman mbiyèn iku tanah asal kaya sing tinulis ing Tanakh (Alkitab) lan diarani Tanah Israèl (Ibrani Eretz Yisra'el). Sawisé Israèl umadeg ing taun 1948, obahan Zionis lumanjut dadi nyengkuyung nagara modèrn Israèl.

Prajanjian Lawas
Deuterokanonika
Prajanjian Anyar
Artikel kagandhèng

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.