ISBN

ISBN (International Standard Book Number) ya iku kodhe pangidhèntipikasi utawa tata baku katalogisasi indeks buku kang asipat unik.[1] ISBN lumrahé awujud 13 angka kang nggampangaké panggolèkan lan pamasaran buku.[2] ISBN ngemot informasi bab irah-irahan, panerbit, lan golongan panerbit.[1] Amarga iku, antarané buku siji lan liyané bakal béda nomer ISBN.[1] ISBN diwènèhké saka Badan Internasional ing London, néng Indonésia ISBN diwènèhké saka Perpustakaan Nasional Republik Indonesia RI.[2]

Guna ISBN

ISBN duwé guna kanggo:[1]
1. Maringi idhèntitas kanggo salah sawiji irah-irahan buku kang diterbitake panerbit;
2. Mbiyantu ngalancaraké distribusi buku amarga kena nyegah klèru-klèru ing pamesenan buku;
3. Srana promosi kanggo panerbit amarga informasi pancantuman ISBN disebaraké saka Badan Nasional ISBN Indonésia ing Jakarta, uga Badan Internasional kang ana ing London.

Struktur ISBN

Nomer ISBN madeg saka 13 angka lan dikèki huruf ISBN nèng ngarepé.[1] Nomer iku madeg saka 5 pérangan.[1] Saben pérangan dicithak kanthi dipisah tandha hyphen (-).[1] Kelompok pambagéyan nomer ISBN ditemtokaké kanthi struktur kaya mangkéné:[1]

tuladha : ISBN 978-602-8519-93-9

1. Angka pangenal produk terbitan buku saka EAN (Prefix identifier) = 978
2. Kode kelompok (group identifier) = 602 (Default)
3. Kode panerbit (publisher prefix) = 8519
4. Kode irah-irahan (title identifier) = 93
5. Angka pamariksa (check digit) = 9

Terbitan kang dikèki ISBN

Terbitan-terbitan kang bisa dikèki ISBN, ya iku:[1]
1. Buku kacithak (monografi) lan pamphlet;
2. Terbitan Braille;
3. Buku péta;
4. Film, vidéo, lan transparansi kang asipat édukatif;
5. Audiobooks ana kasèt, CD, utawa DVD;
6. Terbitan èlèktronik (kaya ta machine-readable tapes, disket, CD-ROM lan publikasi ing internèt);
7. Salinan digital saka cithakan monograf;
8. Terbitan microform;
9. Software édukatif;
10. Mixed-médhia publications kang ngemot tèks.

Déné terbitan kang ora bisa dikeki ISBN, ya iku:[1]
1. Terbitan kang terbit kanthi tetep (kalawarta, buku, lsp.);
2. Iklan;
3. Printed music;
4. Dokumèn pribadi (kaya ta biodata utawa profil personal elektronik);
5. Kertu ucapan;
6. Rekaman musik;
7. Software saliyané kanggo édukasi kalebu game;
8. Buletin èlèktronik;
9. Surat èlèktronik;
10. Dolanan.

Panyantuman ISBN

ISBN ditulis nganggo huruf cithak kang jelas lan gampang diwaca.[1] Singkatan ISBN ditulis nganggo huruf gedhé, ndhisiki panulisan angka pangenal golongan, pangenal panerbit, pangenal irah-irahan, lan angka pamariksa.[1]
Kanggo terbitan cithak, ISBN dicantumké ing:[1]
1. Pérangan ngisor sampul mburi (back cover);
2. Verso (ing walike kaca irah-irahan) (kaca copyright);
3. Geger buku (spine) kanggo buku kandhel, nèk bisa.

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m "Info ISBN". Perpusnas. Dijupuk 9 January 2016.
  2. a b "Cara Mudah Mengurus ISBN Buku". Nyonya Buku. Dijupuk 9 January 2016.

Pranala njaba

Adiparwa

Adiparwa iku kitab pratama wiracarita Mahabharata. Ing kéné dicritakaké kepriyé prabu Pariksit utawa Parikesit atakon marang bagawan Janamejaya bab misuwuring leluhuré sampéyan dalem. Banjur bagawan Janamejaya sing isih trah bagawan Byasa nyaritakaké. Kayata Mahabarata lan Ramayana kitab iki dadi sumber utama kawruh bab sendratari lan lelagon. Ing taun 990-1016, Ratu Dharmawangsa Teguh Anantawikramottunggadéwa paring titah kanggo mertalaké lan nyadhur carita Mahabarata menyang basa Jawa kuno. Kitab iki sajatiné bab pambuka Mahabarata kang ngemot rong pérangan utama. Ing pérangan sapisan isiné kurban Ratu Janamejaya. Sabanjuré ing pérangan kapindho nyaritaké bab pandawa lan kurawa.Ing Adiparwa carita-carita kang diemot ya iku:

Sarpayajña utawa upacara kurban ula;

Pamuteran ksirarnawa utawa samudra susu kanggo golèk amreta;

Sajarah purwané leluhuré para Pandhawa;

Mangsa timuré para Pandhawa.Carita-carita iki kabèh diayam awujud carita bingké.

Afrika

Afrika iku bawana (bawana) sing gedhé dhéwé kaping loro sa donya sawisé Asia. Jembaré karo kapuloan ing saubengé ana 30,2 yuta km², iku minangka 6% lumahing bumi lan 20,4% lumah lemah donya. Ing tanah Afrika iku sing ndunungi ana kira-kira sak milyar jiwa (cacah taun 2009) lan kapérang dadi 61 wewengkon, ya iku nyakup kira-kira 14,72% sing ndunungi donya.

Tanah Afrika iku kabagé dadi pirang-pirang tlatah sing luwih cilik, ya iku Afrika Lor (Maghribi), Afrika Kulon, Afrika Tengah, Afrika Kidul, lan Afrika Wétan.

Afrika diliwati garis katulistiwa lan duwé warna-warna iklim; iki minangka siji-sijiné bawana sing mbentang saka wates loré zona iklim sedheng bumi nganti wates kidulé. Prakiran pertumbuhan ékonomi Afrika ya iku watara 5,0% ing taun 2010 lan 5,5% ing taun 2011.

Aljazair

Républik Démokratik Rakyat Aljazair (basa Arab: الجمهورية الجزائرية الديمقراطية الشّعبية, basa Berber: Tagduda tamegdayt taɣerfant tazzayrit) utawa sok diarani Aljazair iku nagara ing tlatah Maghribi, Afrika. Yèn miturut ambané wewengkon, Aljazair minangka nagara gedhé dhéwé ing Segara Tengah, gedhé dhéwé ing Donya Arab, kaping pindo ing bawana Afrika sawisé Sudan, lan kaping sewelas sa donya. Aljazair bakal dadi nagara Afrika gedhé dhéwé sawisé wewengkon Sudan Kidul mardika déning Sudan ing tanggal 9 Juli 2011.

Aljazair wewatesan karo Tunisia ing sisih lor-wétan, Libya ing sisih wétan, Maroko ing sisih kulon, Sahara Kulon, Mauritania, lan Mali ing sisih kidul-kulon, Niger ing sisih kidul-wétan, lan karo tlatah Segara Tengah ing sisih lor. Aljazair jembaré ana 2.400.000 km2, lan sing ndunungi kira-kira ana 35,7 yuta. Kutha krajané ya iku Aljir.

Aljazair minangka anggota Liga Arab, PBB, Uni Afrika, lan OPEC. Aljazair iku uga salah sawijining anggota pangadeg Uni Arab Maghribi.

Bumi

Bumi iku planit nomer 3 ing sistem tata surya. Planet bumi iku dibungkus lapisan atmosfer kanggo ngelindungi bumi saking radiasi akasa, awan srengéngé uga sinar-sinar tinentu saking srengéngé sing bahaya.

Dhomain publik

Dhomain publik, dhomain umum, utawa darbéning warga (basa Inggris: public domain) wohing laku kréatif lan kawruh kaya ta tulisan, karya kagunan (artwork), musik, sains, rerékan (invention), lan liya-liyané kang ora ana sawenèh wong utawa organisasi kang duwé kawigatèn proprietari (kawigatèn proprietary racaké dilakoni kanthi mènèhi hak cipta utawa patèn) marang bab-bab mau. Karya lan rerékan kang ana ing dhomain publik kaaran péranganing warisan budaya publik, lan saben wong bisa nggunakaké tanpa watesan (ora kalebu ukum kang magepokan karo pangayoman, èspor, lsp.).

Hak cipta rinancang kanggo tetawa anggoné ngembangaké kagunan (art) lan kawruh kanthi mènèhi panyengkuyung dana marang kang ngréka. Publik nduwé hak kanggo migunakaké tanpa kabotan prakara dana utawa sosial. Nalika hak cipta utawa watesan liyané wis tekan wayah pungkasan uripé, karya dibalèkaké menyang dhomain publik.

International Standard Serial Number

International Standard Serial Number - ISSN (Nomor Seri Standar Internasional) iku siji nomer unik sing dipigunakaké kanggo idhèntifikasi publikasi berkala médhia cithak utawa èlèktronik. Nomor identifikasi iki sajinis karo ISBN tumap buku.

Intip

Intip iku panganan kang digawé saka sega. Asal muasalé, dhèk jaman biyèn ibu-ibu yèn masak utawa ngliwet sega nganggo kwali utawa kendhil. Yèn segané wis setengah mateng banjur dipindahaké menyang dandang, banjur dikukus. Lumrahé ing dhasar kwali mau ana sega kang isih nèmpèl kang wujudé kapara rada gosong. Sega kang nèmpèl iku kang diarani intip. Intip kang kari ana ing dhasar kwali dikerok lan banjur dipépé nganti garing. Yèn wis garing banjur digorèng, iki kang jenengé intip gorèng.

Intip uga énak yèn sawisé dijupuk saka kwali banjur disiram duduh jangan utawa dipangan nganggo parutan klapa lan dipangan minangka nyamikan.

Jaman saiki intip wis akèh didol ing toko-toko kang nyadiakaké olèh-olèh panganan kas. Intip kang misuwur antarané saka Sala.

Irak

Républik Irak (jeneng lokal: Al Jumhuriyah al Iraqiyah - jeneng lokal ringkes: Al Iraq (Arab: العراق , Turki: Irak, Kurdi: عيَراق), iku nagara ing Wétan Tengah utawa Asia Kidul-kulon, sing ngambah sapérangan gedhé dhéwé laladan Mesopotamia sarta pojok lor-kulon saka Pagunungan Zagros lan pérangan wétan saka Ara-ara Suriah. Nagara iki wewatesan karo Kuwait lan Arab Saudi ing kidul, Yordania ing kulon, Suriah ing lor-kulon, Turki ing lor, lan Iran ing wétan. Irak duwé pérangan sing ciut banget saka garis pasisir ing Umm Qashr ing Lempongan Pèrsi.

Kutha krajan Irak ya iku Bagdad. Nagara iki sing ndunungi kurang luwih 22 yuta jiwa lan jembaré ana... km².

Kroasia

Kroasia iku nagara ing banawa Éropah kang tlatahé awujud tapel jaran kang dumunung ana ing tapel wates déning Segara Tengah ing sisih Kidul, Éropah Tengah ing sisih lor lan Balkan ing tenggara. Kutha krajané ya iku Zagreb. Sajeroning sajarah, nagara iki wujud nagara rèpublik kanggo Rèpublik Sosialis Federal Yugoslavia. Nagara iki uga misahake lan wis duwé kamardhikaan ing 1991 uga dadi salah sijiné kandidat sak anggota Uni Éropah.Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 4,5 yuta jiwa. Kutha krajané iku Zagreb. Nagara iki sempalan saka Yugoslavia.

Népal

Républik Féderal Démokratis Népal (Sanghiya Loktāntrik Ganatantra Nepāl) iku siji nagara ing Asia Kidul. Nepal ana ing Asia Kidul, wewatesan kaliyan Républik Rakyat Tiongkok (Laladan Otonomi Tibet) ing sisih lor lan India ing kulon, wétan, lan kidul.

Nepal mardika saka Inggris tanggal 21 Dhésèmber 1923. Sadurungé, nagara sing mapan ing Himalaya iki duwé status protektorat sawisé dikalahaké Inggris ing perang taun 1815. Taun 1990, Nepal ngowahi sistem pamréntahanné dadi monarki konstitusional. Taun 2008 Nepal ngowahi sistem pamarentahe dadi republik.

Palèstina

Palestina (basa Arab: دولة فلسطين Dawlat Falisthiyn, basa Suryani: Palestina, utawa basa Ibrani: פלשתינה Paleshtiyna, utawa basa Ibrani: ארץ־ישראל Eretz Yishra'el) iku laladan ing Wétan Tengah antarané Laut Tengah lan Kali Yordan. Status pulitiké isih sajeroning patentangan. Sapérangan gedhé nagara ing donya kalebu nagara-nagara anggota OKI, ASEAN, lan Gerakan Non-Blok ngakoni anané nagara Israèl uga nagara Palestina. Saiki laladan iki dipérang dadi rong pérangan:

Laladan Israèl

Laladan Otoritas Nasional Palèstina, ya iku sapérangan gedhé Tepi Barat lan kabèh Lurung Gaza

Pangeran Antasari

Pangeran Antasari (lair ing Kayu Tangi, Kasultanan Banjar, 1797 utawa 1809. – tilar donya ing Bayan Begok, Indhiya Nèderlan, 11 Oktober 1862) ya iku kagolong piyantun pajuang Pahlawan Nasional Indonésia.

Panjenengané misuwur karan jeneng Sultan Banjar. Pada 14 Maret 1862, uga dinobatake kanggo mandhegani pamrèntahan Ndhuwur ing Kasultanan Banjar (Sultan Banjar) kanthi nyandang gelar Panembahan Amiruddin Khalifatul Mukminin ing ngarepan suku dayak lan adipati (gubernur) panguasa tlatah Dusun Ndhuwur, Kapuas lan Kahayan ya iku Tumenggung Surapati/Tumenggung Yang Pati Jaya Raja.

R. Suprapto (pahlawan revolusi)

Letnan Jenderal R. Suprapto (Purwokerto, 20 Juni 1920–Lubangbuaya, Jakarta, 1 Oktober 1965) iku pahlawan nasional Indonésia. Suprapto minangka salah siji kurban sajeroning Gerakan 30 September lan disrèkaké ing Taman Makam Pahlawan Kalibata, Jakarta.

Raja Ali Haji

Raja Ali Haji bin Raja Haji Ahmad utawa kang kondhang kanthi jeneng Raja Ali Haji (lair ing Selangor, 1808-séda ing Pulau Penyengat, Kapuloan Riau, 1873) ya iku ulama, sejarawan, lan pujangga abad kaping 19 keturunan Bugis lan Melayu. Raja Ali Haji kondhang mingka dadi pencatat dhasar-dhasar tata basa Melayu kang pisanan liwat buku Pedoman Basa; buku kang dadi standar basa Melayu. Basa Melayu standar iku ing Konggrès Pemuda Indonésia tanggal 28 Oktober 1928 didadèkaké basa nasional, basa Indonésia. Dhèwèké iku putune Raja Haji Fisabilillah, Yang Dipertuan Muda IV saka Kesultanan Lingga-Riau uga bangsawan Bugis.

Singapura

Singapura (Inggris Singapore; Mandarin 新加坡 (Xīnjiāpō); Tamil சிங்கப்பூரசு (Ciŋkappūr)) iku nagara kutha ing Asia Kidul-Wétan. Nagara ini jembaré 704 km² lan kang ndunungi ana 4,7 yuta jiwa.

Nagara iki kapisah saka Malaysia déning Selat Johor ing sisih lor, lan saka Kapuloan Riau, Indonésia déning Selat Singapura ing sisih kidul. Singapura minangka pusat kauangan urutan kapapat ing donya lan minangka kutha donya kosmopolitan kang mainaké peran wigati sajeroning perdagangan lan kauangan internasional. Plabuhan Singapura iku siji saka lima plabuhan paling ramé ing donya.Singapura duwé sajarah imigrasi kang dawa. Sing ndunungi gunggung 5 yuta jiwa, dumadi saka ètnik Cina, Melayu, India, manéka katurunan Asia, lan Kaukasoid. 42% kang ndunungi Singapura wujud wong mancanagara kang nyambutgawé lan ngangsu kawruh. Pekerja manca minangka 50% saka sèktor jasa. Nagara iki minangka kang paling padhet kaloro ing donya sawisé Monako. A.T. Kearney nyebut Singapura minangka nagara paling kaglobalisasi ing donya ing Indèks Globalisasi taun 2006.

Soekarno

Dr. (HC) Ir. Sukarno (Blitar, 6 Juni 1901-Djakarta, 20 Juni 1970), asma aslinipun Kusno Sosrodihardjo, inggih punika présidhèn kapisan Républik Indonésia ingkang mengku kalungguhan periode 1945–1966. Panjenenganipun gadhah peran wigatos kanggé mardikakaken bangsa Indonésia saking panjajahan Walanda. Présidhèn Sukarno punika ingkang gadhah gagasan ngenani Pancasila amargi panjenenganipun ingkang sepisanan nyetusaken konsèp ngenani dhasar nagara Indonésia punika lan panjenenganipun piyambak ingkang maringi nama Pancasila. Panjenenganipun punika Proklamator Kamardikan Indonésia (sesarengan kaliyan Mohammad Hatta) ingkang dumados tanggal 17 Agustus 1945.

Présidhèn Sukarno gadhah paraban Bung Karno. Bung Karno dipun-gantos déning Soeharto.

Surat Yunus

Surat Yunus (Arab سورة يونس) iku surat kaping 10 Al-Quran mawa 109 ayat. Isiné bab Nabi Yunus lan siji Surat Mekah.

Sutoyo Siswomiharjo

Sutoyo Siswomiharjo (28 Agustus 1922-1 Oktober 1965) iku jendral Angkatan Dharat Indonésia kang diculik lan diprejaya sajeroning pacoban kudéta déning Gerakan 30 September.

Tetuwuhan

Tetuwuhan iku ing èlmu Biologi tegesé titah kang kagolong Regnum Plantae, ing antarané: kabèh tetuwuhan mawa pembuluh, kang semu lan kang sajati (lumut ati, lumut, paku-pakuan uga tetuwuhan wewiji). Ing vèrsi taksonomi tetuwuhan tinentu, alga ijo uga kalebu ing karajan (regnum) iki. Tetuwuhan iku jinis titah autotrof kang mupangataké klorofil kanggo komponèn pangowah ènèrgi foton saka cahya srengéngé dadi ènèrgi kimiawi kang wujudé gula. Prosès pangalihan iki diarani prosès fotosintesis. Amarga solahé kang autotrof, tetuwuhan iku ana ing posisi angka siji ing ranté ilèn ènèrgi liwat titah (ranté panganan).

Amarga warna ijo dominan banget ing anggota karajan iki, mula jeneng liya kang dianggo ya iku Viridiplantae ("tetuwuhan ijo"). Jeneng liyané ya iku Metaphyta.

Klasifikasi tetuwuhan mangsa kapungkur nglebokaké uga kabèh jinis alga lan fungi (kalebu jamur lendhir) minangka anggotané. Kritik-kritik kang muncul sabanjuré agawé fungi dipisahaké saka tetuwuhan. Sanadyan stasioner, fungi asipat saprotrof, olèh ènèrgi saka sisa-sisa bahan organik. Kajaba iku, dhindhing sèl fungi ora kasusun saka bahan kang padha karo tetuwuhan lan malahan mèmper kéwan.

Sapérangan gedhé alga banjur wiwit dipisahaké saka kaanggotaan tetuwuhan amarga ora duwé diferensiasi jaringan lan ora ngembangaké klorofil minangka pigmen panangkap ènèrgi.

Panggunaan tèknik-tèknik biologi molekuler marang filogèni tetuwuhan pranyata mènèhi panyengkuyung pamisahan iki.

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.