Kreta

Crete (basa Yunani: Κρήτη — transliterasi klasik: Krētē, modhèren Greek transliterasi Yunani modhèren: Kríti; Latin klasik Crēta, Latin Vulgar Candia) iku sawijiné saka telulas periphery ing Yunani. Kreta uga minangka pulo kang gedhé dhéwé ing Yunani kang jembaré 8,336 km² (3,219 mil pasagi) lan pulo gedhé dhéwé kalima ing Segara Mediteran.

Kreta iku panggonan sajarah kuna lan panggonan jujugan plesiran kang wigati; Atraksi turisme antarané: Minoan, situs Knossos lan Phaistos, situs klasik Gortys, bètèng Venesian ing Rethymno, lan Samaria Gorge lsp.

Kreta minangka punjer peradaban Minoan (ca. 2600–1400 BC), peradaban kuna Yunani lan Éropah.

Periphery Crete
Περιφέρεια Κρήτης
Location of Crete Periphery in Greece
 
Negara: Yunani
Ibukutha: {{{capital}}}
Prefectures: Chania
Heraklion
Lasithi
Rethymno
Populasi: 0 (2005)
Area: 8.336 km² (3.219 sq.mi.)
Kapadhetan: 0 /km² (0 /sq.mi.)
Website: www.crete-region.gr
Crete typical landscape
Mangsa panas ing Kreta
Crete location map
Yunani lan Kreta

Géografi

Cithakan:Infobox Greek Isles

Kutha wigati

Kutha-kutha wigati ing Kreta antarané:

  • Heraklion (Iraklion utawa Candia) (137,711 sing ndunungi)
  • Chania (Haniá) (53,373 sing ndunungi)
  • Rethymno (31,687 sing ndunungi)
  • Ierapetra (23,707 sing ndunungi)
  • Agios Nikolaos (19,462 sing ndunungi)
  • Sitia (14,338 sing ndunungi)

Organisasi Pulitik

Pulo Kreta ya iku sawijining periphery ing Yunani, dumadi saka papat prefecture (basa Yunani: νομοί):

  • Chania
  • Heraklion
  • Lasithi
  • Rethymno

Pranala njaba

Aegea Lor

Aegea Lor iku sawiji saka telulas periphery ing Yunani. Tlatah iki dumadi saka prefecture Chios, Lesbos lan Samos.

Bathara Surya

Kanggé kagunan sanès saking Surya, mangga mriksani SuryaBathara Surya iku paraga ing jagad wayang kang uga diarani Dewane Srengenge. Amarga jejibahane njaga lakuné srengéngé. Bathara Surya minangka putra saka Sanghyang Ismaya (Semar) dhaup laro Dewi Senggani sing nomer lima. Bhatara Surya uga sinebut Sanghyang Wiraswat, Sanghyang Martanta. Kahyangane ing Ekacakra. Titihane wujud kreta katarik turangga cacahé pitu. Garwane Bathara Surya ana loro ya iku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Putrane aran Sanghyang Rawiatmaja kang nurunake Prabu Arjuna Sasrabahu ratu ing Mahespati, Prabu Janaka ratu ing Manthili, Prabu Ramawijaya ratu ing Pancawati.

Bhimaratha

Bhimaratha iku, salah sijining para Korawa satus. Jenengé tegesé “Kreta sang Bhima”.

Boris Pasternak

Boris Leonidovich Pasternak (Rusia: Борис Леонидович Пастернак, 10 Fèbruari K.J. 29 Januari 1890 – 30 Mèi 1960) iku siji penyair lan panulis Rusia sing misuwur ing donya Kulon amarga novèl epik Dr. Zhivago, siji tragedi sing prastawané ing saubengé mangsa pungkasan Kakaisaran Rusia lan dina-dina wiwitan Uni Soviet, lan pisanan dibabar ing Italia (pertalan) taun 1957. Minangka panulis Boris Pasternak akèh dipèngeti ing Rusia. Saudariku, Urip, ditulis déning Pasternak taun 1917, wujud kumpulan puisi paling duwé prabawa sing dibabar sajeroning basa Rusia ing abad kaping-20.

Bécak

Bécak (saka basa Hokkien: be chia) ya iku siji tumpakan transportasi kang rodhane telu. Padatan, bécak bisa ngemot penumpang cacah loro. Becak kagolong tumpakan kang ramah lingkungan amarga ora njalari polusi. Saliyané iku, bécak uga ora nganggu bebrayan awit swaranè bécak ora seru. Ing taun 1980an kapungkur, bécak dilarang ana ing Jakarta amarga dianggep eksploitasi manungsa.

Dhokar

Dhokar ya iku tumpakan transportasi tradhisional kang duwé rodha loro, telu, lan papat kang ora migunakaké mesin kanggo ngkakokake nanging migunakaké jaran minangka gantine. Saliyané dhokar, isih ana tumpakaan liyané kang migunakaké jaran minangka panggerake ya iku Kreta Perang lan Kreta Kencana.Dhokar tinemu déning Charles Theodore Deeleman, salah siji tokoh litografer lan insinyur ing mangsa Hindia Walanda ya iku ing tlatah koloni Walanda kang diakoni déning hukum de jure lan de facto. Wong Walanda dhéwé kerep nyebut dos-a-dos kang ateges gégér padha gégér (teges asli sakaPrancis). Teges kang trep ya iku sawijing kreta kanthi kang gégérè ditumpaki. Saka istilah dos-a-dos, wong asli Batavia nyingkat dadi ‘’Sado”.

Gunung Liman

Gunung Liman inggih salah satunggaling gunung ingkang dumunung ing provinsi Jawa Wétan, Indonésia. Gunung Liman mapan ing sisih wétan radi kidul saking Kota Madiun lan dumunung ing antawisipun Kabupatèn Ponorogo lan Kabupatèn Nganjuk.

Kitab Titus

Kitab Layang Paulus marang Titus iku isiné layang kang ditujokaké marang siji wong non-Yahudi kang mlebu agama Kristen. Banjur dhèwèké dadi kanca lan asistèn Paulus.

Layang iki ditujokaké marang Titus kang kala iku ana ing Kreta amarga ditinggal déning Paulus kanggo ngurusi jemuwah ing kana.

Kresna

Kresna (Dewanagari: कृष्ण; ,IAST: kṛṣṇa,; diwaca [ˈkr̩ʂɳə]) iku salah siji déwa sing dipuja déning umat Hindhu, awujud priya kulit peteng utawa biru tuwa, nganggo dhoti kuning lan makutha saka wulu merak. Sajeroning seni lukis lan reca, lumrahé Kresna digambaraké pinuju main suling sinambi ngadeg kanthi sikil sing ditekuk. Legendha Hindhu sajeroning kitab Purana lan Mahabharata mratélakaké yèn Kresna iku putra kawolu Basudewa lan Dewaki saka krajan Surasena, krajan mitologis ing India Lor. Lumrahé, Kresna dipuja minangka awatara (inkarnasi) Déwa Wisnu kawolu antarané sepuluh awatara Wisnu. Sajeroning sawatara sekte Hindhu, upamané Gaudiya Waisnawa, Kresna dianggep manifèstasi saka bebener mutlak, utawa pawujudan Tuhan, lan sajeroning tafsiran kitab-kitab sing mengatasnamakan Wisnu utawa Kresna, kaya Bhagawatapurana, Kresna dimuliakaké minangka Kapribadèn Tuhan Sing Maha Tunggal. Sajeroning Bhagawatapurana, Kresna digambaraké minangka sosok bocah angon anom sing mahir main suling, déné sajeroning wiracarita Mahabharata Kresna misuwur minangka sosok pemimpin sing wicaksana, sekti, lan mrabawani. Saliyané iku Kresna misuwur uga minangka tokoh sing mènèhi ajaran filosofis, lan umat Hindhu yakin Bhagawadgita minangka kitab sing ngamot kutbah Kresna marang Arjuna ngenani èlmu rohani.

Makedonia Wétan lan Trasia

Makedonia Wétan lan Trasia (ing basa Yunani: Ανατολική Μακεδονία και Θράκη) iku salah siji saka telulas periphery ing Yunani, dumadi saka pérangan wétan Makedonia Yunani karo Trasia Yunani. Perphery iki kapérang dadi prefecture Drama lan Kavala lan prefecture Xanthi, Rhodope lan Evros.

Peloponnesa

Peloponnese (basa Yunani: Πελοπόννησος, Peloponnesos), iku siji periphery ing kidul Yunani. Periphery iki wewatesan karo Yunani Kulon ing sisih lor lan karo Attica ing sisih lor-wétan. Jembaré watara 15,490 km². Tlatah iki minangka péranganing ujung Peloponnese.

Rea

Rea (Basa Yunani: Ῥέα, Rhéa) wonten ing mitologi Yunani punika sedhèrèk sarta garwanipun Kronos. Saking hubunganipun kaliyan Kronos, Rea gadhah laré-laré ingkang samangké badhé dados panguwasa Olimpus, laré-laré mau inggih punika Demeter, Hades, Hestia, Poseidon, Hera, lan Zeus. Rea sesarengan kaliyan Kronos dados pemimpinipun para Titan .

Kanggé Homer, Rea punika ibunipun para déwa, sanajan sanès ibu kanggé alam semesta kados Kibele. Miturut legenda Rea punika nylametaken Zeus ingkang nembé wiyos kanthi cara mbeta Zeus dhateng Pulo Kreta kanthi ancas supados boten dipunpangan déning Kronos kados kakang-kakangipun. Kronos punika mangsa laré-larénipun piyambak amargi Kronos ajrih kaliyan ramalan ingkang ngandharaken bilih kuasaning Kronos badhé dipunandhapaken déning turunanipun piyambak kados Kronos ngrebut kekuwasaan saking bapakipun inggih punika Uranus . Rea punika pitados bilih Zeus dipunurus déning para pendhèrèkipun ing mriku. Para pendhèrèkipun punika ingkang njagi Zeus lan ngawontenaken upacara-upacara panyembahan.

Rodha

Rodha ya iku barang kang dhapuré bunder lan duwé ruji (ana uga sawatara rodha sing tanpa ruji). Rodha ngasilaké obahan kanthi gesekan cilik kanthi cara muter. Rodha akèh kanggo transportasi. Istilah roda uga tinemu ing barang-barang kang dhapuré lingkaran liyané, saliyané dhapuré lingkaran lan bisa muter kaya ta kincir air.

Rodha kang sepisanan digawé ing Mésopotamia Kuno, nalika iku rodha dianggo tembikar ing taun 3000 SM. Ana uga kang nemoké yèn rodha iku digawé ing Cina nalika taun 2000 SM.

Roda duwé ukuran lan bahan kang béda-béda. Gedhé ciliké rodha iki miturut gunané. Rodha kanggo sepedha béda karo rodha kang kanggo montor.

Segara Aegea

Segara Aegea Basa Yunani: Αιγαίο Πέλαγος, Aigaío Pélagos; Basa Turki: Ege Denizi, Adalar Denizi) iku segara anakané Segara Mediterranean, dumunung antara Balkan kidul lan Ujung Anatolia, lan antara Yunani lan Turki. Ing sisih lor, segara iki kahubung karo Segara Marmara lan Segara Ireng déning Selat Dardanela lan Bosporus. Pulo-pulo kang ana ing Segara Aegea akèh banget lan kalebu ing tlatah periphery kidul (Yunani), kalebu Kreta lan Rhodos. Sapérangan dumumunung ing tlatah Turki, dumadi saka sangang provinsi ing kidul-kulon Turki.

Segara iki kanthi tradhisional dikenal minangka siji kapuloan utawa''Archipelago'' (Basa Yunani: Αρχιπέλαγος), istilah kanggo nyebut Pulo-pulo Aegea lan, dadi istilah umum, tumrap golongan pulo sebab Segara Aegea kawentar bab puloné kang akèh.

Segara Tengah

Segara Tengah, kadhangkala karan Segara Mediterania ('Mediterrania' tegesé 'dharatan/nagari tengah') iku segara antarbawana dumunung ing antarané Éropah ing sisih lor, Afrika ing sisih kidul lan Asia ing sisih wétan, nyakup wewengkon kang jembaré 2,5 yuta km².

Ing jaman biyèn, segara iki minangka jalur lalu lintas kang ramé, kanggo perdaganan lan pertukaran budaya antara wong Mesir, Yunani Kuno, Romawi Kuno lan Timur Tengah. Sajarah Mediterania wigati kanggo mangertèni asal lan perkembangan Peradaban Kulon.

Sepur Argo Lawu

Sepur Argo Lawu inggih punika sepur klas eksekutip argo kang dipunlakokaken déning PT Kereta Api Indonesia (Persero) Daop VI Ngayogyakarta ing Tanah Jawi kanthi jurusan Jakarta Gambir (GMR)-Sala Balapan (SLO) tindak lan kondur.

Tesalonika

Tesalonika (ing basa Yunani: Θεσσαλία — Thessalía) iku salah siji saka telulas periphery ing Yunani, lan dipérang manèh dadi 4 prefecture. Kutha krajané dumunung ing kutha Larissa. Bebarengan karo region-region Makedonia Wétan lan Trasia, tlatah iki kerep kanthi ora resmi dianggep Yunani Lor. Tlatah iki dumunung ing Yunani Tengah lan wewatesan karo Makedonia ing sisih lor, Epirus ing sisih kulon, Sterea Hellas utawa Yunani Tengah ing sisih kidul lan Segara Aegean ing sisih wétan.

Yunani Kulon

Yunani Kulon iku siji saka telulas periphery ing Yunani. Periphery iki ka[érang dadi prefecture Achaea, Aetolia-Acarnania lan Elis.

Éropah Kidul

Éropah Kidul utawa kadhangkala diarani Éropah Mediterania iku pérangan tlatah ing bawana Éropah. Ora ana wedharan kang bisa njlèntrèhaké istilah mau gumantung faktor géografi, budaya, basa utawa sajarah sing ana ing tlatah mau. Wis disetujoni yèn Spanyol, Portugal, Italia lan Yunani, luwih umum nagara-nagara Mediterania ing bawana Éropah, iku péranganing Éropah Kidul. Prancis Kidul lan Turki Kulon uga dilebokaké sajeroning tlatah iki.

Sacara géografi, Éropah Kidul minangka setengah saka dharatan Éropah. Tegesé relatif, tanpa wates sing dikukuhaké. Pagunungan Alpen lan Massif Tengah minangka tapel wates fisik antara Italia lan Prancis lan Éropah sakabèhané.

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.