Monarki

Monarki, asal saka basa Yunani monos (μονος) kang tegesé siji, lan archein (αρχειν) kang tegesé pemeréntah. Monarki iku jinis pemeréntahan kang ndadèkaké Raja dadi Kepala Nagara. Monarki utawa sistem pamaréntahan krajan iku sistem tuwa dhéwé ing donya. Ing wiwitan kurun abad kaping-19, ana punjul 900 singgasana karajan ing donya, nanging mudhun nganti dadi 240 sajeroning abad kaping-20. Ing dekade kawolu abad kaping-20, mung kari 40 takhta waé kang isih ana. Saka gunggung mau, mung papat nagara duwé ratu utawa monarki kang mutlak lan saluwihé kawates nganggo sistem konstitusi.

Bédané ratu lan présidhèn minangka pimpinan nagara ya iku, yèn ratu dadi pimpinan nagara bisa salawasé, nanging yèn présidhèn dadi pimpinan nagara ana mangsane. Nanging ing nagara-nagara fédherasi kaya ta Malaysia, ratu utawa agong mung bisa mimpin suwéné 5 taun. Jaman saiki pamréntahan monarki kang wutuh wis ora ana, anané jaman saiki monarki konstitusional, ya iku ratu kang ana watesé wujud konstitusi. Conto karajan:

  1. Mangkunagaran (Pangeran Adipati)
  2. Kasepuhan (Sultan)
  3. Kanoman (Sultan)
  4. Kacirebonan (Pangeran)
  5. Karajan Pagatan (Pangeran Muda)

Sumber

  • "Darjat tidak datang bergolek", Utusan Online, 15 Fèbruari 2005

Pranala njaba

ESwatini

Karajan eSwatini utawa Karajan Swaziland iku siji nagara cilik ing kidul Afrika kang ora ndarbèni pasisir lan dumunung ana antarané Afrika Kidul ing sisih kulon lan Mozambik ing sisih wétané.

Gubernur-Jéndral

Gubernur Jenderal iku gubernur kanthi pangkat dhuwur, utawa gubernur utama kanthi pangkat sadhuwuring gubernur "biyasa". Gubernur Jenderal kanthi umum ngacu marang pamimpin sing diangkat déning siji monarki kanggo mimpin siji wewengkon tinamtu. Saiki, istilah "Gubernur Jenderal" lumrahé dipigunakaké ing tilas koloni karajan Britania RayaBritania Raya.

Kamboja

Kamboja iku nagara ing Asia Kidul-Wétan. Kutha krajané ya iku Pnom Penh Nagara iki sing ndunungi kurang luwih 14 yuta jiwa lan jembaré ana 181.040 km².

Kanadhah

Kanadhah iku nagara kang dunungé paling lor ing Amérikah Lèr. Minangka nagara fédherasi saka 10 provinsi lan 3 teritori kanthi sistem desentralisasi lan pamaréntahan awangun monarki konstitusional. Didegaké taun 1867 kanthi undhang-undhang Konfederasi.

Kutha krajané ya iku Ottawa. Nagara iki kang ndunungi kurang luwih 30.007.094 (cacah jiwa 2001) lan jembaré ana 9.984.670 km². Kanadhah éwoning nagara maju lan ékonominé gumantung mligi marang kasil alam kang akèh banget.

Karajan

Kraton utawa Karajan tembung iki dijupuk saka tembung lingga ratu olèh andhahan angka tuwin -an dadi Karaton. Tembung iki uga padha karo kedhaton sing tembung linggané wujud dhatu. Kraton ya iku wangun (wewengkon) nagara sing didhawuhi déning Raja, Ratu utawa Maharaja. Wangun nagara kraton iki sing sepuh dhéwé ing donya lan nganti saiki isih akèh nagara-nagara sing nganggo wangun nagara iki.

Wangun nagara kraton utawa monarki iki nduwé akèh jinisé. Watara liya Kraton absolut, Kraton konstitusional barang ana Kraton demokratis. Ing tlatah Jawa, tatembungan kraton wis ana saka biyèn. Nalika jaman Kediri barang Majapait, ing pirang-pirang naskah kuna, nembungake tatembungan kraton. Tuladha kraton sing isih ana nganti saiki ana ing tlatah Jawa ya iku Kraton Yogyakarta, Kraton Surakarta, lan Kraton Cirebon. Saliyané iku wis dadi dongèng jaman biyèn baé.

Karajan Manunggal

Karajan Manunggal utawa pepaké Karajan Manunggal Britania Agung lan Irlandia Lor (Inggris: United Kingdom of Great Britain and Northern Ireland) iku nagara ing bawana Éropah. Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 56 yuta. Kutha krajané iku London. Nagara iki kerep diarani Inggris, nanging sajatiné aran iki kurang cocog amarga Inggris iku praja utawa diarani Home Nation ing basa Inggris.

Khalifah

Khalifah iku sesebutan kanggo panguwasa sawisé Muhammad séda. Khalifah, manut tetembungané, nduwé arti "sesulih." Khalifah kang kondhang ana papat, ya iku Abu Bakar As Shidiq, Umar bin Khattab, Utsman bin Affan, lan Ali bin Abi Thalib. Khalifah papat iki asring sinebut Khulafaur Rasyidin. Sabubaré Khulafaur Rasyidin, ing jagad pamaréntah Arab dukuwasani déning Wangsa (Bani) Umayyah lan Wangsa Abbasiyah, banjur diterusaké Wangsa Utsmaniyyah. Nanging, kaanan sabubaré Khulafaur Rasyidin akèh dendra sairing karo thukuling prabédan kapitayan lan adu kuwasa.

Kanggo Singah, kang pantes lungguh dadi Khalifah ya iku Ali bin Abi Thalib. Dhasaré, Muhammad naté wasiat supaya kang nggantèkaké kapamimpinan iku Ali kang isih pernah sepupu lan uga mantu Kanjeng Nabi. Sing layak mimpin iku Ahlul Bayt utawa kulawarga Muhammad lan dipercaya maksum (kalis ing dosa).

Khalifah, mligi jaman Khulafaur Rasyidin dadi punjering kawicaksanan sawatara urusan agama lan pamaréntahan. Pamilihané ora ana kang gumathok. Nalika Abu Bakar diangkat, kalungguhan khalifah ditemtokaké kanthi pamilihan lan banjur dibaiat. Déné, Abu Bakar banjur nunjuk Umar bin Khattab dadi khalifah sabanjuré. Mula nalika Abu Bakar séda, Umar kang dadi khalifah. Umar ora nunjuk sapa-sapa. Nalika séda, para tokoh pilihan dikumpulaké lan milih Utsman bin Affan. Sawisé Utsman tilar donya, Ali bin Abi Thalib kang madeg khalifah.

Dendra ing Arab dadi gedhé nalika Muawiyyah mbalela. Ali bin Abi Thalib kesingkir. Muawiyyah ngedegaké Wangsa Umayyah. Sawisé Wangsa Umayyah nyekel kuwasa, kalungguhan khalifah kaya déné ing karajan utawa monarki kang diwawas saka keturunan. Semono uga jaman Abbasiyah lan Utsmaniyah.

Kuwait

Kuwait iku nagara monarki kang sugih lenga ing pasisir Lempongan Pèrsi, Wétan Tengah. Nagara iki wewatesan karo Arab Saudi ing sisih kidul lan Irak ing sisih lor. Jeneng 'Kuwait' asalé saka tembung Arab kang tegesé "bètèng kang dibangun cedhak banyu".

Liechtenstein

Kapangèranan Liechtenstein iku nagara cilik kang kakurung daratan. Nagara iki papané ana ing sisih wétan Kali Rhein, antara nagara Austria lan Swiss. Kabèh urusan ngamanca nagara kang basa Jerman iki diurus déning Swiss. Liechtenstein ngandhalaké pangolèhan saka sektor pariwisata, mligi saka pangadolan prangko.

Mahamantri

Mahamantri ya iku ketua mantri utawa sawenèh wong kang ngepalani siji kabinèt ing sawiji nagara ing sistem parlemèntèr. Lumrahé dijabat déning pulitikus, sanadyan ing sawatara nagara, mahamantri dijabat déning militèr. Ing sawatara sistem, mahamantri duwé hak milih lan ngganti anggota kabinèté, lan mènèhi alokasi kalungguhan mau marang wong kang dipilih.

Niu Sélan

Selandia Anyar utawa Niu Sélan kang sajeroning basa Maori karan Aotearoa (tegesé Lemah Mega Putih Dawa), iku siji nagara kapuloan ing kidul-kulon Samudra Pasifik ing kidul-wétan Australia. Nagara iki dumadi saka loro pulo gedhé ya iku (Pulo Lor lan Pulo Kidul) lan sawatara pulo cilik liyané. Niu Selan iku nagara dhémokrasi parlementer lan siji wewengkon Persemakmuran Britania (Commonwealth Realm). Niu Selan duwé tanggung jawab tumrap nagara pamaréntah-dhéwé Kapuloan Cook lan Niue sarta ngatur Tokelau lan Dependensi Ross.

Jeneng Niu Selan dijupuk saka provinsi Zeeland ing Walanda. Jeneng iki diwènèhké déning Albert Tasman, panjelajah saka Walanda.

Nurwègen

Karajan Nurwègen utawa Kongeriket Norge/Noreg sajeroning basa Nurwègen ya iku nagara Nordik ing Ujung Skandinavi pérangan pucuk kulon lan wewatesan karo Swèdhen, Finlan, lan Ruslan. Pasisirné kang dumunung ing Samodra Atlantik Lor minangka lokasi fyord kang misuwur. Svalbard lan Jan Mayen ana ing ngisor kadhaulatan Nurwègen dhedhasar Traktat Svalbard.

Népal

Républik Féderal Démokratis Népal (Sanghiya Loktāntrik Ganatantra Nepāl) iku siji nagara ing Asia Kidul. Nepal ana ing Asia Kidul, wewatesan kaliyan Républik Rakyat Tiongkok (Laladan Otonomi Tibet) ing sisih lor lan India ing kulon, wétan, lan kidul.

Nepal mardika saka Inggris tanggal 21 Dhésèmber 1923. Sadurungé, nagara sing mapan ing Himalaya iki duwé status protektorat sawisé dikalahaké Inggris ing perang taun 1815. Taun 1990, Nepal ngowahi sistem pamréntahanné dadi monarki konstitusional. Taun 2008 Nepal ngowahi sistem pamarentahe dadi republik.

Ostrali

Ostrali iku salah sawiji nagara gedhé ing kidul. Kutha krajané ya iku Canberra. Sing ndunungi kira-kira ana 20 yuta. Ostrali gadhah nagara tanggané antarané ing sisih lor Indonésia, Timor Wétan, lan Papua Nugini, ing sisih lor-wétan Solomon Islands, Vanuatu, lan Kaledonianyar lan ing sisih kidul-wétan Selandianyar.

Dharatan Ostrali wis didunungi manungsa punjul 42,000 taun déning Padunung asli. Sawisé ditekani kanthi sporadis déning para warigaluh saka lor lan sabanjuré tinemu déning wong Éropah ya iku panjelajah Walanda ing taun 1606, saparo tlatah pérangan wétan sabanjuré di akoni déning Karajan Inggris ing taun 1770 lan wiwitané kanggo nampung wong ukuman penal transportation minangka péranganing koloni New South Wales, wiwit tanggal 26 Januari 1788.

Nalika cacahing kang ndunungi tansaya akèh, tlatah anyar wiwit dibukak ing abad angka 19, ya iku lima laladan otonom koloni Inggris.

Ing tangal 1 Januari 1901, enem koloni gabung dadi fédherasi, lan Persemakmuran Ostrali banjur kawangun. Wiwit dadi fédherasi, Ostrali nganut sistem pulitik dhémokrasi liberal lan tetep sajeroning Kasaraharjan utawa Commonwealth realm. Kutha krajané ya iku Canberra, dumunung ing Australian Capital Territory (ACT). Sing ndunungi ana 21 yuta jiwa, lan akèh-akèhé ngumpul ing kutha-kutha Sydney, Melbourne, Brisbane, Perth, lan Adelaide.

Pamaréntah

Dedhawuh ya iku paguyuban sing duwé kadigdayan kanggo gawé lan nerapaké hukum sarta undhang-undhang ing wewengkon tinamtu. Ana sawatara dhéfinisi ngenani sistem padhawuhan. Uga ana warna-warna jinis padhawuhan ana ing donya. Tuladha: Républik, Monarki / Karajan, Persemakmuran (Commonwealth). Saka wangun-wangun utama mau, ana rupa-rupa cabang, kaya ta: Monarki Konstitusional, Dhémokrasi, lan Monarki Absolut / Mutlak.

Prancis

Républik Prancis utawa Parangakik (basa Prancis: République française, Walanda: Frankrijk) iku nagara gedhé ing Éropah. Kutha krajané Paris. Saliyané ing dharatan Éropah, wewengkoné uga nyakup sawatara pulo lan wewengkon ing bawana liya. Prancis Metropolitan mbentang saka Segara Tengah nganti Selat Inggris lan Segara Lor, sarta saka Kali Rhein nganti Samudera Atlantik. Wangun wewengkon iki wujudé segi enem saéngga diparabi l'Hexagone ("Sang Segienem").

Ing dharatan, Prancis diwatesi déning Belgi, Luxemburg, Jerman, Switserlan, Itali, Monako, Andorra, lan Sepanyol. Prancis lan Inggris digayutaké déning Trowongan Channel kang nembus dhasar Selat Inggris. Ing jaba wewengkon metropolitané, Prancis uga nduwé wates karo Brasil, Suriname, lan Antillen Walanda.

Républik iki nganut dhémokrasi kang nganut sistem semi-presidensial. Idhe-idhe pokok kamot sajeroning La Déclaration des droits de l'Homme et du citoyen (Dheklarasi hak manungsa lan warga). Minangka telu nagara gedhé ing Uni Éropah bebarengan karo Karajan Manunggal lan Jerman, Prancis minangka salah siji pangadeg Uni Éropah lan minangka anggota kanthi jembar wewengkon kang paling amba. Prancis uga minangka salah siji pangadeg Perserikatan Bangsa-Bangsa kang dadi salah siji anggota tetep Dewan Keamanan PBB kang nduwé hak véto.

Prancis misuwur kanthi jagad adibusana (fashion), roti, anggur, musik, sepur super rikat TGV, lan resor-resor ski ing Pagunungan Alpen, cedhak tapel wates karo Switserlan. Jeneng "Prancis" marisi jeneng sawijining karajan Jermanik kang wewengkoné tau nyakup laladan iki sawisé runtuh Kasésaran Ngerum, ya iku karajan Franka.

Présidhèn

Présidhèn (Latin: prae-sadurungé lan sedere-nglungguhi) iku jeneng kalungguhan kang dipigunakaké kanggo pimpinan siji organisasi, parusahan, pandhidhikan dhuwur, utawa nagara. Wiwitané, istilah iki dipirgunakaké kanggo siji wong kang mimpin acara utawa rapat (ketua); nanging banjur kanthi umum dadi istilah kanggo wong kang duwé kakuwasan èksekutif. Luwih spésifik, istilah "Présidhèn" dipigunakaké kanggo kepala nagara siji républik, kang dipilih kanthi langsung, utawa ora langsung.

Républik

Républik iku nagara sing dipanggedhèni déning présidhèn. Présidhèn iku wakil rakyat sing dipilih ora sing ngwarisi kalungguhan saka wong tuwané.

Tembung républik iku dijupuk saka basa Latin: res publica (urusan umum).

Tsar

Tsar (basa Bulgaria цар, basa Rusia царь, rungakna ; sok-sok uga diéja Czar utawa Tzar), iku gelar kanggo pamimpin Kakaisaran Pisanan lan Kapindho Bulgaria wiwit taun 913, ing Serbia nalika patengahan abad kaping-14, lan ing Rusia wiwit taun 1547 nganti taun 1917 (sanajan panggunaané kanthi tèknis mung pas nganti taun 1721).

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.