Keramik

Keramik ya iku karya seni rupa kriya kang wujudé bisa dideleng ing kabèh penjuru (sisih kiwo, tengen ngarep, mburi lan saka ndhuwur. Keramik uga kagolong karya seni rupa telu dimènsi lan bahan dasaré digawé saka lemah lempung sarta nganggo cara diobong ing pawon pangobongan (basa Indonésia asring diarani tungku)

Baekja Ceramic
Guci keramik
Buncheong Ceramic
Kramik kang ana ornamené (genthong)

Sajarah

Keramik ing Indonésia sajarahé dawa kaya ing nagara-nagara liyané, kaya ta Cina, India, Jepang, Mesir lan Mexico.Ing Indonésia keramik wis kaloka wiwit jaman Neolithicum.Kayata ing Sumatra tinemu pecahan-pecahan belanga ing gunung kerang. Wiwit tinemu pecahan-pecahan tembikar wis bisa disimpulaké anané usaha nggawé piranti wadhah kanthi cara tradhisional lan isih mentah.

Bahan

Lempung kang misuwur kanggo bahan kramik ya iku lempung kang ana ing pinggir kali lan luwih gampang njupuk lemah aluluvial (blethok kang kagawa banyu ing kali ditambah campuran érosi lemah ing sakubengngé kali). Lempung ya iku susuté utawa ajuré saka watu kang atos lan bisa digolongaké wujud watu sedimen. Didasaraké ing wujudé lan panggonan lempung kapérang dadi enem (6) adidasar saka laladan asalé (asal)

Qing vase p1070256
Guci

Lempung residual

Lempung residual ya iku lempung kang ana ing panggonan kang isih asli lan durung pindhah panggonan wiwit kaciptané wujud lempung.Wujud lempung iku kaya ta:

  • Wujudé kasar, campuran karo watu kang durung gapuk (lapuk)
  • Wujudé ora molor (lentur)

Lempung illuvial

Lempung illuvial ya iku lempung kang digawa lan katut ing salah sijiné panggonan kang ora adoh saka asalé. Lempung iki duwé wujud memper karo lempung illuvial kanthi dhasar ora tinemu watu asal-usulé.

lempung alluvial (lempung tilas banjir ing kali)

Lempung alluvial ya iku lempung kang ngendut ing banyu kali lan saubengé. Lempung iki bisa kecampur ing wayah kali banjir karo pasir lan ngendut ana panggonan kang bera.

Lempung rawa

Lempung rawa ya iku lempung kang ngendut ana ing rawa-rawa. Jinis lempung iki duwé ciri warna ireng lan bisa tinemu ana ing pinggir segara, kecampur karo uyah

Lempung tlaga

Lempung tlaga ya iku lempung kang ngendut ing saubengé tlaga (banyu tawar). Endut lempung iki lumrahé tipis lan duwé asifat kaya ta lempung banyu tawar.

Lempung marin

Lempung marin ya iku lempung kang ngendut ana ing segara.Lumrahé lempung marin diawa banjir saka kali ngendut ing sakiteré segara. Lempung mari wujudé bisa atos amarga kena gaya-gaya géologi bisa keangkat ing ing njabané segara.Lempung marin duwé wujud alus lan campuran karo thothok-thothok foraminifera (kéwan segara).Lan thothok iku ngandut jat-jat kapur

Bahan tambahan

Pasir ya iku bahan kanggo campuran lempung. Tambahé pasir ing lempung ing dasarédikarepaké kanggo bahan kang duwé mumpangat ngurangi rusaké ing sajeroning babagan ing ngaringke ing ngisor srengéngé lan ing sajeroning pangobongan (ngindari supaya ora pecah utawa sentet).Cacahé pasir kang dicampur kanggo ngawe kramik nganggo bandingan 1:4 lan akèh sitiké pasir kang dicampur ing campuran lempung.Pasir kang dijupuk ing dasaré kali dipilih kang alus lan ora kasar (ora campuran krikil).Pasir dimumpangataké ing pangrajin tradhisional kaya ta grabah lan nganggo piranti kang isih kuna ing prosès pagolahan bahané.

Pasir

  • Mumpangaté
    • Pasir bisa ngurangi nyusuté lempung ing prosès pangaringan lang ncegah anané pecahé kramik ong pawon pangobongan.
  • Kapur
    • Kapur ya iku bahan campuran kang dicampur ing lempung.Campuré kapung ing lempung dimumpangataké kanggo babagan glasir supaya kuwat lan ora pecah

Uga delengen

Gladri

Gorgan ceramic

Mangkok kramik kuna

Ceramic bowls

Kramik tembikar

Ceramic, Mask

Wujud wong saka kramik

Ceramic, duck

Kramik wujud bebek

Antimon

Antimony yakuwi sawijining unsur kimia jroning tabel périodik kang nduwèni lambang Sb lan nomer atom 51. Lambangnya diambil dari basa Latin Stibium. Sebuah metalloid, antimon mempunyai empatalotropik bentuk. Wujud stabil antimon ya iku logam biru-putih. Antimoni kuning dan ireng ya iku logam tak stabil. Antimon digunakan dalam bahan tahan api, cat, keramik, elektronik, dan karèt.

Art Nouveau

Jugendstil ya iku gaya dekoratif kang ana ing seni rupa uga misuwur ana ing sajarah seni rupa Jerman kang bisa diarani Art Nouveau (pocaping cara Prancis: [aʁ nuvo], Anglicised to éjaan Inggris: [ˈɑːrt nuːˈvoʊ]) ing kancah internasional (donya) philosophy lan gaya 5..Jungend kang artiné youth ing (basa Indonésia:mudha) lan still ya iku gaya.Jungendstil dianggo panutan ana ing kaperluan frame, lan vinette nganti wujud yasan.Gaya-gaya kang ngandut aliran jugendstil bisa ngolah alam saubengé ing gaya dekoratif.Seniman kang nganut ing aliran iki kaya ta:

Otto Eckmann taun 1865-1902

Hans Christiansen taun 1866-1945

Bernhard Pankok taun 1872-1943

Asmara

Asmara (Tigrinya: ኣስመራ), utawa jeneng lokalé Asmera, ya iku kutha krajan Éritrèa kanthi populasi ±800.000 wong. Mayoritas indhustri ya iku tèkstil lan sandhangan, daging prosès, bir, sepatu lan keramik.

Asmara dumunung ing 15°20' lor lan 38°55' wétan (15.333, 38.91667).

Bahan

Bahan utawa material iku dat utawa barang kang dianggo gawé sadéngah barang. Istilah bahan kadhangkala uga dianggo nyebut barang kang awujud kain. Saliyané iku bahan uga tegesé lebon saka siji prosès prodhuksi.

Candhi Gampingan

Candhi Gampingan ya iku sawijining candhi kang ana ing Dusun Gampingan, Désa Sitimulyo, Kacamatan Piyungan, Kabupatèn Bantul, Daérah Istiméwa Yogyakarta. Miturut geografis Candhi Gampingan ana ing koordinat 110 26' 10,06" BT lan 7 50' 09,55" LS awit dhuwure 56,469 m ing ndhuwur laut.

Candhi Gampingan pisanan ditemoakè ing sasi Juni taun 1995 dèning Bapak Sarjono pas maculi lèmah kanggo gawè bata. Séka hasil peninjauan dèning SPSP DIY (saiki dadi BP3 Yogyakarta) ditemoakè watu putih ing struktur wangunanè. Candhi iki ana ing 120 cm njero lèmah amarga kétutupan awu gunung utawa awu vulkanik.

Ing Candhi Gampingan ana pitu wangunan séka watu putih sing kondisinè tinggal turahan-turahanè waé. Salah sawijining wangunan candhi nduwéni ukuran 4,64 x 4,64 m lan diperkirakè kanthi wangunan utama nanging sayangè wangunan iku tinggal turahan-turahanè sing kawujud wolung lapis sungsunan watu dhuwurè 1,2 m.

Ing wangunan utama ditemoakè télung arca ya iku arca Dhyani Buda Vairocana séka perunggu, arca Jambhala, lan arca Candralokesvara séka watu andesit, siji arca séka keramik, ana wolung miniatur mas, cincin mas, lan barang-barang seka lémpung.

Arca sing ditemoakè ing njéro sumur wangunan utama digawè séka keramik sing ana campuran wérno ijo sing dhuwurè 6,5 cm, gèdhènè 6,3, lan kandhèlè 3,8 cm. Bagian arca sing ditemoake ya iku sikil téngén, léngén tékan tangan sing nganggo gélang, lan jèmpolè ilang. Ditépakakè arca kui arca Buda Aksobhya kanthi Dhyani Buda sing kéloro. Akshobhya digambarakè nduwèni sifat tangan Bhumisparsamudra (kanggo tangan téngén) lan Dhyanamudra (kanggo tangan kiwo). Miturut séka arca sing ditemoakè Candhi Gampingan iku chandi Buda sing nganut Déwa Jambhala kanthi déwa utama sing kudu dipuja, lan arca Candralokesvara sing ditemoakè baréng karo Jambhala nunjukakè aliran Tantrisme ing Buda Mahayana.

Didhélok seka gaya wangunan lan arca kang ana, Candhi Gampingan nunjuake ciri-ciri candhi kang ana ing abad IX Masehi.

Candhi Lesung Batu

Candhi Lesung Batu ya iku situs arkéologi kang ana ing Kacamatan Rawas Ulu, Musi Rawas, Jambi.

Situs iki ya iku tinggalan budaya saka masa klasik ya iku masa Hindhu-Buda ing Indonésia. Candhi mau ana ing perkebunan karèkagungané masarakat kang nganti saiki isih produktif. Penelitian kang wus dikerjaaké déning Puslitarkenas, Balai Arkéologi Palémbang saha Suaka Peninggalan Purbakala Jambi ngidhèntifikasiaké manawa candhi iki duwé latar belakang agami Hindhu. Kondisi Candhi Lesung Batu nalika iki isih wujud tumpukan lemah kang pérangan duwuré ana sebaran watu kuna. Artefak kang pernah ditemuaké ing candhi iki ana ing candhi antarané kang wujud Yoni, pecahan keramik asing, struktur bata ykang nalika iki wus rapuh banger. Perelitian kang pernah dijalanké nunjukake manawa ing kiwa-tengené candhi iki uga ditemuaké struktur bata kang dimungkinaké wujud bates. Guna nglestariaké, nalika iki candhi mau wus ana wong kang dadi jurukunciné kang duwé tugas njaga lan nglestariaké.

Gendhèng

Gendhèng (basa Indonésia: genteng), iku tutup payon omah sing digawé saka lempung, semèn, kaca kang dicithak. Werna-warna wangun lan jinisé gendhèng kaya ta kodhokan, slorokan. Mumpanggaté gendhèng kanggo tutup omah utawa yasan kang nglindungi omah utawa yasan saka udan utawa panasé srengéngé

Bahan kanggo gendhèng kapérang dadi papat, kaya ta: gendhèng (keramik, beton), seng, asbès, utawa semèn cor.

Uga ana gendhèng gendhèng wesi kang wanguné ènthèng, awèt, ora karaten lan tahan lindhu.

Wanguné jinis tuwuhan uga bisa dimumpanggataké kanggo gendhèng tradhisional. Gendhèng sirap, salah sijiné digawé saka kayu. Uga godhong-godhong saka jinising tetuwuhan palma lan alang-alang gendhèng kanggo ngipu ana ing omah, rondhan, gubug lan gardhu ing tlatah padésan, tuwuhan liyané kang bisa dimumpanggatake ya iku rumbia, klapa, enau lan nipah.

Saliyané tembung Gendhèng ing masarakat uga ana tembung Kenthèng ya iku sing bahan dhasarè saka lemah lempung akèh sing nggunakaké kanggo payonè omah.

Institut Kesenian Jakarta

Institut Kesenian Jakarta iku siji institusi pendhidhikan dhuwur kang difasilitasi Pamaréntah Laladan Jakarta. Institut iki mligi ing babagan seni, mligi seni rupa, seni peran, lan perfileman.

Kabupatèn Nganjuk

kabupatèn Nganjuk (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦔꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ ڠَنْجُكْ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Nganjuk iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:---, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.182,64 km2 utawa---hèktar.

Kalung

Kalung ya iku wanguné rerenggan kang duwé mupangat kanggo pepaès (acecoris) kang dianggo ana ing gulu kang wujudé manéka warna. Jinis lan wujud kalung ing jaman saiki wujud jinis dideleng sak mupangaté kanggo celengan (investasi) utawa kanggo rerenggan (rerenggan).Semono uga kalung bisa digolongaké saka bahan dhasaré kaya ta:

Waja (Logam)

Kalung digawé saka emas utawa logam kang larang regané.

Kalung pérak

Kalung PrungguKalung rerenggan (rerenggan) (rerenggan kanthi bahan dhasar:

plastik

keramik

wiji

woh

saga

kain

watu

kayu

balung

kerang

mutiara.Kalung lumrahé dhapuré ranté lan kadang ditambah liontin kanggo méndhel.

Keramik Klampok

Keramik Klampok iku kerajinan kang ana ing wewengkon Désa Klampok, Kacamatan Purwareja Klampok, Kabupatèn Banjarnegara. Désa klampok manggon ana sisih kulon wewengkon Kabupatèn Banjarnegara udakara 30 kilométer saka Kota Banjarnegara. Ana ing désa iki saora-orané ana 17 péngrajin lan telung pérusahaan keramik. Kéramik Klampok lan Kéramik-keramik liyané racaké digawé saka lempung. Lempung sing kanggo gawé Keramik Klampok dijupuk saka laladan Kaliwiro(wonoosobo),Cilongok, lan Banyumas. Keramik Klampok duwé keunikan ya iku ornamén kang kas lan warnané peteng. Keramik Klampok iki dadi produk kérajinan masarakat Désa Klampok kang wis misuwur. Keramik Klampok dadi salah sijining daya tarik wisata kang ana ing Kabupatèn Banjarnegara. Kéramik Klampok ora mung misuwur ana wewengkon lokal waé nanging uga wis misuwur ana ing manca. Keramik Klampok siki wis wiwit kalah saing karo produk-produk saka manca. Sawetara wujud keramik klampok kang diasilake kaya ta guci, teko, panggon payung, warna-warna wujud kéwan, piring hias, panggon kembang lan liya-liyanĤ. Poci kang dadi andalan produk keramik saka Kabupatèn Banjarnegara. Keramik Klampok sing wujudè poci pamasarané racaké dikirim nèng Tegal. Keramik Klampok racaké didadèkakè rerenggan omah warga, hotèl-hotèl, warung-warung gedhè, lan perkantoran. Keramik Klampok dadi produk kerajinan saka Kabupatèn Banjarnegara kang paling légendaris. Ana ing Désa Klampok dumunung antarané 30 perusahaan keramik, nanging kang nganti saiki sing isih tetep eksis ana sakiwa-tengené 16 perusahaan.

Kriya

Kriya iku kanthi umum artiné kerajinan utawa ing Basa Inggris mau craft.Seni kriya ya iku salah sijiné cabang saka seni rupa kanthi merlukake kepinteran kekriyaan (craftmanship) kang dhuwur kaya ta ukir, keramik, lan nganyam.

Musiyum Wayang

Musiyum Wayang iku sawijining musiyum kang mamèrake manéka warna wayang lan bonéka. Barang-barang iku ana sing saka Indonésia lan manca nagara. Musiyum Wayang dumunung ing Kawasan Kota Tua Batavia. Saliyané Musiyum Wayang,ing kono uga ana musiyum Fatahillah, Musiyum Bank Indonésia, Musiyum Bank Mandiri lan Musiyum Keramik. Musiyum kang manggon ing Jalan Pintu Besar Utara Nomor 27, Jakarta Kulon iku maune De Oude Hollandsche Kerk ("Gréja Suwe Walanda").Musiyum Wayang resmi digunaake 13 Agustus 1975.Nganti saiki, musiyum iki nyimpen punjul 4.000 wayang, saka wayang kulit, wayang golèk, wayang kardus, wayang suket, wayang janur, topeng, bonéka, lan gamelan.

Ing kutha Ngayogyakarta uga ana musiyum wayang kang aran "Musiyum Wayang Kekayon", mapan ing dalan Yogya-Wanasari km. 7.

Omah

Omah iku pangonan sing digawé wong kanggo dedunung utawa netep. Ing sajeroning omah, wong utawa kulawarga mau bisa lèrèn lan nyimpen deduwéné.

Ing jaman modhèren saiki, isi omah iku warna-warna, ana piranti kanggo nyiapaké pangan lan kanggo reresik awak kaya déné papan adus lan jamban.

Omah awujud ruangan sing diwatesi témbok lan payon, racaké duwé dalan mlebu/metu wujud lawang, bisa uga mawa jendela kanggo pepadhang lan mlebu metuné hawa. Dhasaré omah bisa awujud lemah, ubin, babut, keramik, utawa bahan liyané. Omah modhern racaké pepak duwé unsur-unsur iki, lan ruangan ing sajeroné kapérang-bagi dadi kamar-kamar sing carané nganggo dhéwé-dhéwé, kaya ta kamar turu, pakiwan utawa kakus, ruang mangan, ruang kulawarga, ruang tamu, garasi, gudhang, téras, lan pekarangan.

Sajeroning kagiyatan sadina-dina, wong racaké ana ing sajabané omah saperlu nyambutgawé, mlebu sekolah, utawa ngayahi aktivitas liya, nanging paling sethithik omah duwé fungsi minangka papan kanggo turu kulawarga.

Onggi

Onggi punika jinising tempayan ingkang dipundamel saking tembikar lan dipunginaken kanggé kapreluan padintenan wonten ing Koréa. Tiyang Koréa ngginakaken Onggi minangka papan kanggé nyimpen dhaharan tradhisional kados kimchi, jeotgal, kecap asin (ganjang), saos gochujang, doenjang lan sanèsipun. Istilah onggi punika tumuju ing kalih jinis tembikar, ingkang dipunglasir ugi ingkang boten dipunglasir.

Palèt

Palèt iku piranti kang digawé saka plastik, keramik utawa kayu uga duwé mumpangat kanggo nyampur cèt nalika nglukis.Palèt dimumpangataké déning pelukis kanggo nyampur warna pokok utawa sok diarani ing seni rupa warna primèr.Campuran warna primèr bisa ngasilaké warna analogus , monokromatik.Werna dhasar palèt lumrahé kapilih warna kang nétral kaya ta warna putih.

Ronald Pope

Ronald Pope (1920 – 1997) inggih punika satunggaling seniman lan ugi pematung saking Inggris.

Silikon

Silikon ya iku pérangan kimia ing jero tabel periodik kang dipralambangi déning Si lan nomer atom 14. Senyawa kang dumadi duwé sipat paramagnetik. Pérangan kimia iki tinemu déning Jöns Jakob Berzelius. Silikon iku pérangan metaloid tetravalensi, sipate luwih ora reaktif tinimbang karbon, pérangan nonlogam kang ana ing dhuwure persis ing tabel periodik, nanging luwih reaktif tinimbang germanium, metaloid kang manggon persis ngisore ing tabel periodik. Kontroversi ngenani sipat-sipat silikon wiwit panemone: silikon pisanan digawé wujudé murni ing taun 1824 mawa jeneng silisium (saka tembung basa latin “silicis”), karo akhiran –ium kang tegesé logam. Sanajan kaya ngono, taun 1831, jenenge diganti dadi silikon amarga sipat-sipat fisike arep padha karo karbon lan boron.Silikon iku elemen paling akèh kawolu ing donya yèn ditiliki saka massane, nanging paling arang tinemu ing wujud murni ing donya. Silikon paling akèh ditemoni ing bleduk, pasir, planetoid lan planit kang wujudé kaya silikon dioksida utawa silikat. Luwih saka 90% kerak bumi kasusun saka mineral silikat, ndadèkaké silikon mawa pérangan kaloro paling akèh ing kerak bumi (udakara 28% massa) sawisé oksigèn.Silikon luwih kereb minangka nggawé serat optik lan oprasi plastik kanggo ngisi pérangan awak pasien ing wujud silikone.Silikon ing wujud mineral uga diarani mawa zat kersik.Akeh-akèhé silikon dikomersialake tanpa dipisahake, nanging ana kalane luwih sithik prosès saka senyawane ing donya. Tuladhané ya iku panganggonan langsung watu, pasir silika lan lemah lempung ing pambangunan gedung. Silika uga ana ing keramik. Akèh pérangan silikon modern kaya silikon karbida kang dianggo rikala nggawé keramik kang dayane dhuwur. Silikon uga dianggo mawa monomer rikala nggawé polimer sintetik silikon.Pérangan silikon uga duwé peran gedhé ing ékonomi modern. Sanajan akèh silikon digunakaké ing prosès penyulingan baja. Pengcoran alumunium lan ing prosès indrusti kimia liyané, sapérangan silikon uga digunakaké mawa perkawis semikonduktor ing elektronik-elektronik. Amerga manpaate gedhé ing sirkuit terintegrasi, dhasar saka komputer, mula mlakune tèknologi modern gumantung ing silikon.

Uranium

Uranium yakuwi sawijining unsur kimia jroning tabel périodik kang nduwèni lambang U lan nomer atom 92. ya iku wujud salah sijiné unsur kimia sajeroning tabel periodik kang duwèni lambang U lan nomer atom 92. Salah sijiné logam abot, beracun, wernané putih rodok pérak lan radioaktif alami, uranium kalebu ing sèri aktiinida (actinide series). isotopé 235U digunakaké minangka bahan bakar reaktor nuklir lan senjata nuklir. Uranium racaké ana ing watu-watunan nanging cacahé sithik, uga ana ing lemah, banyu, wit-witan, lan kéwan (kalebu manungsa).

Uranium wujud unsur logam radioaktif kanthi titik lebur 1.1.50 C lan titik umob 3.818C. Uranium tinemu ing taun 1789 déning M. Klaproth. Uranium sumberé saka mineral, kaya ta kerpu uranium(uranit), karnotit, lan wiji liyané. Panggunaan uranium dhéwé ya iku minangka kanggo keramik, pigmen gelas, fotografi lan analisis kimia.Uranium ndarbèni 92 proton lan 92 elektron, lan elektron valensi 6. inti uranium ngiket akèhé 141 nganti 146 neutron, saéngga ana 6 isotop uranium. isotop kang paling umum ya iku uranium 238 (146 neutron) lan uranium 235 (143 neutron). Kabèh isotop uranium ora stabil lan sipaté radioaktif endèk. Uranium Nduwèni bobot atom paling abot kapindho ing antarané kabèh unsur-unsur kimia kang bisa tinemu kanthi alami. Masa jinis uranium kira-kira 70% luwih gedhé daripada timbel, nanging ora sepadet emas utawa tungsten. Uranium bisa tinemu kanthi alami ing konsèntrasi éndek ing lemah, wewatuan, lan banyu.

Uranium kang bisa ditemoni kanthi alami ya iku uranium 238 (99,2742%), uranium-235 (0,7204%), sekelumit uranium-234 (0,0054%). Uraanium meluruh kanthi alon kanti mancaraké partikel alfa. Umur paruh uranium 238 yiku 4,47 miliyar taun, wondéné kanggo uranium 235 ya iku 704 taun. Mangka saka iku, uranium bisa minangka ngerténi umuré bumi.Uranium 235 wujud siji-sijiné isotop unusur kimia alami kang sipaté fisil (ya iku bisa nahan reaksi beranté ing fusi nuklir), wondéné uranium 238 bisa didadèkaké fisil nggunakaké neutron rikat. Saliyané iku, uranium 238 uga bisa ditransmutasikaké dadi plutonium-239 kang sipaté fisil sajeroning reaktor nuklir. Isotop uranium liyané kang uga sipaté fisil ya iku uranium 233 kang dikasélaké saka torium

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.