Kul

Kul uga diarani kubis, kobis, kobis bunder. Kul duwé jeneng latin Brassica oleracea L.[1] Tuwuhan iki kalebu kalompok Capitata.[1] Kul dimanfaatké godhongé kanggo sayuran. Godhong kul kasusun urut mbentuk bunderan utawa bunderan kan trepes.[1] Bunderan iki diarani krop, kop utawa kepala déné capitata tegesé berkepala.[1] Kul asalé saka Éropah Selatan lan Éropah Barat.[1] Kol dianggep asil saka pemuliaan kubis alasan B. oleracea var. sylvestris.[1]

Jeneng kubis dijupuk saka basa Perancis, chou cabus kang tegesé kubis kepala.[1] Kol dikenalké wong Éropah kang manggon ing Hindia-Walanda. Jeneng kul dijupuk saka basa Walanda kool.[1]

Kubis
Cabbage and cross section on white
"Kubis bunder"/krop kubis lan irisan
Species Brassica oleracea
Cultivar group Kelompok Capitata
Origin pasisir Laut Tengah pérangan wétan, abad kapisan ing Masehi
Cultivar group members Lihat teks

Sauerkraut

Sauerkraut ya iku kol asem.[1] Panganan iki kalebu panganan khas Jerman kang bahan dhasaré digawé saka kul.[1] Sauerkaut digawé saka kul kang diiris alus lan difermentasi karo baktéri asem laktat kang dumadi nalika gula ing sayuran diferméntasi.[1]

Kena ing Guna

Kul duwé khasiat kanggo kaséhatan.[2] Kul bisa kanggo tamba lelara kulit, tatu utawa nyeri ing kulit amarga dicokot gegremet utawa kebakar, jerawat, pecah kulit, bisul, infeksi, lan aboh.[2] Mangan kul mentah kang cacahé 25-30 gram kanggo lalapan utawa digodhog bisa kanggo njaga kaséhatan awak.[2] Kul ngandhut zat aktif kaya ta sulforafan lan histidine.[2] Zat iki bisa ngalang-alangi thukulé tumor, ncegah kanker lan rektun, detoksikasi senyawa kimia kang mbebayani, kaya ta kobalt, nikel, tembaga kang luwih ing awak, lan ngundhakaké daya tahan awak kanggo nglawan kanker.[2] Kol uga ngandhut asem amino lan sulfur kang duwé khasiat kanggo ngurangi kolésterol, nenangaké saraf, lan ngundhakaké ènergi.[2]

Cthetan suku

  1. a b c d e f g h i j k today.co.id(dipunundhuh tanggal 6 Juni 2011)
  2. a b c d e f cangkruk.com(dipunundhuh tanggal 6 Juni 2011)
Antosianin

Antosianin (basa Inggrisé: anthocyanin, saka gabungan tembung Yunani:anthos = "kembang", lan cyanos = "biru") ya iku pigmen kang bisa nyampur karo banyu kanthi alamiah ing saben tuwuhan. Manut jenengé, pigmen iki mènèhi warna ing kembang, woh-wohan, lan godhong tetuwuhan ijo, lan wis akèh digunakaké minanga pewarna alami ing prodhuk panganan. Werna mau saka antosianin kang kasusun déning ikatan rangkap terkonjugasi kang dawa, mula bisa nyerep cahya ing rentang cahya kang katon. Sistem ikatan rangkap terkonjugasi iki uga bisa ndadèkaké Antosianin minangka antioksidan kanthi mékanisme penangkalan radikal.Antosianin minangka sub-tipe senyawa organik saka kulawarga flaonoid, lan minangka anggota golongan senyawa kang luwih gedheéya iku polifenol.

Pirang-pirang senyawa antosianin kang paling akèh tinemu ya iku pelargonidin, peonidin, sianidin, malvidin, petunidin, dan delfinidin.Akèh-akèhé tuwuhan ngandhut antosianin sing gedhé dhéwé ana ing wohé. Tuwuhan liyané kaya ta tèh, kakao, serealia, buncis, kul lan petunia uga ngandhut antosinin ing pérangan awak saliyané ing wohé. Anggur minangka woh kang paling akèh dimanfaataké mnangka sumber antosianin amarga pigmèn mau lumayan gedhé kang ana ing kulité. Mula, kulit anggur sisa saka pabrik wine kang kerep diklumpukaké manèh kanggo dièkstraksi antosianin karo pelarut kang asipat asem.

Champon

Champon (ちゃんぽん, Champon?) (chanpon) utawa Nagasaki champon ya iku mi godhog khas kutha Nagasaki. Champon minangka variasi saka mi godhog cara Tionghoa. Bahan nggawene ya iku daging babi, panganan laut kang isih usum, kamaboko, lan janganan (kul, tauge) digongso karo gajih babi. Banyu kaldu saka campuran balung babi utawa balung pitik ditambahake kanggo nggodhog mi nganti empuk. Ing Koréa, masakan kang meh padha karo chmampon diarani Jjampong (짬뽕), lan dimasak nganggo tambahan lombok. Ing Okinawa, champon tegesé sapiring sega salawuhe.

Gedhang

Gedhang [gədʰaŋ] kalebu tuwuhan woh-wohan kang asalé saka tlatah Asia Kidul-Wétan kalebu Indonésia.

Gedhang banjur ditandur uga ing Afrika utawa Madagaskar, Amérika Kidul lan Amérika Tengah. Ing

Jawa Barat, gedhang diarani Cau, lan ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan, yèn ngoko jenengé gedhang lan yèn krama jenengé pisang.Gedhang bisa diklasifikasèkakè dadi papat, ya iku:

Gedhang bisa dipangan tanpa dimasak dhisik. Kayata M. paradisiaca var Sapientum, M. nana utawa M. cavendishii, M. sinensis. Kayata gedhang ambon, susu, raja, cavendish, barangan, lan mas.

Gedhang kang dipangan sawisé wis digodhog, kaya ta M. paradisiaca formatypica, diarani uga M. paradisiaca normalis, Kayata pisang nangka, tanduk lan kêpok.

Gedhang kang ana wijiné, ya iku M. brachycarpa. Ing Indonesia,gedhang jinis iki kang digunakaké mung godhongé,kaya ta gedhang batu utawa klutuk.

Gedhang kang dijupuk seraté, umpamané gedhang manila (abaca).Gedhang duwé akèh gizi kanggo keséhatan. Gedhang yèn mateng rasané lêgi. Lumrahé kandhutané gizi ing saben woh gedhang mateng ya iku 99 kalori, protéin 1,2 gram, lêmak 0,2 gram, karbohidrat 25,8 mg, sêrat 0,7 gram, kalsium 8 mg, fosfor 28 mg, bêsi 0,5 mg, vitamin A 44 RE, vitamin B 0,08 mg, vitamin C 3 mg lan banyu 72 gram. Gêdhang bisa gawé séhat, mulané gedhang bisa dipangan saben dina kanggo buah.

Gedhang salah sawijiné woh-wohan kang akèh sêrat. Gedhang ngandhut lemak mung sithik lan gampang dicérna. Karbohidrat ing gedhang kurang luwih ana 23-35%, lêmak 0,2% lan nduwé bahan nabati liyané, Gêdhang uga bébas kolésterol. Gedhang 100 gram duwé 120 kalori, gêdhang uga duwé kalium, magnésium, sélénium, bêsi lan vitamin. Gedhang uga bébas natrium. Gedhang ngandhut vitamin B-6 kanggo kaséhatan méntal lan kaséhatan. Kurang vitamin B-6 bisa nggawé wong gampang kesel, gampang nesu lan angèl turu. Gedhang uga bisa nglancaraké buang air besar lan nyêgah kankêr usus besar, amarga gedhang akèh seraté. Saben gedhang nduwé 467 mg kalium.

Gurukul

Gurukul (Sansekerta guru "guru" utawi "master"; domainipun kul, saking kula, "kulawarga ingkang ageng") inggih punika jinisipun sekolah ing India, manggenipun ing ngalam, kanthi murid ingkang urip sesarengan kaliyan ara-araipun, urip sesarengan kaliyan ara-araipun, asring ing griya ingkang sami.

Wonten ing gurukul, muridipun manggén sesarengan kathi sami (drajatipun), boten ningali status sosialipun, sinau dhateng guru lan mbiyantu guru ing pagesangan saben dintenipun, ugi nyambut damel ingkang biyasa kemawon, kados ta ngumbahi, masak, lan sanèsipun.

Tradisi guru-shishya (murid) punika tradisi ingkang suci wonten ing agami Hindhu, ugi ing pakempalan agami sanès ing India, kados Jainisme, Buda, lan Sikhisme.

Limrahipun, guru boten nampi upah saking murid ingkang sinau dhateng piyambakipun. Ing pungkasanipun studi, murid nawaraken dakshina sadéréngipun nilaraken ashram. Gurudakshina punika sikap tradhisional, raos urmat lan panuwun, ingkang kadosipun meksa, nanging ugi dados tugas mirunggan kanggé murid ingkang badhé ngrampungaken sinaunipun.

Kirgizstan

Kirgizstan (Basa Kirgiz: Кыргызстан) kang biyèn, sadurungé pisah saka Uni Sovyèt ditepungi minangka Kirgisia utawa Kirgizia iku nagara kang dumunung ing Asia Tengah. Wewatesan karo Républik Rakyat Tiongkok, Kazakhstan, Tajikistan, lan Uzbekistan. Kutha krajané ana ing Bishkek (biyèn Frunze).

Mi ongklok

Mi ongklok ya iku sawijining panganan khas saka Kabupatèn Wanasaba. Miturut carita, wong kang wiwitane nggawé mi ongklok ya iku Pak Muhadi. Mi ongklok digawé saka mi kuning lan janganan. Yèn mi liya padatan nganggo sawi, mi ongklok nganggo kul lan kucai mentah. Kanggo nyuguhake mi ongklok, mi, kul, lan kucai mung dilebokake ing saringan kang digawé saka pring lan diongklok-ongklok ing banyu umub. Mi lan janganan ditata ing mangkok banjur diwènèhi duduh ping pindho. Sepisan, duduh kenthel warnané coklat kang digawé saka campuran pati pohung, gula abang, ebi, lan resep liyané. Sawisé duduh iku, mi diwènèhi duduh manèh ya iku duduh bumbu kacang lan disawuri mrica bubuk lan brambang goreng. Yèn kepéngin pedhes bisa nganggo lombok rawit kang wis dialusake ing mangkok.Mi ongklok padatan dipangan karo sate sapi (bumbu kacang lan kecap), tempe kemul (ya iku tempe kang dikemuli nganggo jladren gandum kang diwènèhi kunir supaya warnané dadi kuning lan irisan kucai), lan lekok utawa geblek (ya iku panganan saka gandum kang digoreng, padatan diarani cirèng).

Monjayaki

Monjayaki (もんじゃ焼き, Monjayaki?) utawa monja ya iku panganan Jepang kang digawé saka adonan glepung cewer lan digoreng ing sandhuwure plat wesi kang diarani teppan. Isiné janganan, daging, utawa panganan laut. Sanajan racaké ditemoni ing Kanto, monjayaki uga misuwur minangka panganan khas Tokyo. Saliyané ing Tokyo, panganan iki uga misuwur ing Prefektur Saitama, Prefektur Gunma, lan Prefektur Tochigi.

Wiwitane panganan iki digawé minangka variasi okonomiyaki, nanging glepunge dicewerake nganggo banyu kang luwih akèh tinimbang okonomiyaki. Kanggo panyedhep, ditambahake saos uster lan dashi. Janganan kang dianggo padatan unclang, acar jae abang (benishōga), utawa kul kang diiris-iris cilik-cilik. Saliyané panganan laut (urang, iwak nus), monjayaki bisa diiseni urat sapi, daging babi, kèju, utawa campuran saka sakabehing bahan.

Bahan-bahan mau dicampur dadi siji sadurungé digoreng ing teppan. Sawisé isiné setengah mateng, turahan adonane disok ing tengah lan diudheg-udheg. Yèn wis arep mateng, sisih njaba dadi garing nanging jeroné tetep empuk. Sisih njaba monjayaki dijupuk sithik saka teppan nganggo hagashi (sodet cilik) banjur dipangan.

Okonomiyaki

Okonomiyaki (お好み焼き, Okonomiyaki?) ya iku panganan Jepang lan Koréa Kidul saka bahan ganmdum kang dijeri nganggo banyu utawa dashi, ditambah kul, endhog pitik, panganan laut utawa daging babi lan digorèng ing wajan ceper kang diarani teppan.

Okonomiyaki minangka sawijining panganan teppanyaki kang bisa digadho utawa minangka lawuh bareng karo sega. Okonomiyaki kerep dipangan nganggo sendhok ceper kang diarani kote (hera) kang uga dianggo minangka sodet nalika malik okonomiyaki.

Ing basa Jepang, okonomi tegesé "seneng-seneng" (kang disenengi, kang dikarepake) lan yaki tegesé "panggang" (istilah "goreng" mung dianggo ing Jepang mung yèn panganan digoreng nganggo lenga akèh). Padha karo jenenge, ndhuwurane (topping) okonimiyaki bisa diowahi miturut kasenengane wong kang arep mangan.

Dideleng saka cara nggawe lan bahae, okonomiyaki diperang dadi rong jinis ya iku:

Okonomiyaki cara KansaiIrisan kul dicampur karo adonan kaya déné nalika nggawe puyonghai.Okonomiyaki cara Hiroshima (Hiroshimayaki)Irisan kol mung digletakake ing ndhuwur adonan kang diambakake ing panggorengan kaydene nalika nggawe panekuk.ę

Papan Anggegana Internasional Kuala Lumpur

Papan Anggegana Internasional Kuala Lumpur (basa Inggris: Kuala Lumpur International Airport; KLIA) (IATA: KUL, ICAO: WMKK) kalebet salah satunggalipun lapangan montor miber paling awrat ing wewengkon Asia Kidul Wétan sasanèsipun Papan Anggegana Udara Suvarnabhumi ing Bangkok, Papan Anggegana Udara Internasional Hong Kong, lan Papan Anggegana udara Changi ing Singapura. Papan Anggegana Udara punika dados papan anggegana ingkang utami ing Malaysia lan kalebet paling ageng ing nagari punika. Papan Anggegana punika dunungipun caket tlatah Sepang, Selangor lan méh 50 kilométer tebihipun saking punjering nagari, Kuala Lumpur. Papan Anggegana punika dipunyasa kanthi nelasaken 3,5 milyar dollar Amérikah Sarékat.KLIA diunbikak kanthi resmi ing tanggal 27 Juni 1998. Badhara punika saged nampung 35 juta panumpang saben sataun lan 1,2 kargo juta ton saben satunggal taun. Papan Anggegana udara punika dados papan anggegana kaping 13 ing donya saking babagan kathahipun panumpang manca nagari ingkang kathahipun 24.129.748 panumpang sampun ngginakaken papan anggegana punika ing taun 2006. Ing taun ingkang sami, papan anggegana punika ugi sampun ngendhalikaken 677.446 ton metrik kargo lan dados papan anggegana urutan kaping 30 ing donya saking babagan pangandhaléan kargo.

Sandwich

Sandwich iku jinis panganan kang digawé saka roti setangkup kang isiné daging lan keju (padatan diwènèhi tomat, brambang, lan kul). Roti kang digawé kanggo gawé sandwich iku diarani sandwich bread kang wujudé segi papat. Nanging, roti liyané uga bisa digawé sandwich, kaya ta French bread, toast bread, hamburger bun, hotdog bun, lan liya-liyané. Padatan ing sadhuwuring roti diolesi mayones sithik, mentega, margarin utawa lenga zaitun kanggo perekat lan bisa nambah aroma. Sandwich racaké didol ing restoran utawa ing cafe.

Ing nagara kang wargane ora dhahar sega, sandwich padatan digawa menyang sekolah utawa menyang kantor diwadhahi ing sajeroning kothak kang diarani lunchbox utawa sajeroning kantong kertas awarna coklat kang diarani brown bag (sandwich bag) lan dihahar nalika dhahar siyang.

Sandwich uga digawa minangka panganan praktis nalika plesiran, munggah gunung utawa mung mlaku-mlaku. Ing omah, sandwich didhahar minangka nyamikan utawa kanggo njangkepi dhaharan utama. Yèn didhahar minangka dhaharan utama, sandwich padatan disajekake karo dhaharan pandamping kaya ta sup (soup-and-sandwich), selada (salad-and-sandwich), kripik kenthang, kenthang goreng, asinan ketimun), utawa selada kol.

Sega campur

Sega campur iku masakan khas Indonésia. Panganan iki dumadi saka sega putih kang disuguhaké nganggo warna-warna lawuh. Lawuh kang digunakaké ya iku sambel gorèng, abon, srundèng, tahu gorèng, iwak gorèng, endhog lan sapanunggalané. Gumantung saka warung utawa rèstoran kang nyadiakaké, Sega campur bisa duwé variasi warna-warna. Masakan iki uga kerep didol bungkusan (nganggo bungkus kertas utawa godhong gedhang).

Ing tanah Jawa, sega campur digawé saka campuran janganan kaya déné rajangan kul, kecambah, tahu kang wis didang, rajangan goreng, sambel kacang, lan didhahar nganggo sega. Supaya luwih mirasa, sega campur diwènèhi brambang goreng lan kecap.

Sega gorèng

Sega gorèng iku panganan khas ing Indonésia. Lumrahé sega gorèng dumadi saka sega, bumbu, kécap, krupuk, endhog gorèng, lenga gorèng, lan ditambahi daging pitik utawa daging liyané, iwak asin, miturut seléra. Sega gorèng akèh variasiné, miturut seléra.

Sega kapau

Sega Kapau ya iku sega rames khas Nagari Kapau, Tilatang Kamang, Kabupatèn Agam, Sumatra Kulon kang isiné sega, sambel, lan lawuh khas gulé cubadak (nangka), gulé cangcang (balung lan daging kebo), gulé babek (jeroan kebo), lan gulé tunjang (kulit utawa kikil, urat daging kebo lan sapi). Panganan kang dadi andalan saka Kapau ya iku gulé Kapau kang rasané gurih lan pedhes sarta duduh kanthi warna kunir kang khas. Jangan gulé Kapau isiné irisan kluwih, bung, kul, pakis, kacang lanjaran, lan jèngkol. Duduh gule iki ora patiya kenthel jalaran ora nganggo santen akèh lan wernane kuning semu abang. Lawuh khas liyané ya iku dèndèng balado, dèndèng lado hijau, randang, gulé iwak, welut goreng, ayam goreng, gulé tambunsu,pangek iwak paweh batalua (gule iwak tawes ngendhog kang dimasak nganti garing),lan sapanunggale. Gulé tambusu ya iku panganan kang digawe saka endhog kang dilebokake ing usus sapi utawa kebo. Beras kanggo sega kapau kudu duwé mutu kang apik, padatan nganggo beras saka Bukittinggi lan Kabupatèn Agam. Tandha khas sakabehing lawuh kanggo sega kapau ya iku rasané rada kecut jalaran masakke akèh nganggo miri. Rasa khas masakan Kapau iku saka cara masakke kang nganggo keren utawa anglo utawa tungku lan disangai (dimasak nganggo tudhung kukus) sajeroning kuwali wesi nganggo geni cilik. Cara masak kang kaya mangkene mbutuhake wektu kang dawa.

Serat Wicara Keras

Serat Wicara Keras iku sawijining kitab sing tinulis déning Yasadipura II. Kaya jenengé, tulisané pancèn panggresula marang kaanan Surakarta nalika iku kang lagi ora karuwan. Ora kaya kitab lumrahé ing wektu iku, kitab iki tinulis nganggo basa ngoko. Contoné:

Ngaku turun Brawijaya, ora sakti

Ngaku anak pandhita ora betah ngelèh

Ngaku anak pujangga, ora weruh pa siji

Ngaku anak sujana, nalaré liwar

Ngaku anak ngulama, ora bisa ngaji

Ngaku anak santri, ora bisa maca kul-hu

Siomay

Siomai utawa siomay kalebu salah siji jinis dim sum. Ing basa Mandarin, siomai diarani shaomai. Ing basa Kanton siomai diarani siu maai. Ing dhialèk Beijing, siomai diarani shaomai lan ditulis 燒麥. Kulit siomai méh padha kaya kulit pangsit. Siomai asalé saka Mongolia dalam.

Ing resep masakan Cina, siomai ya iku daging babi kang diiris lan dibungkus kulit tipis. Kulit tipis iki digawé saka glepung utawa trigu. Siomai uga digawé saka urang, daging pithing utawa daging sapi. Siomai digawé kanthi wujud silinder lan diwénéhi rerenggan kaya ta endhog, pithing, parutan wortel utawa kacang polong. Sawisé iku siomai banjur dikukus. Siomai bisa dipangan nganggo cuka utawa kécap asin.Ing Indonésia ana warna wujud lan isi siomai. Wiwit saka siomai iwak tenggiri, daging pitik, urang, pithing, utawa campuran daging pitik lan urang. Bahan kang kanggo ngisi dicampur karo trigu utawa tapioka. Siomai uga ora dibungkus kulit kang digawé saka glepung utawa trigu.

Endhog pitik lan sayuran kaya ta kenthang, peria, lan kul kanthi isi utawa tanpa isi disuguhaké ing piring bareng karo siomai. Tahu bakso utawa tahu isi uga kalebu jinisé siomai.

Siomai utawa siomai Bandung disuguhaké sawisé diwénéhi saos kacang. Saos kacang iki digawé saka kacang brol kang dialuské nganggo banyu. Bumbu saos kacang ya iku lombok, gula pasir,bawang, uyah, lan cuka utawa jeruk limau. Nalika disuguhaké, siomai diwénéhi tambahan kécap legi, sambel botolan, utawa saos tomat.

Sop

Sop ya iku jangan kang ana duduhé. Sop digawé saka janganan ya iku kul, sawi, kembang kul, onclang, kenthang, kacang kapri, tomat, lan slèdri. Bumbuné digawé saka bawang, uyah, mrica, lan gula pasir. Diwènèhi duduh karebèn seger.

Uga ana sop kang digawé kenthel. Sop iku yèn ing Walanda diarani Cream Soup. Cream soup kagawé saka glepung kanji, endhog, janganan kang dicacah alus, lan daging kang dicacah alus. Janganan lan daging diwènèhi miturut seléra. Lumrahé cream soup didhahar nganggo roti.

Sop lan cream soup énak didhahar nalika isih anget lan ing mangsa rendheng.

Tahu lonthong

Tahu lonthong wis dadi panganan sing lumrah ana ing tlatah Jawa. Sajatiné bahan sing dimasak meh padha karo gado gado, mung tahu lonthong Blora sambele nganggo kecap legi tur supaya luwih sedhep di tambah taoge utawa kul irisan, godhong kucai lan kacang goreng utuhan.

Teppanyaki

Teppanyaki (鉄板焼き, Teppanyaki? panggang plat wesi) ya iku sawijining cara masak panganan Jepang ing sandhuwure plat wesi (teppan). Saliyané iku, teppanyaki uga bisa ditegesi minangka omah makan Jepang kang nyedhiyani panggonan lan meja wujudé kounter, déné plat wesi dianggo juru masak kanggo masak panganan.

Plat wesi kang dianggo minangka piranti masak iku kandhele watara 0,3 cm tekan 1,5 cm. Ing ngisor plat wesi ana kompor gas kang ana pirantine kanggo ngatur gedhé cilikke geni. Masakan kang dimasak ing ndhuwur teppan, tuladhané steak, okonomiyaki, monjayaki, yakisoba, lan sapérangan jinis masakan saka janganan, daging, utawa panganan laut.

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.