Budaya

Budaya iku tegesé kabèh pamikir manungsa kang sipaté abstrak kang diwujudake dadi pola tingkah laku ing masarakat lan kasil Budaya kang sipaté fisik. Dadi budaya iku nduwé pérangan utawa unsur kang tahap-tahape ya iku: pikiran utawi gagasan utawi ide, rasa lan niyat. Kabèh gabungan pérangan utawa unsur-unsur iku mung ana ing manungsa.

Initiation ritual of boys in Malawi
sawijining upacara ing Malawi

Tembung budaya iku asalé saka basa Sansekerta ya iku "buddayah" kang asalé saka tembung "budhi" utawa akal. Akal iku dadi salah siji prangkat utama manungsa kanggo nglakoni urip lan ora ana makluk liya kang nduwé akal.

Miturut Prof. Koentjaraningrat, kabudayan iku gabungan kabèh sistem, gagasan, tindakan lan kasil karya manungsa ing masarakat kang bisa dipakolèhaké liwat sinau.

Kabudayan

Kabudayaan iku kasil saka gabungan unsur-unsur pikiran, rasa lan niyat kang diwujudke manungsa kanggo nglakoni urip.

Budaya golongan masarakat lumrah dadi ukuran dhuwur cendheke peradaban.

Pérangan/unsur budaya

Saka pikiran, rasa utawa perasaan lan niyat utawa karsa iku manungsa ngembangaké kabudayan kang lumrahé nduwé sipat-sipat kang padha. Babagan-babagan kasil pengembangan kabudayan iku antarané ing babagan-babagan:

  • Agama (rohani): Sajatiné manungsa iku ngrasa lemah, ora mampu lan iki njalari manungsa nggolèk kang luwih mampu, kang nguwasani. Saka kéné lair kebutuhan kang sipaté religius, nggolèk kang sajati, déwa lan liyané kang nuwuhaké sistem kepercayaan antarané animisme, dinamisme uga totemisme lan uga upacara/ritual kepercayaane.
  • Sosial: Manungsa uga ora bisa urip dhèwèkan, iki dadi nuwuhaké gayutan sadulur, tetangga utawa komunitas kang luwih gedhé upamané nagara.
  • Elmu lan teknologi: Manungsa uga butuh paham apa-apa kang ana ing sakiteré upamané yèn mbengi ana lintang ning yèn awan ana srengéngé, iki nglairaké sistem kawruh liwat pengamatan, uji coba lan sinau. Kanggo seserepan luwih lanjut, manungsa dadi butuh prangkat-prangkat kang diyasa nganggo tèhnik-tèhnik tinentu.
  • Basa: Komunikasi antar manungsa nuwuhaké sistem basa (lésan lan uga tulisan) uga kalebu ing kéné basa isyarat.
  • Seni: Kasil saka pamikir manungsa kang wujud adat utawa wujud jogèd, sastra, seni rupa, lan liyané.
  • lan liyané

Wujud budaya

Sajatiné, wujud kabudayan iku lair saka 3 unsur budaya ya iku:

  • Pikiran/gagasan: Wujudé esih abstrak ana ing pikiran manungsa ning uga bisa ditulisaké. Iki biyasa diarani wujud budaya awal kang bisa dijabarake dadi ide, aji-aji, aturan-aturan lan liyané.
  • Tingkah laku: Wujudé wis nyata lan dadi kabiasan ing masarakat.
  • Kasil budaya kang nduwé wujud fisik (artefak): Wujudé uga wis nyata lan nduwé sipat fisik.

Uga delengen

Antropologi

Antropologi (/[unsupported input]ænθroʊˈpɒlədʒi/) iku tegesé ngèlmu sing nitèni patindhakané wong urip karo adat-istiadaté sarta tradhisiné. Èlmu iki duwé asal-usul sajeroning èlmu alam, humaniora, lan èlmu sosial. Istilah "antropologi" saka basa Yunani anthrōpos (ἄνθρωπος), "manungsa", lan -logia (-λογία), "wacana" utawa "studi", lan pisanan dipigunakaké taun 1501 déning filsuf Jerman Magnus Hundt.Kawigatèn dhasar Antropologi ya iku "Apa sing ndhéfinisikaké Homo sapiens?", "Sapa nenek moyang Homo sapiens modhèren?", "Apa ciri-ciri fisik manungsa?", "Kepriyé patindakané manungsa?", "Ngapa ana variasi lan prabédan antarané golongan-golongan sing béda saka manungsa?", "Kepriyé mangsa kapungkur évolusi saka Homo sapiens diprabawai organisasi sosial lan budaya?" lan sapanunggalé.

Ing Amérikah Sarékat, antropologi kontèmporer racaké dipérang dadi papat sub-babagan: antropologi budaya (uga diarani "antropologi sosial", arkéologi, antropologi linguistik, lan antropologi fisik (utawa biologi). Panyerakan "papat-babagan" antropologi disajèkaké ing akèh buku tèks kasarjanan sarta program antropologi (tuladhané ing Michigan, Berkeley, Penn). Ing universitas-univrsitas sing ana ing Inggris, lan akèh ing Éropah, "sub-babagan" iki asring dipapanaké ing départemèn kapisah lan dideleng minangka disiplin èlmu sing béda.Sub-babagan sosial lan budaya wisbanget diprabawai déning téyori strukturalis lan pasca-modhèren, uga minangka pagèsèran menyang arah masarakat modhèren (ajang luwih mirunggan sajeroning komit para sosiolog). Sakwéné taun 1970an lan 1980an ana pagèsèran epistemologis adoh saka tradhisi positifisme sing sapérangan gedhé digenahaké disiplin. Sakwéné pagèsèran iki, pitakonan-pitakonan suwé ngenani sipat lan prodhuksi kawruh muncul ngisi papan utama sajeroning antropologi budaya lan sosial. Béda karo, arkéologi, antropologi biologi, lan antropologi lingustik sapérangan gedhé isih positivis. Amarga pabédan ing epistemologi, antropologi minangka disiplin duwé kekurangan kamanunggalan suwéné sapérangan dasawarsa akir-akir iki. Masalah iki uga wis njalari départemèn nyimpang, minangka conto nalika taun akademik 1998–9 ing Univèrsitas Stanford, ing ngendi "para èlmuwan" lan "non-èlmuwan" kapérang dadi rong départemèn: èlmu antropologi lan antropologi budaya & sosial; départemèn iki banjur digabung manèh nalika taun akademik 2008–9.

Asia Kidul-wétan

Asia Kidul-Wétan punika satunggiling tlatah ing jagad-wano (bawana) Asia. Tlatah punika papan watesipun budaya Asia Kidul utawi Indhia kaliyan budaya Asia Wétan utawi Cinten. Kirang langkung sepalih wewengkon tlatah Asia Kidul-Wétan, punika laladan kapulowan.

Asia Kidul-Wétan wewatesan karo Républik Rakyat Cina ing sisih lor, Samudra Pasifik ing wétan, Samudra Hindia ing kidul, lan Samudra Hindia, Lempongan Benggala, lan anak bawana India ing kulon.

Indhi

Républik Indhi utawa Républik India iku nagara ing Asia Kidul. Jeneng-jeneng liyané nagara iki iku Bharat utawa Bharata lan Jambudwipa. Tembung pungkasan iki tegesé "Pulo Jambu" lan dijenengaké mangkono amarga mèmper woh jambu. India iku nagara ing Asia kang kang ndunungi paling akèh kaloro ing donya, kanthi populasi punjul sak milyar jiwa, lan minangka nagara gedhé dhéwé kapitu miturut ukuran wewengkon géografis. Cacahing kang ndunungi India tuwuh ngrembaka wiwit tengahan 1980-an. Ékonomi India iku gedhé dhéwé kapapat ing donya miturut angka PDBné, diukur saka segi paritas daya beli (PPP), lan salah siji kang tuwuhing ékonomi paling rikat ing donya. India, nagara kanthi sistem dhémokrasi liberal gedhé dhéwé sadonya, uga wis muncul minangka kakuwatan regional kang wigati, duwé kakuwatan militèr gedhé dhéwé lan kamampuan nuklir.

Dumunung ing Asia Kidul kanthi garis pasisir dawané 7.000 km, lan péranganing anak bawana India, India iku péranganing rute dedagangan wigati. India wewatesan karo Pakistan, Républik Rakyat Cina, Myanmar. Banglades, Nepal, Bhutan, lan Afganistan. Sri Lanka, Maladewa, lan Indonésia iku nagara kapulon kang wewatesan.

India minangka dunungé peradaban kuna kaya Budaya Lembah Indus lan minangka papan kalahiran saka papat agama utama donya: Hindhu, Buda, Jainisme, lan Sikhisme. Nagara iki minangka péranganing Karajan Manunggal sadurungé mardika ing taun 1947.

Indonésia

Indonésia, resmine Républik Indonésia (basa Indonésia: Republik Indonesia), iku sawijining nagara berdaulat transkontinéntal dumunung mligi ing Asia Kidul-Wétan karo sawatara tlatah ing Oséania. Dumunung ing antarané Samodra Hindia lan Pasifik, iku nagara kapuloan gedhé dhéwé ing donya, kanthi punjul telulas èwu pulo. Indonésia nduwé kira-kira populasi liwat 258 yuta wong lan nomer papat nagara paling akèh populasiné ing donya, nagara Austronésia paling akèh populasiné, uga nagara mayoritas Muslim paling akèh populasiné. Pulo paling padhet sa donya Jawa ngandhut punjul setengah saka populasi.

Wangun pamaréntahan republik Indonésia kalebu législatur lan Présidhèn kapilih. Indonésia duwé 34 provinsi, kang lima duwé status administratif mirunggan. Kutha krajan lan paling akèh kang ndunungi yakuwi Jakarta. Nagara duwé tapel wates karo Papua Nugini, Timor Wétan, lan Malaysia sisih wétan. Nagara tanggané kalebu Singapura, Filipina, Australia, Palau, lan tlatah India Kapuloan Andaman lan Nicobar. Indonésia iku sawijining anggota pangadeg ASEAN lan anggota saka ékonomi utama G-20. Ékonomi Indonésia iku peringkat 16 PDB nominal donya lan gedhé dhéwé angka 8 PDB ing PPP.

Kapuloan Indonésia wis tlatah wigati ing padagangan wiwit ing paling ing abad kaping 7, nalika Sriwijaya lan banjur mengko Majapahit dagang karo Tiongkok lan India. Panguwasa lokal nggunakaké modhèl budaya, agama lan pulitik manca saka awal abad Masèhi, lan karajan Hindhu lan Buda ngrembaka. Sajarah Indonésia wis diprabawai déning kakuwasan manca kepincut karo sumber daya alam Indonésia. Pedagang Muslim lan sarjana Sufi nggawa Islam kang saiki dominan, sawatara kakuwasan Eropah nggawa Kristen lan perang siji liyané kanggo monopoli dagang ing Kapuloan Maluku ing Jaman Penjelajahan. Sawisé telung lan setengah abad kolonialisme Walanda wiwit Amboina lan Batavia, lan pungkasanipun kabèh kapuloan kalebu Timor lan Papua Kulon, ing kaping diselani déning kakuwasan Portugis, Prancis lan Inggris, Indonésia mardika sawisé Perang Donya II. Sajarah Indonésia kang wis wiwit ora tenang, karo tantangan bencana alam, raja pati massa, korupsi, separatisme, prosès démokratisasi, lan pèriode saka owah-owahan ékonomi kanthi rikat.

Indonésia dumadi saka atusan golongan ètnis lan linguistik asli. Golongan ètnis gedhé dhéwé – lan dominan ing pulitik – ya iku Jawa. Idèntitas nasional wis dikembangaké, dikukuhaké déning basa nasional, karagaman etnik, pluralisme agama ing populasi mayoritas Muslim, lan sajarah kolonial lan kraman marang iku. Sesanti nasional Indonésia, "Bhinneka Tunggal Ika" ("séjé-séjé nanging ajeg manunggal"), nuduhaké karagaman kang nagara. Sanajan populasi gedhé lan tlatah padhet kang ndunungi, Indonésia duwé tlatah jembar ara-ara samun kang njurung karagaman hayati tingkat paling dhuwur kaping pindho ing donya. Indonésia duwé sumber daya alam kalubèran kaya lenga lan gas bumi, timah, tembaga lan emas. Pertanian mligi mrodhuksi beras, tèh, kopi, bumbon crakèn lan karèt. Partner dagang utama Indonésia ya iku Jepang, Amérikah Sarékat lan nagara tangga Singapura, Malaysia lan Australia.

Jawa

Jawa iku jeneng salah sawijiné pulo ing Indonésia, jembaré ana 132,000 km², lan pendhudhuké ana 114 yuta jiwa. Pulo iki pulo sing padhet lan kebak dhéwé ing Indonésia. Kapadhetané ana 864 jiwa sa-km². Yèn pulo iki nagara, wus dadi nagara sing padhet nomer loro sadonya.

Jawa Tengah

Jawa Tengah (Carakan: ꦗꦮꦠꦼꦔꦃ)iku provinsi ing Indonésia. Kutha krajané ya iku Semarang. Jawa Tengah iku salah siji saka enem provinsi kang ana ing pulo Jawa. Kajaba jeneng sawijining provinsi, Jawa Tengah iku uga jeneng tlatah budaya ing Pulo Jawa. Dadi sajatiné Ngayogyakarta iku uga pérangan saka Jawa Tengah, yèn ditilik saka sajarah ya pancèn mangkono. Kosok baliné, tlatah Surakarta sawisé Indonésia mardika dadi pérangan provinsi Jawa Tengah. Tlatah Jawa Tengah iku papan kang wong Jawané manggon akèh dhéwé kanthi kwantitatif. Sesanti provinsi iki uga nuduhaké yèn Jawa Tengah iku "Punjer Budaya Jawa".

Provinsi Jawa Tengah ambané 32,548.20 km²; kurang luwih saprapat saka gunggung ambané pulo Jawa. Sing ndunungi cacahé 31.820.000 jiwa (2005), dadi provinsi iki nomer telu kang gedhé dhéwé ing Indonésia sawisé Jawa Kulon lan Jawa Wétan, lan kurang luwih saprapat saka gunggung cacah jiwa ing Pulo Jawa manggon ing provinsi iki.

Jawa Wétan

Jawa Wétan (Carakan: ꦗꦮꦮꦺꦠꦤ꧀, basa Indonésia: Jawa Timur) iku provinsi ing Indonésia. Provinsi iki anané ing ujung wétan Pulo Jawa lan uga ngambah Pulo Madura lan pulo Bawéan. Kutha krajan provinsi iki ya iku kutha Surabaya sing uga kutha gedhé kaping 2 ing Indonésia.

Kabupatèn Grobogan

Kabupatèn Grobogan (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦓꦿꦺꦴꦧꦺꦴꦒꦤ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ ݢرَبَوݢَنْ), iku iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan, kutha Purwadadi iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.975,865 km² utawa hektar.

Kabupatèn Jepara

Kabupatèn Jepara (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦗꦼꦥꦫ, Pegon: كَبُڤَتَينْ جٚڤَرَ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing sisih wétan, kutha Jepara iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.004,16 km² utawa hèktar. Kabupatèn Jepara uga diarani karo jeneng "Kabupatèn Jepasisirn".

Kabupatèn Kendhal

Kabupatèn Kendhal (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦑꦼꦤ꧀ꦝꦭ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ کٚنْدَلْ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah, panggonané ing wewengkon pantura, kutha Kendhal iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.002,23 km2.Asil tetanèn wujud: brambang, bawang, unclang, kenthang, kubis, kembang kol, peté / sawi, wortel, lobak, kacang abang, kacang panjang, cabé, cabé rawit, jamur, tomat, terong, buncis, timun, labu Siem, kangkung, bayem, melon, bengkoang lan semangka..

Kabupatèn Kotabaru

Kabupatèn Kotabaru iku kabupatèn ing Provinsi Kalimantan Kidul, Indonésia. Kutha krajan kabupatèn iki dumunung ing Kotabaru kang mlebu Kacamatan Pulau Laut Lor. Kabupatèn iki uga salah siji kabupatèn kang wis ana ing jaman provinsi Kalimantan dhisik. Ing jaman Londo dadi Afdeeling Pasir en de Tanah Boemboe kang kutha krajané ana ing Kotabaru. Kabupatèn iki nduwè sesanti: "Sa-ijaan" (basa:Banjar), kang artiné Semufakat satu hati dan se-iya sekata (basa:Indonésia).

Kabupatèn Prabalingga

Kabupatèn Prabalingga (Pegon: كَبُڤَتَينْ ڤرَبَولِڠْغَ, Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦥꦫꦧꦭꦶꦁꦒ, panulisan sajeroning basa Indonésia: kabupatèn Prabalingga) iku kabupatèn ing Jawa Wétan, Kraksaan iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.696,17 km².

Kabupatèn Tulungagung

Kabupatèn Tulungagung (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦠꦸꦭꦸꦁ꧀ꦲꦒꦸꦁ, Pegon: كَبُڤَتَينْ تُلُڠْاَڬُڠ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Tulungagung iku kutha krajan kabupatèné. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.055,65 km².

Kalawarti

Kalawarti utawa majalah iku penerbitan kang manut wekdhal tartamtu (seminggu, dwi minggu, wulanan) kang isiné manéka warta seratan utawa gambar.

Kutha Pekalongan

Kutha Pekalongan iku kutha ing Jawa Tengah, pernahé ing pantura. Jembar wewengkon kutha iki ± 17,55 km² utawa 4.486 hèktar.

Masakan Indonésia

Masakan Indonésia iku masakan sing nggambaraké manéka warna budaya masarakat Indonésia.

Sajarah

Sajarah iku sejatine rekaman kedadéan-kedadéan nyata ing taun kapungkur. Sajarah iku béda tegesé karo istilah babad. Babad tegesé luwih amba, antarané maca aji-aji luhur, kepahlawanan, kejayaan, kegetiran, duka lan lara, pengkhianatan, sajarah, silsilah, epos, legenda, kabèh iku dadi siji.

Kedadéan-kedadéan sing duwé aji kang istimewa ing sajarah manungsa antarané Revolusi Industri, Perang Donya I, Perang Donya II, lan liya-liyané.

UNESCO

UNESCO (cekakan saka United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization) utawa Organisasi Budaya, Widya, lan Wiyata Pasarékatan Bangsa-Bangsa iku satunggaling badan mirunggan PBB sing diyasa taun 1945. Lelabuhané organisasi iki nyengkuyung katentreman lan kasantosan sarana nepungaké kagiyatan tembayatan antara nagara babagan wiyata, widya, lan budaya. Wusana, ancasé lelabuhan iku nedya nuwuhaké rasa silih kurmat antara manungsa kanthi lelandhesan bebener, kukum, HAM, lan kabébasan hakiki (Artikel 1 saka undhang-undhang UNESCO).

UNESCO anggotané ana 191 nagara. Organisasi iki kantor gedhéné Paris, Prancis, sarta ana 50 kantor wewengkon lan sawenèh badan lan sasana ing saindhenging donya. UNESCO program bakuné ana lima sing ditepungaké lumantar: wiyata, widya alam, widya sosial lan manungsa, budaya, sarta komunikasi lan informasi. Proyèk sing disponsori déning UNESCO kalebu (1) program maca-nulis, tèhnis, lan gladhèn guru; (2) program kawruh internasional; (3) proyèk sajarah wewengkon lan budaya, nepungaké kabinan budaya; (4) tembayatan ing kasarujukan internasional nedya njaga warisan budaya lan alam sarta njaga HAM; lan (5) upaya nguwoti jurang dhigital sadonya.

Wikipédia basa Jawa

Wikipedia basa Jawa iku vèrsi basa Jawa bauwarna online Wikipedia. Artikel utawa léma kapisané ya iku Basa Jawa, kang ditulis ing tanggal 8 Maret 2004. Saiki iki (11 Novèmber 2019), wis ana 56.886 artikel.

Wikipedia basa Jawa lumrahé mélu paugeran-paugeran Wikipedia basa Inggris lan Wikipedia basa Indonésia. Ing Wikipedia basa Jawa kabèh artikel uga kudu ditulis mawa Wikipedia:Cara ndeleng nétral utawa ing basa Inggris diarani Neutral Point of View.

Kaistiméwan Wikipedia basa Jawa iku akèh ngamot artikel-artikel bab prakara Kajawèn, mligi bab basa, sastra lan budaya Jawa.

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.