Paskah

Paskah (Yunani: Πάσχα utawa Paskha[1]) iku riyaya paling wigati sajeroning taun liturgi gréjawi Kristen. Tumrap umat Kristen, Paskah identik karo Yesus, kang déning Paulus sinebut "cempé Paskah"; jemaat Kristen nganti saiki percaya yèn Yesus disalibaké, séda lan dikubur[a], lan ing dina katelu[b] wungu saka antarané wong mati. Paskah ngrayakaké dina wungu Dalem mau lan minangka riyaya kang paling wigati amarga mèngeti prastawa kang paling sakral sajeroning uripé Yesus.

Paskah
Auferstehung Christi
DipèngetiMayoritas umat Kristen
JinisKristen
AncasNgrayakaké Yesus (Isa Almasih) wungu saka séda.
KaraméanKebaktian gréja, bujana kulawarga, golèk endhog Paskah kanggo bocah-bosah lan mènèhi bebungah kanggo wong diwasa (mligi ing AS lan Kanada)
PèngetanDonga, donga pasa, donga sawengi nutuk (mligi tradhisi Wétan), kebaktian ésuk (mligi tradhisi Protèstan AS)
TanggalVariabel, Variabel, date of EasterCithakan:Infobox holiday/wd
Tanggal ing 2019
GegayutanPaskah Yahudi, Pra-Paskah:Rebo Awu, Minggu Palem; Minggu Suci: Kemis Putih, Jemuah Adi, Setu Suci; Mékrad Dalem Yésus, Pentakosta, Minggu Trinitas, lan Corpus Christi ing wuriné.

Réferènsi

  1. Definisi Paskah
Badan Perencanaan Pembangunan Nasional

Badan Perencanaan Pembangunan Nasional, dicekak Bappenas, iku Lembaga pamaréntah Non Departemen Indonésia sing tugasé ngaksanakaké tugas pamaréntahan ing babagan perencanaan pembangunan nasional. Jabatan Kepala Bappenas dijabat sisan déning Mantri Negara Perencanaan Pembangunan Nasional sing wiwit tanggal 7 Dhésèmber 2005 dijabat déning Paskah Suzetta.

Bujana Ndalu

Bujana Pungkasan (ngoko: Bujana Akir) utawi Bujana Ndalu utawi cariyos ingkang dipunparingi tajuk Yesus kembul dhahar Paskah sesarengan murid-murid Dalem déning Lembaga Alkitab Indonésia inggih punika wekdal kembul dhahar pungkasan antawisipun Yesus lan kalihwelas rasul sadèrèngipun séda. Prastawa kasebat dipunserataken ing Matius 26:17-29, Markus 14:12-25, Lukas 22:7-38, lan Yohanes 13:1-38 (ingkang nyerataken ngéngingi Yesus mijiki suku murid-murid Dalem). Bujana pungkasan sampun dados subyèk saking kathah lukisan, ing antawisipun ingkang paling misuwur déning Leonardo da Vinci.

Endhog Paskah

Endhog Paskah ingkang dipundum nalika dinten riyaya Paskah sajatosipun boten kalebet tradhisi gréja utawi Kristen. Wonten nagari Éropah wonten tradhisi kanggé ngrayakaken mangsa-mangsa. Déwa mangsa Semi, ingkang namanipun "Eostre" punika déwa ingkang dipunsembah nalika karaméan "vernal equinox". Nama déwa punika lajeng dipunanggé nama dinten Paskah inggih punika Easter wonten ing basa Inggris. Mangsa semi punika ugi dados pratandha taun ingkang énggal ing nagara ingkang gadhah sekawan mangsa punika.

Nalika abad-abad ingkang sepindhahan, tradhisi punika boten saged dipunéwahi amargi dinten riyaya paskah punika limrahipun dipunrayakaken nalika mangsa semi. Perayaan mangsa semi punika dipunpéngeti kanthi gumbira amargi ninggalaken mangsa dingin ingkang beku amargi boten wonten tetuwuhan ingkang tuwuh. Mangsa dingin dianggep sepi saha mati. Amargi kathah tetuwuhan ingkang sami tuwuh saha kathah sekar ingkang sami mekar, saha kaanan ingkang gumbira ndadosaken kaanan punika jumbuh kanggé maringi bebungah tumrap kanca saha sadulur. Tradhisi mbagekaken endhog Paskah lajeng dipuntampi kaliyan gréja, punika amargi kanggé mengeti mangsa semi ugi amargi endhog Paskah punika nggambaraken kauripan utawi wiji ingkang mangke bakal tuwuh lan ngrembaka ing kauripan.

Endhog Paskah kathah ingkang dihias nganggé warna-warna. Werna abrit punika kanggé simbol rahipun Kristus déné warna ijo punika kanggé simbol tunas-tunas énggal ingkang wiwit tuwuh nalika mangsa semi.

Florida

Florida (IPA: /ˈflɒrɪdə/) iku praja ing Amérikah Sarékat dumunung ing sisih kidul-wétan. Tlatah praja iki racaké awujud jasirah utawa ujung gedhé kanthi Lempongan Meksiko ing sisih kulon lan Samudra Atlantik ing sisih wétan. Florida duwé iklim subtropis; lan ing tlatah sisih kidul iklim tropis. Florida dijenengaké déning Juan Ponce de León, sing ndharat ing jasirah iki tanggal 2 April, 1513, sajeroning Pascua Florida (Spanyol tumrap Paskah kebak kembang utawa Flowery Easter, tegesé mangsa Paskah). Florida iku praja nomer papat paling padhet sing ndunungi Amérikah Sarékat.

Injil

Injil saka basa Arab sing njupuk saka basa Yunani εὐαγγέλιον (euangelion) iku péranganing kitab suci Kristen Alkitab Prajanjian Anyar. Injil iku tegesé "warta apik".

Kitab-kitab Injil ya iku:

Injil Matius

Injil Markus

Injil Lukas

Injil Yohanes

Jemuwah Adi

Jemuwah Adi punika dinten Jemuwah sadèrèngipun Minggu Paskah, dinten pèngetan Panyaliban Yesus Kristus lan sédanipun ing Golgota.

Kanthi dhasar rincèn kitab suci ngéngingi Pangadilan Sanhedrin dhumateng Yesus, lan analisis èlmiah, prastawa panyaliban Yesus sanget mungel dumados ing dinten Jemuwah, nanging tanggal dumadosipun boten dipunmangertosi kanthi cetha, lan akir-akir puniki dipunprakirakaken dumados nalika taun 33 Masehi, déning kalih golongan èlmuwan, lan sadèrèngipun dipunprakirakaken dumados nalika taun 34 Masehi déning Isaac Newton liwat pangètangan slisih-slisih antawisipun kalèndher Yahudi lan kalèndher Julian lan agengipun mbulan sabit.

Kamentrian Perencanaan Pembangunan Nasional Republik Indonésia

Kamentrian Perencanaan Pembangunan Nasional, dicekak Kem PPN, sadurungé diarani "Kamentrian Nagara Perencanaan Pembangunan", iku kamentrian sajeroning Pamaréntah Indonésia kang mbidhangi urusan perencanaan pembangunan nasional. Kem PPN dibawahi Mantri Negara Perencanaan Pembangunan Nasional (Meneg PPN) kang wiwit tanggal 7 Dhésèmber 2005 dijabat déning Paskah Suzetta, lan wiwit 22 Oktober 2009 sajeroning Kabinèt Indonésia Bersatu II diwengku déning: Armida Alisjahbana.

Kemeneg PPN sajeroning nindakaké tugas migunakaké unit organisasi Badan Perencanaan Pembangunan Nasional (Bappenas). Meneg PPN uga sisan dadi Kepala Bappenas.

Minggu Palem

Minggu Palem punika dinten riyaya Kristen ingkang mesthi dhawah ing dinten Minggu sadèrèngipun Paskah. Riyaya punika wonten ing sekawan Ayat, inggih punika Markus 11:1-11, Matius 21:1-11, Lukas 19:28-44 lan Yohanes 12:12-19. Riyadi punika wujud riyadi mlebetipun Yesus dhumateng kitha Yerusalem sadèrèngipun panjenenganipun dipunkisas. Mlebetipun Yesus dhumateng kitha suci utawi Yerusalem wujud perkawis ingkang mirunggan, amargi dumadosipun namung sepindhah salaminipun Yesus gesang. Pupunika sebabipun Minggu Palem dipunsebat pambuka minggu suci, ingkang fokusipun dhumateng minggu pungkasan Yesus ing kitha Yerusalem. Salebetipun liturgi Minggu Palem, umat dipunpérang ron palem lan ruwang gréja dipunpepaki ornamèn palem.

Pananggalan Grégoriyus

Pananggalan Grégoriyus utawa Kalèndher Grégoriyus iku pananggalan wektu sing paling akèh digunakaké ing Donya Kulon. Pananggalan iki siji modhifikasi saka Pananggalan Julius. Sing pisan ngusulaké iku ya dhoktor Aloysius Lilius, saka Napoli, Italia lan dituruti déning Paus Grégoriyus XIII ing titimangsa 24 Fèbruari 1582.

Pananggalan iki digawé amarga Pananggalan Julius digagas kurang akurat, amarga wiwitan mangsa semi (21 Maret) saya maju dadi, parayan Paskah sing wis disarujuki wiwit Konsili Nicea I ing taun 325 ora tepat manèh.

Banjur ing taun 1582, dina Setu 4 Oktober dituti karo dina Minggu 15 Oktober.

Paskah Suzetta

Drs. H. Paskah Suzetta, MBA (miyos ing Bandung, 6 April 1953) inggih punika salah satunggalipun pulitikus Indonésia. Panjenenganipun dipunlantik dados Mantri Negara Perencanaan Pembangunan Nasional (Kepala Bappenas) ing pangowahan (reshuffle) Kabinet Indonésia Bersatu nalika tanggal 7 Dhésèmber 2005, minangka gantosipun Sri Mulyani ingkang dipundadosaken Mantri Kauangan.Sejatosipun sadèrèngipun dipunlantik, Suzzeta punika dados pangarsanipun Komisi XI DPR saking Parté Golongan Karya (Golkar). Panjenenganipun naté dados anggota Komisi IV Fraksi Karya Pembangunan DPR/MPR RI Pusat nalika taun 1992-1997 lan anggota Komisi VIII Fraksi Karya Pembangunan DPR/MPR RI Pusat 1997-1999. Sasanesipun punika, Suzzeta ugi naté dados anggota Pansus RUU Amandemen Bank Indonésia taun 1999-2004. Panjenenganipun punika maratuanipun prèsènter TvOne, Tina Talisa.

Paus Anisetus

Paus Anisetus punika ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (155-166).

Paus Anicétus ya iku Paus teko Gréja Katolik tèko sèkitar 150 sampai sakiwa-tengené 167 (pratélan Vatikan ngutip 150-167 utawo 153-168). Jenengne Yunani kanggo Gak Kekalahake. Dhèwèké ya iku seorang Suriah teko kuto Emesa (modern-dino Homs).

Nurut Irenaeus, iku selama kepausane nya yèn Polikarpus tuwek teko Smyrna, seorang murid Yohanes Penginjil, ngunjungi Roma kanggo ngngomongake karaméan Paskah karo Anicetus. Polycarp lan Gréja-Nya Smirna ngrayakake penysaliban ing dino kang kepapat belas wulan Nisan, kang bertepatan karo Pesach (utawo Paskah) keucul teko dino minggu setelah tanggal iki ceblok, sementara Gréja Roma ngrayakake Paskah ing dino Minggu-dino kerjo Yesus 'ketangian. Keloro ndak setuju ing tanggal kang padha, namung Anicetus ngakui ing St Polikarpus lan Jemaat Smirna keisoan kanggo nahanake tanggal kang mereka kebiasa. Kontroversi ya iku kanggo tumbuh dipanasake ning abad-abad berikutne.

Para sejarawan Kristen Hegesippus uga ngunjungi Roma selama 'Anicetus kepausane. Kunjungan iki sok karan koyok tondo pentingne awal Romawi See.

St Anicetus ya iku Biskop Roma pertama kang ngutuk wulangan sesat karo nglarang Montanisme. Dhèwèké uga aktif nentang Gnostik lan Marcionisme. Nurut Liber Pontificalis, Anicetus ngpedhotake yèn imam ndak dipamitake kanggo ngnduwéi rambut dawa (mungkin amarga Gnostik ngmongkoi rambut dowo).Nurut legenda, St Anicetus kemartiran ing masa pamaréntahan Kaisar Verus Co-Lucius Romawi, namung ndak onok alasan historis kanggo akun iki [3] 16, 17 lan 20 April kabèh karan-sebut koyok tanggal kemodarane,. Namung 20 April saat iki dirayakake koyok dino raya nya Sebelum 1970, tanggal kang dipilih ya iku 17 April.

Paus Telesphorus

Paus Telesphorus punika ngasta kalungguhan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (125-136).

Paus Tèlèsphorus ya iku Paus teko 126 utawo 127 sampèk 136 utawo 137 utawo 138, selama pamaréntahan Kaisar Romawi Hadrian lan Antoninus Pius. Dhèwèké kemedosan Yunani lan lair ing Terranova da Sibari , Calabria, Italia.

Telesphorus kanthi tradhisional diperhitungake koyok biskop Romawi kepitu berturut-turut setelah Saint Peter. The Liber Pontificalis nyebutake yèn dhèwèké wis pertapa suatu (utawo pertapa) biksu sebelum asumsi kantor. Nurut kesaksian Irenaeus (Against Heresies III.3.3), dhèwèké ngderita "mulia" modar syahid. Sanajan paus awal kang paling karan martir olèh sumber koyok Ponificalis Liber, Telesphorus ya iku kang pertama ing sopo Ireneaus, nulis adoh sebelumne, nge'iake gelar iki.

Eusebius (Sajarah Gréja iv.7, iv.14) nempatkan awal kepausane ing taun keloro belas teko pamaréntahan Kaisar Hadrian (128-129) lan nge'iake tanggal kemodarane koyok taun pertama pamaréntahan Antoninus Pius (138-139) .

Ning Martirologi Romawi pestane dirayakake ing tanggal 2 Januari, Gréja Yunani ngrayakake iku ing 22 Fèbruari.

Tradisi Misa Natal tengah bengi, karaméan Paskah ing dino Minggu, kang ngjogo teko pitu minggu-Prapaskah sebelum Paskah lan nyanyian Gloria racaké dicantolake karo Paus nya, namung beberapa sejarawan ngraguake yèn atribusi kesebut akurat.

Sebuah fragmen surat teko Irenaeus ing Paus Victor I selama kontroversi Paskah ing akir abad ing-2, uga diawetake olèh Eusebius, bersaksi Telesphorus iku ya iku kliru siji teko para biskop Romawi kang selalu ngrayakake Paskah ing dino Minggu, duduk ing dino-dino liyo ning seminggu nurut perhitungan Paskah Yahudi. Ndak koyok Victor, piyé, Telesphorus pancet ning persekuthuan karo komunitas-komunitas kang ndak ngmeloki pakulinan iki.

Para Karmelit nghormati Telesphorus koyok santo pelindung order sejak beberapa sumber nggambaraké dhèwèké koyok seorang pertapa kang tinggal ing Gunung Karmel.

Kuto Saint-Telesphore, ing pérangan kulon doyo teko Kanada Quebec provinsi, dijenengi nurut jenengne.

Peken Suci

Peken Suci utawi Minggu Suci (basa Latin: Hebdomada Sancta, utawi ugi dipunsebat Hebdomas Maior (Peken/Minggu Ageng); basa Yunani: Μεγάλη Εβδομάδα, /Megali Evdomada/ (Peken/Minggu Ageng)) salebetipun agami Kristen inggih punika satunggal peken wiwit Minggu Palem (ugi dipunsebat Minggu Sangsara) dumugi Setu Suci/Setu Sepi, ingkang salajengipun dipunterasaken dinten Paskah. Istilah "Peken Suci" langkung umum dipun-ginakaken katimbang "Minggu Suci", amargi wonten karancuan antawisipun "minggu" minangka peken lan "minggu" minangka dinten (éwasemanten ingkang dipunmaksud ing mriki inggih punika "peken", sanès dinten Minggu).

Pentakosta

Pentakosta, uga diéja Pantekosta, (saka Yunani: Πεντηκοστή [ἡμέρα], Pentēkostē [hēmera], "[dina] kaping sèket") iku dina riyaya Kristiani kang mèngeti prastawa Hyang Roh Suci diasokaké marang para rasul ing Yerusalem, kang dumadi 50 dina sawisé Wungu DalemGusti Yésus Kristus. Ing dina Pentakosta, Roh Suci diasokaké selaras karo kang dijanjèkaké Yésus sawisé Mékrad Dalem menyang swarga. Miturut Alkitab, murid-murid Yésus kasil martobataké telung èwu jiwa ing dina mau lan iki kang sinebut lairé gréja mula-mula (Sumber: kitab Para Rasul bab 2). Sadurungé, Pentakosta iku wujud dina riyaya gedhé wong Yahudi kang banjur diadhopsi déning gréja kulon lan gréja wétan.

Pra-Paskah

Salebetipun agami Kristen, mangsa Pra-Paskah (basa Inggris: Lent) inggih punika mangsa ingkang ngrumiyini Paskah. Mangsa puniki nyakup sekawandasa dinten sadèrèngipun Kemis Pethak.

Manawi Paskah punika mèngeti Yesus wungu saking séda sasampunipun pejahipun ing salib, mangsa Pra-Paskah magepokan kaliyan cecawis Peken Suci, ingkang mèngeti kadadosan ingkang nuju dhumateng paukuman Yesus déning Kakaisaran Romawi. Puniki dumados ing taun 29 masehi.

Wonten sekawandasa dinten salebetipun mangsa pra-paskah ingkang dipuntengeri kanthi pantang saking panganan lan kanikmatan, lan tindak keduwung sanèsipun.

Rebo Awu

Salebeting agama Kristen tradhisi kilèn (kalebet Katulik Roma lan Protestanisme), Rebo Awu punika dinten pisanan mangsa Pra-Paskah. Puniki dumados ing dinten Rebo, 40 dinten sadèrèngipun Paskah tanpa ngètang dinten-dinten Minggu utawi 44 dinten (kalebet Minggu) sadèrèngipun dinten Jemuah Adi.

Tanggal-tanggal Rebo Awu ing taun 2006 dumugi 2019:

2006-1 Maret

2007-21 Fèbruari

2008-6 Fèbruari

2009-25 Fèbruari

2010-17 Fèbruari

2011-9 Maret

2012-22 Fèbruari

2013-13 Fèbruari

2014-5 Maret

2015-18 Fèbruari

2016-10 Fèbruari

2017-1 Maret

2018-14 Fèbruari

2019-6 Maret

Setu Suci

Setu Suci utawi Setu Sepi (Latin: Sabbatum Sanctum - "Dinten Sabat Suci") punika dinten sasampunipun Jemuwah Agung lan sadèrèngipun Minggu Paskah. Setu Suci wujud dinten pungkasan salebetipun Peken Suci ingkang dipunriyayaken déning tiyang Kristen minangka cecawisan riyadi Paskah. Dinten Setu Suci mèngeti nalika badan Yesus Kristus dipunsarèkaken ing kubur sasampunipun ing dinten Jemuwah Agung séda kakisas. Minggu énjing (Paskah) Yesus wungu saking séda.

Taun liturgi

Taun liturgi, kang karan uga minangka Taun Kristiani, wujud Kalèndher Kristiani/siklus mangsa liturgi sajeroning gréja-gréja Kristiani kang nemtokaké kapan dinaning para suci, dina pèngetan, lan dina-dina gedhé kudu diriyayakaké sarta pérangan ngendi saka Kitab Suci kang diasosiasikaké karo dina-dina riyaya mau.

Kanggo mangsa kang béda sajeroning setaun liturgi, dipigunakaké warna-warna liturgis kang béda uga. Dina-dina riyaya Gréja Wétan (Gréja Ortodoks Wétan, Gréja Ortodoks Oriental, Gréja-Gréja Katulik Wétan) tiba ing tanggal kang béda karo Gréja Kulon (Gréja Katulik Roma, Gréja Anglikan, Gréja Lutheran, lan Gréja-Gréja Protèstan), sanajan inti riyayané padha.

Kanggo gréja-gréja ing Indonésia kang akèh-akèhé éwoning Gréja Kulon, kalèndher iki uga ora kabèh diriyayakaké déning kabèh dhénominasi Kristen. Gréja Katulik Indonésia ngriyayakaké kabèh dina riyaya kalèndher iki, éwadéné gréja-gréja liyané ana sapérangan kang ora diriyayakaké, ana uga dhénominasi Kristen kang ora ngriyayakaké dina-dina riyaya iki siji waé, contoné Gréja Masèhi Advent Dina Kapitu, Gréja Yésus Sejati, lan Saksi-Saksi Yehuwa. Gréja Protèstan Indonésia upamané, akèh-akèhé mung ngriyayakaké 5 dina riyaya utama, ya iku:

Natal-kalairan Yésus, kanthi tradhisi tanggal 25 Dhésèmber

Jemuwah Adi-séda Dalem Gusti Yésus, 3 dina sadurungé Paskah

Paskah-wungu Dalem Gusti Yésus, tanggalé béda saben taun

Asensi-mékrad Dalem Gusti Yésus, 40 dina sawisé Paskah

Pentakosta-Pangasokan Roh Suci, 50 dina sawisé Paskahsanajan ana sapérangan kang ngriyayakaké Adven, Rebo Awu, lan sapérangan liyané. Gréja ing sanjabané Indonésia luwih manéka manèh, saéngga ora bisa ditarik sawijining patokan saliyané dina-dina riyaya kang umum iki.

Wungu

Werni wungu (Basa Indonésia: ungu) punika campuran werni abrit kaliyan biru. Werni punika saged nglambangaken werni ingkang paling inggil sanget ing antawisipun werni-werni sanès. Saged ugi dipunwastani bilih tiyang ingkang remen werni ungu punika priyantun ingkang inggil.

Werni wungu ugi kasebat werni randha (basa Indonésia: janda).

Ing Gréja Katulik Roma, werni wungu dados alah satunggiling werni liturgis ingkang dipunagem ing mangsa Adven lan Pra-paskah minangka lambang pamartobat .

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.