Kulon

Kulon iku arah mata angin. Ing peta, arah iki biyasa anané ing sisih kiwa.

Lawan arah kulon ya iku Wétan.

Compass Rose English West
Kompas nuduhaké arah kulon

Uga delengen

  • Kradenan, Ambal, Kebumen

Wates pérangan :

  • Lor Deso Prasutan
  • Wétan Deso Sidomulyo
  • Kidul Deso Ambarwinangun
  • Kulon Deso Surobayan
Désa

Cithakan:Wewengkon administratif pamaréntahan Indonésia

Désa, miturut dèfinisi universal, ya iku aglomerasi panggonan ing karang padésan (rural). Ing Indonésia, istilah désa iku kanggo wewengkon administratif ing Indonésia sing ana ing ngisoré kacamatan lan dipandégani déning Kepala Désa. Kepala Désa iku racaké diarani Lurah.

Wiwit lumakuné otonomi laladan istilah désa bisa karan mawa jeneng liya, upamané ing Sumatra Kulon karan nagari, lan ing Papua lan Kutai Kulon, Kalimantan Wétan karan kampung. Semana uga kabèh istilah lan institusi ing désa bisa karan kanthi jeneng liya miturut karakteristik adat désa mau. Bab iki dadi pangaku lan pangajining pamaréntah marang mula buka lan adat enggonan.

Indonésia

Indonésia, resmine Républik Indonésia (basa Indonésia: Republik Indonesia), iku sawijining nagara berdaulat transkontinéntal dumunung mligi ing Asia Kidul-Wétan karo sawatara tlatah ing Oséania. Dumunung ing antarané Samodra Hindia lan Pasifik, iku nagara kapuloan gedhé dhéwé ing donya, kanthi punjul telulas èwu pulo. Indonésia nduwé kira-kira populasi liwat 258 yuta wong lan nomer papat nagara paling akèh populasiné ing donya, nagara Austronésia paling akèh populasiné, uga nagara mayoritas Muslim paling akèh populasiné. Pulo paling padhet sa donya Jawa ngandhut punjul setengah saka populasi.

Wangun pamaréntahan republik Indonésia kalebu législatur lan Présidhèn kapilih. Indonésia duwé 34 provinsi, kang lima duwé status administratif mirunggan. Kutha krajan lan paling akèh kang ndunungi yakuwi Jakarta. Nagara duwé tapel wates karo Papua Nugini, Timor Wétan, lan Malaysia sisih wétan. Nagara tanggané kalebu Singapura, Filipina, Australia, Palau, lan tlatah India Kapuloan Andaman lan Nicobar. Indonésia iku sawijining anggota pangadeg ASEAN lan anggota saka ékonomi utama G-20. Ékonomi Indonésia iku peringkat 16 PDB nominal donya lan gedhé dhéwé angka 8 PDB ing PPP.

Kapuloan Indonésia wis tlatah wigati ing padagangan wiwit ing paling ing abad kaping 7, nalika Sriwijaya lan banjur mengko Majapahit dagang karo Tiongkok lan India. Panguwasa lokal nggunakaké modhèl budaya, agama lan pulitik manca saka awal abad Masèhi, lan karajan Hindhu lan Buda ngrembaka. Sajarah Indonésia wis diprabawai déning kakuwasan manca kepincut karo sumber daya alam Indonésia. Pedagang Muslim lan sarjana Sufi nggawa Islam kang saiki dominan, sawatara kakuwasan Eropah nggawa Kristen lan perang siji liyané kanggo monopoli dagang ing Kapuloan Maluku ing Jaman Penjelajahan. Sawisé telung lan setengah abad kolonialisme Walanda wiwit Amboina lan Batavia, lan pungkasanipun kabèh kapuloan kalebu Timor lan Papua Kulon, ing kaping diselani déning kakuwasan Portugis, Prancis lan Inggris, Indonésia mardika sawisé Perang Donya II. Sajarah Indonésia kang wis wiwit ora tenang, karo tantangan bencana alam, raja pati massa, korupsi, separatisme, prosès démokratisasi, lan pèriode saka owah-owahan ékonomi kanthi rikat.

Indonésia dumadi saka atusan golongan ètnis lan linguistik asli. Golongan ètnis gedhé dhéwé – lan dominan ing pulitik – ya iku Jawa. Idèntitas nasional wis dikembangaké, dikukuhaké déning basa nasional, karagaman etnik, pluralisme agama ing populasi mayoritas Muslim, lan sajarah kolonial lan kraman marang iku. Sesanti nasional Indonésia, "Bhinneka Tunggal Ika" ("séjé-séjé nanging ajeg manunggal"), nuduhaké karagaman kang nagara. Sanajan populasi gedhé lan tlatah padhet kang ndunungi, Indonésia duwé tlatah jembar ara-ara samun kang njurung karagaman hayati tingkat paling dhuwur kaping pindho ing donya. Indonésia duwé sumber daya alam kalubèran kaya lenga lan gas bumi, timah, tembaga lan emas. Pertanian mligi mrodhuksi beras, tèh, kopi, bumbon crakèn lan karèt. Partner dagang utama Indonésia ya iku Jepang, Amérikah Sarékat lan nagara tangga Singapura, Malaysia lan Australia.

Jawa Kulon

Jawa Kulon utawa (basa Indonésia:Jawa Barat), iku provinsi Indonésia kang dunungé ana kuloné Provinsi Jawa Tengah. Provinsi iki minangka papan kang kang ndunungi wong Sundha né manggon paling akèh kanthi rélatif.

Kabupatèn Bojanegara

Kabupatèn Bojanegara, (cara Indonésia: Bojonegoro, Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦨꦗꦤꦼꦒꦫ, Pegon: كَبُڤَتَينْ بَوْجَونٚغَرَ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Bojanegara iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané: Padangan, Kalitidu lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 2.384,02 km² utawa hèktar.

Kabupatèn iki wewatesan karo Kabupatèn Tuban ing sisih lor, Kabupatèn Lamongan ing isih wétan, Kabupatèn Nganjuk, Kabupatèn Madiun, lan Kabupatèn Ngawi ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Blora (Jawa Tengah) ing sisih kulon. Pérangan kulon Bojanegara (tapelwates karo Jawa Tengah) wujud péranganing Blok Cepu, salah siji sumber deposit lenga patra gedhé dhéwé ing Indonésia.

Kabupatèn Kotabaru

Kabupatèn Kotabaru iku kabupatèn ing Provinsi Kalimantan Kidul, Indonésia. Kutha krajan kabupatèn iki dumunung ing Kotabaru kang mlebu Kacamatan Pulau Laut Lor. Kabupatèn iki uga salah siji kabupatèn kang wis ana ing jaman provinsi Kalimantan dhisik. Ing jaman Londo dadi Afdeeling Pasir en de Tanah Boemboe kang kutha krajané ana ing Kotabaru. Kabupatèn iki nduwè sesanti: "Sa-ijaan" (basa:Banjar), kang artiné Semufakat satu hati dan se-iya sekata (basa:Indonésia).

Kabupatèn Kotawaringin Kulon

Kabupatèn Kotawaringin Kulon iku kabupatèn ing Provinsi Kalimantan Tengah, Indonésia. Kutha krajan kabupatèn iki dumunung ing Pangkalan Bun, kurang luwih 450 km saka Kutha Palangka Raya kutha krajan Provinsi Kalimantan Tengah. Kabupatèn iki nduwè sesanti "Marunting Batu Aji"

Kabupatèn Lamandau

Kabupatèn Lamandau iku kabupatèn ing Provinsi Kalimantan Tengah, Indonésia, pamekaran saka Kabupatèn Kotawaringin Kulon miturut UU Nomor 5 taun 2002. Kutha krajan kabupatèn iki dumunung ing Nanga Bulik, kabupatèn iki nduwè sesanti Bahaum Bakuba, sing artiné: Musyawarah Mufakat. Jeneng Lamandau duwé arti Panggonan kanggo pinuju kejayaan.

Kabupatèn Malang

Kabupatèn Malang (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦩꦭꦁ, Pegon: كَبُڤَتَينْ مَلَڠْ), iku kabupatèn ing Provinsi Jawa Wétan, Indonésia. Kutha krajané Kepanjen. Kabupatèn iki wewatesan karo Kabupatèn Jombang, Kabupatèn Majakerta, Kutha Batu, lan Kabupatèn Pasuruan ing sisih lor, Kabupatèn Lumajang ing sisih wétan, Samodra Hindia ing sisih kidul, lan Kabupatèn Blitar lan Kabupatèn Kadhiri ing sisih kulon. Sabagéyan gedhé wewengkoné mujudaké pagunungan sing hawané seger, Malang misuwur minangka laladan jujugan plesiran utama ing Jawa Wétan.

Kabupatèn Purbalingga

Kabupatèn Purbalingga iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih kulon, kutha Purbalingga iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 777,65 km² utawa hèktar.

Kabupatèn Temanggung

Kabupatèn Temanggung iku kabupatèn ing Jawa Tengah. Kutha Temanggung iku kutha krajané kabupatèn iki. Jembaré wewengkon kabupatèn iki ± 870,25 km² utawa 87.025 hèktar. Kabupatèn iki wewatesan karo Kabupatèn Kendhal ing sisih lor, Kabupatèn Semarang ing sisih wétan, Kabupatèn Magelang ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Wanasaba ing sisih kulon.

Kabupatèn Tuban

Kabupatèn Tuban iku kabupatèn ing Jawa Wétan, Indonésia. Kutha Tuban iku kutha krajan kabupatèné. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.839,94 km².

Kutha Semarang

Kanggo artikel ngenani Kabupatèn Semarang, pirsani Kabupatèn SemarangKutha Semarang (Jawa: ꦑꦸꦛꦯꦼꦩꦫꦁ) iku kutha krajan Provinsi Jawa Tengah uga kutha gedhé dhéwé ing provinsi iki. Ing Indonésia Kutha Semarang dadi kutha nomer lima kanthi Padunung kang wis tekan 2.067.254 cacah jiwa, mung kalah karo Jakarta, Surabaya, Bandung, lan Medan. Kutha iki dumunung watara 466 km sisih wétan Jakarta, utawa 312 km sisih kuloné Surabaya lan 624 km sisih kidul-kuloné kutha Banjarmasin (via udara). Semarang wewatesan ing sisih lor karo Segara Jawa, ing sisih wétan karo Kabupatèn Demak, ing sisih kidul karo Kabupatèn Semarang lan ing sisih kulon karo Kabupatèn Kendhal.

Kutha Surabaya

Kutha Surabaya iku kutha krajané Provinsi Jawa Wétan, Indonésia. Jembar wewengkoné watara 274,06 km². Kutha iki kutha gedhé urut loro sawisé Jakarta. Nanging, yèn Jakarta dipérang miturut wewengkon administratif ya iku Jakarta Pusat, Jakarta Lor, Jakarta Kidul, Jakarta Wétan, Jakarta Kulon, lan Kapuloan Seribu, Surabaya ora. Mula, ngélingi tunggalé wewengkon administratif, Surabaya bisa ingaran kutha sing gedhé dhéwé sa-Indonésia. Surabaya uga minangka papané kumpul para sudagar saka bang tengah lan wétan Indonésia. Présidhèn Indonésia kapisan, ya iku Soekarno, miyos ing kutha iki.

Kutha Tegal

Kutha Tegal iku kutha ing Jawa Tengah. Kutha iki naté dadi cikal-bakal ngadeke Korps Marinir kaya déné kang kacathet ing Pangkalan ALRI Tegal kanthi aran Corps Mariniers, tanggal 15 November 1945. Kutha Tegal winatesan karo Kabupatèn Brebes ing sisih kulon, Laut Jawa ing sisih lor, lan Kabupatèn Tegal ing sisih wétan. Wetone Kutha Tegal ya iku 12 April 1580.

Nurwègen

Karajan Nurwègen utawa Kongeriket Norge/Noreg sajeroning basa Nurwègen ya iku nagara Nordik ing Ujung Skandinavi pérangan pucuk kulon lan wewatesan karo Swèdhen, Finlan, lan Ruslan. Pasisirné kang dumunung ing Samodra Atlantik Lor minangka lokasi fyord kang misuwur. Svalbard lan Jan Mayen ana ing ngisor kadhaulatan Nurwègen dhedhasar Traktat Svalbard.

Pratélan kabupatèn lan kutha ing Indonésia

Kaca iki isi pratélan kabupatèn lan kutha ing Indonésia.

Pratélan provinsi ing Indonésia

Indonésia saiki ketata saking 33 provinsi sing racaké kasil pemekaran-pemekaran saking provinsi induk. Awale ing Indonésia ana 8 provinsi ya iku: provinsi Sumatra, Jawa Kulon, Jawa Tengah, Jawa Wétan, Kalimantan, Sulawesi, Nusa Tenggara utawa Sunda Cilik lan Provinsi Maluku.Taun 1976 wewengkon Timor Wétan gabung dadi salah siji provinsi ning akhire misah dadi nagara mahardhika taun 1999.

Sistem koordhinat géyografis

Sistem koordhinat géyografis kanggo nggambaraké titik posisi ing pasuryaning Bumi kang sarujuk karo koordinat garis lintang lan garis ujur.

Garis lintang ya iku garis vèrtikal sing nanda'ake sudut antara salah siji titik karo garis katulistiwa. Titik ing sisih lor garis katulistiwa iku diarani Lintang lor, titik ing sisih kidul katulistiwa iku diarani Lintang kidul.

Garis bujur utawa sing horizontal iku nanda'ake sudut antara salah siji titik karo titik nol ing Bumi. Titik nol iku ing Greenwich, London Britania Raya sing dianggep titik bujur 0 utawa 360° sing wis dadi aturan internasional. Titik ing sisih kulon bujur 0° diarani Bujur kulon sawatara titik ing sisih wétan 0° diarani Bujur wétan.

Kabèh titik-tititk lokasi ing Bumi iku bisa digambaraké nganggo gabungan sistem pangukuran lintang lan bujur.

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.