Gènus

Gènus iku wangun panglompokan ing klasifikasi kauripan. Anggota-anggota gènus duwé pepadhan morfologi lan kekerabatan sing cerak. Ing sistem tatajeneng binomial, jeneng siji spesies makluk urip kapérang saka rong tembung: jeneng genusé (diwiwiti kanthi huruf kapital) lan jeneng panunjuk spesiesé. Contoné, Homo sapiens, jeneng ilmiah kanggo spesies manungsa modhérn, nandhakaké manawa manungsa modhérn kagolong ing génus Homo.

Agapornis

Agapornis (saka basa Yunani "agape" kang tegesé "tresna" lan "ornis" kang tegesé "manuk") iku gènus manuk sing anggotané spésies cacah 9. Spésies cacah 8 asalé saka Afrika, lan spésies cacah siji asalé saka Madagaskar.

Alas bakau

Alas Bakau utawa alas mangrove ya iku alas kang ana ing rawa-rawa kang banyuné payau kang lumrahé ing garis pasisir uga kadayan pasang surut banyu laut. Alas iki urip khususé ing panggonan kang kadadéan pelempungan lan akumulasi bahan organik. Alas iki bisa urip ing teluk-teluk kang kalindung saka gempurab ombak, uga bisa urip ing kali-kali kang banyuné alon lan ana endapan lempung kang digawa saka hulu.Ekosistem alas bakau duwé sipat kas, amarga anané lempung kang njalari kurangé aerasi lemah; salinitas lemahé dhuwur; uga ngalami daur penggenangan saka pasang surut banyu laut. Wit-witan kang bisa urip ing panggonan kaya ngene mung sithik lan jinis-jinisé akèh-akèh duwé sipat kas alas bakau amarga wis ngalami prosès adhaptasi lan evolusi.

Anggrèk

Suku anggrèk-anggrèkan utawa Orchidaceae iku suku tetuwuhan ngembang kanthi anggota jinis paling akèh. Jinis-jinisé kasebar wiyar saka laladan tropika teles tekan wewengkon sirkumpolar, sanadyan sapérangan gedhé anggotané tinemu ing laladan tropika. Akèh-akèhé anggota suku iki urip minangka epifit, mligi kang asalé saka laladan tropika. Anggrèk ing laladan iklim sedheng lumrahé utip ing lemah lan minangka umbi minangka cara adhaptasi marang usum adhem. Organ-organé kang lumrahé kandel lan "ndaging" (sukulen) marakaké tahan ngadhepi tekanan sumadyaning banyu. Anggrèk epifit bisa urip saka embun lan udara lembab.

Anggota wigati kang kaloka manungsa ya iku anggrèk hias sarta panili.

Carnegiea gigantea

Saguaro (/[unsupported input]səˈwɑːroʊ/; jeneng èlmiah Carnegiea gigantea) iku spésies wit kaktus kanthi ukuran gedhé sajeroning gènus monotypic Carnegiea. Kaktus iki asli saka ara-ara Sonora ing praja Arizona, Amérika Sarekat.

Jeneng umum saguaro mlebu sajeroning basa Inggris liwat basa Spanyol, sing asalé saka basa O'odham.

Chikungunya

Chikungunya (ing basa Makonde tegesé "kang nglengkuk mandhuwur") ya iku salah sawijiné jinis lelara kang disebabaké déning virus gegremet-borne saka gènus Alphavirus. Lelara iki ditularaké tumrap manungsa lumantar cokotan lemut Aèdès aégypty. Chikungunya njalari lelara kanthi tandha-tandha kang arep padha karo demam berdarah dengue, kanthi fase demam akut mung rong dina nganti limang dina kang ditutaké lelara arthralgic kang suwé lan mrabawani sendi-sendi ekstremitas. Rasa lara kang ana gegayutané karo infèksi chikungunya saka sendi kadadéan sawatara mingggu utawa sasi, utawa ing sawatara taun kasus.

Durèn

Durèn iku kalebu tuwuhan woh-wohan kang wujud wit. Sebutane durèn diprakirakaké saka istilah Malayu ya iku saka tembung duri kang diakhiri panambang-an saéngga dadi durèn. Tembung iki mligi kanggo nyebut woh kang kulite duwé eri kang lancip-lancip.Wit durèn kalebu jinis famili Bombaceae, bangsane wit kapuk-kapukan. Sing umum ingaran durèn ya iku wit saka marga (gènus) Durio, Nesia, Lahia, Boschia, lan Coelostegia.

Gorila

Gorila iku siji kethèk kang urip ing lemah lan hèrbivor kang urip ing alas ing Afrika Tengah. Gènus Gorila iku kabagi ing rong spèsiès: gorila wétan lan gorila kulon. Loro-loroné iku kaancem cures, lan ana papat utawa lima subspèsiès. Gorila iku primata kang gedhé dhéwé kang isih ana. DNA gorila iku mèmper DNAné manungsa, kamèmperané antara 95-99%, iku magepokan apa kang diitung, lan gorila iku saduluré manungsa kang raket dhéwé sawisé simpansé lan bonobo.

Habitat alami gorila iku alas tropis lan subtropis ing Afrika lan saiki akèh kaancem wong kang mbeburu gorila kanggo dipangan dagingé.

Kastanya

Kastanya (Castanea) inggih punika satunggaling nama gènus kanggé wolu utawi sangang untuk spésies wit utawi perdu peluruh saking familia Fagaceae asal wewengkon iklim sedhengan ing bumi belahan lèr. Nama punika ugi kaginakaken kanggé wiji ingkang saged dipundhahar saking cupak (woh) mawi eri landhep ingkang dipunasilaken saking wit punika. Wonten ing Basa Inggris tuwuhan punika dipunwastani chestnut. Tuwuhan punika wonten ing Basa Indonésia ugi dipunsebat kastanye (saking Basa Walanda: kastanje) utawi ugi dipunsebat kacang berangan.

Katès

Katès, Gandhul, utawa Gamblok (Carica papaya L.) iku kalebu tuwuhan hérba saka famili Caricacea kang asalé saka Meksiko sisih kidul lan sisih loré Amérika Kidul uga saka Hindia Kulon, saiki nyebar wiyar lan akèh ditandur ing laladan tropis kanggo dijupuk wohé. C. papaya iku siji-sijiné jinis sajeroning gènus Carica. Jeneng katès ing basa Indonésia ya iku "pepaya" kang dijupuk saka basa Walanda, "papaja", kang ing giliran"papaja" uga njupuk saka jeneng basa Arawak, "papaya". Ing basa Sundha, katès sebutané "gedhang".

Kodhok

Kodhok (basa Inggris: frog) lan bangkong (b. Inggris: toad) (anaké ingaran percil) iku kéwan amfibi kang paling ditepungi wong ing Indonésia.Amphi kang artiné rangkep loro lan Bios artiné urip utawa kéwan kang duwé balung mburi (vèrtebrata) bisa uripé ana ing loro alam, saéngga kodhok uga bisa ngalamimetamorfosis ya iku semangsa urip ing banyu nggunakaké kepet/ingsan. Ambegan nganggo ingsan uga langi karo kepet buntuté. Ing mangsa diwasa kodhok bisa ambegan karo paru-paru lan mlaku nganggo sikil ana ing lemah. Kulawarga kéwan iki kagolong kodhok kang ora duwé buntut (anura) lang bangsa (apoda) uga kagolong amfibi kang duwé buntut lan sikil ya iku kabèh kalebu ing suku salamander (caudata/urodela). Bocah-bocah lumrahé seneng karo kodhok amarga wanguné lucu, kerep mlumpat-mlumpat, ora tau nyokot lan ora mbebayani. Mung wong diwasa kang kerep rumangsa jijik utawa wedi kang ora ana alasané marang kodhok.Awaké kodhok cendhèk, lemu utawa kuru, gegeré rada wungkuk, sikilé papat lan ora ana buntuté (anura: a ora, ura buntut). Kodhok lumrahé duwé kulit alus, lembab, kanthi sikil mburi kang dawa. Suwaliké bangkong kulité kasar mawa bintil-bintil nganti mbingkul-mbingkul, asring garing, lan sikil mburiné asring mung cendhak waé, saéngga akèh-akèhé kurang pinter mlumpat adoh.

Lingkes

Life Lingkes punika satunggaling jinis wanan ingkang ukuranipun sedhangan. sadayanipun inggih punika anggota saking gènus Lynx, nanging wonten kathah kekacauan babagan cara ingkang saé kanggé nggolong-golongakèn spésies felis ing mangsa punika. Sebagian ahli nggolongakèn punika dados péranganing gènus Felis.

Punika jerih lan madeg ing ambang kepunahan.

Mamalia

Kéwan nyusoni utawa mamalia iku kelas kéwan vèrtebrata kang mligi kaciri déning anané klanjer susu, kéwan wadon ngasilaké susu minangka sumber panganan anaké; anané rambut; lan awak kang endoterm utawa "getih panas". Utek ngatur sistem peredaran darah, kalebu jantung kang duwé ruwang papat. Mamalia kapérang punjul 5.000 gènus, kang sumebar ing 425 kulawarga lan nganti 46 ordo, sanajan prakara iki gumantung klasifikasi èlmiah kang dianggo.

Sacara filogenetik, kang ingaran Mamalia iku kabèh turunan saka nenek moyang monotremata (kaya ta echidna) lan mamalia Eutherian (kang duwé plasenta lan duwé kanthong utawa marsupial)

Protozoa

Protozoa, asalé saka tembung Basa Yunani Kuna, ya iku tembung protos kang tegesé sepisanan lan tembung zoon kang tegesé kéwan. Dadi protozoa iku kéwan kang sepisanan. Organisme iki wujudé cilik nanging prasaja, duwé struktur kang luwih majemuk saka sèl tunggal kéwan multisèlulèr, sanadyan mung sèl tunggal nanging protozoa kalebu organisme sampurna. Protozoa iku heterotrophic eukaryote sèl tunggal, kang mangan baktèri lan protista liyané. Protozoa diklasifikasèkaké sajeroning kingdom Protista, ya iku salah sawijiné golongan protista kang mèmper kéwan. Protozoa nglakokaké réprodhuksi kanthi cara sèksual (generatif) lan bisa uga réprodhuksi asèksual (vegetatif). Papan uripé ya iku ing panggonan teles utawa ana banyuné. Yèn kaanan lingkungan papan uripé ora kepénak, protozoa nggawé mèmbran kandel lan kuwat kang diarani kista. Èlmuwan sepisanan kang nyinaoni protozoa ya iku Anton van Leeuwenhoek. Sawatara jinis protozoa kang wujud baktèri bisa njalari lelara. Jinisé antarané Amoeba, Paramecium lan sapanunggalané.

Sangkan paraning asu

Sangkan paraning asu omah iku ora terang. Asu omah iku anggota gènus Canis, sing dadi pérangan saka canidae sing mèmper sregala lan dadi karnivora dharat sing akèh dhéwé. Kerabat asu sing cedhak dhéwé iku sregala abu-abu. Nanging loro-loroné iku sajatiné taxa saduluran, awit sregala modèren iku ora cedhak banget karo sregala sing kapisan didomèstikasi. Rekaman arkéologi nuduhaké menawa asu sing ora ragu dikubur cedhaké manungsa iku saka 14.700 taun kapungkur. Kamangka tilas asu sing kontrovèrsial iku saka 36.000 taun kapungkur. Tanggal-tanggal iki nuduhaké menawa asu awal dhéwé iku muncul nalika manungsa isih urip minangka wong sing golèk paburon lan pituwasing tegal, dudu minangka juru tani. Asu iku spèsiès kapisan sing didomèstikasi manungsa.

Simpansé

Opisthokonta Simpansé iku kethèk gedhé saka Afrika saka gènus Pan, sing wuluné ireng dawa. Simpansé iku kawujudaké saka rong spèsiès: simpansé lumrah 〔Pan troglodytus〕lan bonobo (Pan paniscus).

Simpanse iku anggota saka kulawarga Hominidae, bebarengan karo gorila, manungsa, lan urangutan. Manungsa lan simpansé miturut téori kapisah wiwit 4 - 6 yuta taun kapengker.

Simpansé iku kéwan pribumi ing laladan Afrika sangisoring Sahara lan simpansé lumrah sarta bobono bisa ditemokaké ing alas Kongo, kamangka simpansé lumrah uga ana ing lor manèh ing Afrika Kulon. Rong spèsiès iki ana ing pratélan abang IUCN sing ngenani spèsiès kaancem bebaya cures lan nalika Konvènsi Spèsiès Migrasi ing taun 2017, sing dianakaké ing Filipina, simpansé lumrah disèlèksi supaya direksa sacara kusus.

Taenia (cacing pita)

Taenia inggih punika salah satunggaling kéwan jinis cacing saking marga cacing pita ingkang kalebèt Karajan Animalia, Filum Platyhelminthes, Kelas Cestoda, Bangsa Cyclophyllidea, Suku Taeniidae.

Jinis sanèsipun kawentar dados parasit vèrtebrata ingkang saged ndamel lelara utawa nginfeksi manungsa, babi, sapi, lan kebo.

Velociraptor

Velociraptor ya iku jinis kéwan dinosaurus sing kalebu kéwan karnivora nalika jamanè ya iku ing Jaman Cretaceous pungkasan. Tembung Velociraptor manawa kapèrang dadi loro ya iku Veloci (rikat) lan Raptor (maling),manawa didefinisikakè bakal duwé teges dinosaurus sing mlayune rikat. Velociraptor diceluki maling amarga kebiasaanè nyolong endhog kéwan liya.

Virus Rubéla

Virus rubéla ya iku virus kang njalari campak jerman (jerman mung simbul) kang nyerang bocah-bocah, wong diwasa, lan uga wong meteng. Virus rubela bisa nyerang pérangan saraf utawa otek kang banjur nyerang kulit kang katandai anané titik-titik abang kaya campak biyasa. Virus iki asalé saka kuluwarga virus Togaviridae lan gènus Rubivirus.

Warak jawa

Wwarak jawa (basa Indonésia: badak bercula-satu kecil, basa Latin: Rhinoceros sondaicus) iku anggota famili Rhinocerotidae kang duwé sungu cilik siji lan siji saka limang jinis warak kang isih ana. Warak iki mlebu gènus kang padha karo warak India lan duwé kulit mosaik kang mémper klambi waja. Warak iki dawané 3,1–3,2 m lan dhuwuré 1,4–1,7 m. Warak iki luwih cilik tinimbang warak India lan luwih cerak gedhéné awaké karo warak Ireng/warak Hitam. Ukuran sunguné lumrahé kurang saka 20 cm, luwih cilik tinimbang sungu spésies warak liyané.

Warak iki tau dadi salah siji warak ing Asia kang paling akèh panyebarané. Sanajan ingaran "Warak jawa", kéwan iki ora mung urip ing Pulo Jawa waé, nanging ing saindhenging Nuswantara, Asia Kidul-Wétan lan India sarta Tiongkok. Spesies iki saiki statusé kritis, mung sithik populasi kang tinemu ing alam bébas, lan ora ana ing kebon ratu. Warak iki minangka mamalia paling langka ing bumi. Populasi 40-50 warak urip ing Taman Nasional Ujung Kulon ing Pulo Jawa, Indonésia. Populasi warak jawa ing alam bébas liyané ana ing Taman Nasional Cat Tien, Vietnam kanthi prakiran populasi ora punjul wolu ing taun 2007. Kurangé populasi warak jawa amarga paburon kanggo mélik sunguné, sing migunani banget kanggo pangobatan tradhisional Tiongkok, kanthi rega $30.000 per kilogram ing pasar gelap. Kurangé populasi warak iki uga amarga kélangan habitat, kang mligi amarga perang, kaya perang Vietnam ing Asia Kidul-Wétan kang uga njalari kurangé populasi warak jawa lan ngalangi pamulihan. Papané mung kéri ana ing rong laladan kang direksa. Warak jawa uga isih ana résiko diburu, gampang kena lelara lan saya ciuté karagaman genetik kang njalari gangguan nalika tangkar-tumangkar.

Warak jawa bisa urip 30 tekan 45 taun ing alam bébas. Warak iki urip ing alas ratan ngisor (hutan hujan dataran cendhèk), ara-ara kanthi suket teles lan laladan dharatan banjir gedhé. Warak jawa akèhé anteng, kajaba ing mangsa pangenalan lan nggedhèkaké anak, sanajan sawijining golongan sok bisa ngumpul nalika nggegupak lan golèk mineral. Warak diwasa ora duwé kéwan pamangsa kang dadi mungsuh. Warak jawa lumrahé nyingkir saka manungsa, nanging bakal nyerang manungsa manawa keganggu. Panliti lan pangreksa alam arang nliti kéwan iki kanthi langsung amarga langkané kéwan iki lan anané bebaya ngganggu sawijining spésies kang mèh cures. Panliti migunaake kodhak lan conto buwangan kanggo ngukur kaséhatan lan tindak-tanduké kéwan-kéwan iki. Warak jawa luwih sithik disinaoni tinimbang spésies warak liyané.

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.