Basa Ibrani

Basa Ibrani (עברית, ‘Ivrit) iku basa Semitik saka rumpun basa Afro-Asia kang saiki dipituturaké déning punjul 7 yuta jiwa ing Israèl lan sacacahing wong sajeroning komunitas Yahudi saubenging donya. Ing Israèl, basa iki basa nagara de facto lan salah sijining basa resmi. Basa resmi sijiné ya iku basa Arab. Ing Israèl basa Ibrani dipituturaké déning mayoritas kang ndunungi nagara iki.

Basa Ibrani (עברית [I'vrit])
Dipituturaké ing: Israèl
Cacahé penutur: 7 yuta jiwa
Urutan kaping: ora ing tataran 100 gedhé
Rumpun basa
Klasifikasi:
Afro-Asia

 Semitik
  Basa Kanaanit
   Ibrani

Status resmi
Basa resmi: Israèl
Diatur déning: Akademi Basa Ibrani
Kodhe Basa
ISO 639-1 he
ISO 639-2 heb
SIL HBR

Sajarah cekak

Intisarining Tanakh (Alkitab Ibrani תנ"ך) iku tinulis ing basa Ibrani Klasik, lan akèh kang dhapuré ditilasaké nganti saiki iku mligi dhialèk Ibrani Alkitab kang naté tumuwuh sakiwa-tengené abad kaping 6 SM, nyedhaki Pangguwangan Babilonia. Amerga iki basa Ibrani wiwit mbiyèn diarani Leshôn Ha-Kôdesh (לשון הקודש), "Basa Kudus", déning wong-wong Yahudi.

Mayoritas para nimpuna basa sarujuk yèn sawisé abad kaping 6 SM, nalika Kakaisaran Neo-Babilonia mbedhah Yerusalem lan ngguwang kang ndunungi menyang Babilon lan Sirus Agung, utawa Maharaja Pèrsi maringi idin pareng mulih, basa Ibrani Alkitab kang katulis ing Alkitab ing panggunan sadina-dina diganti déning dhialèk-dhialèk anyar Ibrani lan siji vèrsi lokal basa Aram. Sawisé abad kaping 2, nalika Kakaisaran Romawi mbuwang kang ndunungi Yahudi saka Yerusalem lan pérangan-pérangan nagara Bar Kokhba, basa Ibrani angangsur-angsur ilang ora dadi basa kang dipituturaké manèh nanging tetep dadi basa sastra wigati. Layang-layang, kontrak, dagang, sains, filsafat, kadhokteran, tembang, lan undhang-undhang tetep tinulis ing basa Ibrani kang miwiti nyerep lan nyilih tembung-tembung saka basa liya lan inovasi tembung anyar.

Basa Ibrani salawasé 2.000 taunan dadi basa tinulis waé kang digunakaké déning komunitas Yahudi sadonya nganti dicoba digunakaké dadi basa lésan manèh ing pungkasan abad kaping 19 ing Palèstina déning pangudiné Eliezer Ben-Yehuda, siji aktivis Yahudi kang dudu nimpuna basa. Ben-Yehuda iku Zionis. Nalika iku Palèstina kang kala semana siji provinsi Turki Ottoman, ditekani wong-wong Yahudi kang ngungsi saka Éropah. Para pangungsi iki mituturaké basa kang séjé-séjé, kaya ta basa Yiddish lan basa Rusia, dadi siji basa panunggal diprelokaké.

Basa Ibrani banjur digunakaké manèh lan ditambah-tambahi tetembungan saka basa-basa Éropah, mligi basa Rusia, basa Jerman, lan basa Prancis. Saliyané iku mligi Ben-Yehuda uga nambah-nambahi tetembungan saka basa Arab kang isih kerabat. Sawisé iku basa Ibrani dadi basa resmi ing Laladan Mandat Britania Palestina ing taun 1921 karo basa Arab lan basa Inggris. Banjur ing taun 1948 nalika nagara Israèl diproklamasèkaké, basa Ibrani dadi basa resmi Nagara Israèl.

Aksara Ibrani

Aksara Jeneng Uni Transkripsi
א Alef /'/  
ב Beth /b/ /v/ b
ג Gimmel /g/ g
ד Dalet /d/ d
ה He /h/ h
ו Waw /v/ v
ז Zayin /z/ z
ח Kheth /x/ kh
ט Thet /t/ t
י Yod /y/ y
ך כ Kaf /k/ /kh/ k
ל Lamed /l/ l
ם מ Mem /m/ m
ן נ Nun /n/ n
ס Sammeg /s/ s
ע 'Ain /?/ '
ף פ Pe /p/ /f/ p
ץ צ Tsade /ts/ ts
ק Qaf /q/ q
ר Resy /r/ r
ש Syin /sy/ /s/ sy
ת Taf /t/ t

Abjad Ibrani kasusun saka 22 aksara. Tèks Ibrani kuna iku ditulis gundhul tanpa swara.

Bibliografi

Alkitab

Alkitab iku kitab suciné wong Kristen Protèstan lan Katulik sarta uga wong Yahudi. Alkitab bisa dipérang dadi rong pérangan: Prajanjian Lawas lan Prajanjian Anyar. Pérangan-pérangan utama iku sinebut "Prajanjian" amarga Tuhan bangsa Israèl utawa Yahwé gawé prajanjian. Pisanané iku antarané Nabi Musa karo wong Yahudi lan kang kapindho iku antarané Yesus Kristus karo kabèh umat manungsa.

Mèh kabèh buku Prajanjian Lawas ditulis ing basa Ibrani, kejaba sapérangan pérangan kang ditulis ing basa Aram saka kitab Daniel déné kabèh buku Prajanjian Anyar ditulis ing basa Yunani.

Kanthi dhasar isi lan gaya panulisan, Prajanjian Lawas bisa diklumpukaké dadi 5 pérangan utama yaitu Kitab Torèt (5 kitab), Kitab Sajarah (12 kitab), Kitab Puisi (5 kitab), Kitab Nabi-nabi Gedhé (5 kitab) lan Kitab Nabi-nabi Cilik (12 kitab). Sauntara panglumpukkan kanggo Prajanjian Anyar ya iku Kitab Injil (4 kitab), Kitab Sajarah (1 kitab), Layang-layang Rasuli (21 kitab) lan Kitab Wahyu (1 kitab).

Saliyané iku, wiwit biyèn ana rembugan prekara kanon Alkitab: buku apa waé kang bisa dianggep péranganing Alkitab. Ing abad kaping 3 SM, Alkitab Ibrani utawa Tanakh diterjemahaké ing basa Yunani. Terjemahan iki karan Septuaginta, nanging ngamot sapérangan buku kang ora ana ing vérsi Yahudi. Buku-buku iki mau buku-buku Deuterokanonika.

Ayat

Ayah (آية ʾāyatun, jamak Ayat آيات ʾāyātun) iku tembung sajeroning basa Arab kanggo tandha utawa kaajaiban, padha karo basa Ibrani ot (אות), sing tegesé tandha. Tembung iki racaké tegesé siji saka 6236 ayat [1] sajeroning Qur'an (6349 ayat yèn kalebu 113 bismillah, ora kalebu siji ing Surah At-Taubah). Muslim ngurmati saben ayat Qur'an minangka tandha saka Allah. Tembung Ayat uga dipigunakaké déning panganut agama Kristen ing nagara kanthi prabawa basa Arab sing kuwat, kaya penganut Kristen ing Indonésia.

Nomor ayat ditulis ing pungkasan saben ayat. Simbulé ۝, pungkasan ayat. Nomer Unicode-é ya iku U+06DD lan ۝۝۝۝ uga nandhakaké pungkasan saka siji surah.

Ana rong jinis ayat:

1- Ayat Muhkumat: kanthi makna jelas lan langsung.

2- Ayat Mutasyabihat: kanthi makna ambigu, mbingungaké, utawa makna punjul siji.

Deuterokanonika

Deuterokanonika iku pérangan Alkitab kang namung ana versiné ing basa Yunani ing sajeroning Septuaginta. Dadi kitab-kitab kang diarani Deuterokanonika iku ora ana asliné ing basa Ibrani. Nanging sanadyan mangkono, kitab-kitab iki asliné ya katulis ing basa Ibrani. Para nimpuna Alkitab wis sarujuk yèn gaya basa kitab-kitab iki katon pretalan saka basa Ibrani.

Kitab-kitab kang kagolong Deuterokanonika iku:

Tobit

Kitab Yudit

Tambahan Ester

Kawicaksanan Salomo

Kitab Yesus bin Sirakh

Kitab Barukh

Tambahan Daniel

I Makabe

II MakabeIng dhuwur iki bisa katon yèn ora kabèh pérangan iku kitab lepas. Ana kang rupa péranganing kitab liya, ya iku: Tambahan Ester lan Tambahan Daniel.

Kawicaksanan Salomo

Kawicaksanan Salomo iku buku Alkitab péranganing Deuterokanonika, tegesé dadi asliné ing basa Ibrani ora ana. Anané ya namung pertalan ing basa Yunani, sajeroning Septuaginta. Dadi buku iki dianggep kitab apokrif déning Gréja Protèstan.

Kitab iki isiné ya wejangan-wejangané sing diakokaké marang Raja Salomo utawa Nabi Suléman, nanging durung tamtu ditulis déning panjenengané dhéwé.

Kidung Pasambat

Kidung Pasambat (איכה ʾēḫā(h), Eikha) iku katata cacahé saka limang tembang kang manyambati kutha Yerusalem kang dibedhah para satru, wadya bala Babel ing taun 586 SM, lan sirna rusaking kretaning bumi sarta masa pambuwangan sawisé iku.

Ing basa Ibrani kitab iki diarani Ekhah, kang tegesé "Kepriyé?" lan sawijining mantra dienggo miwiti kidung pasambat. Sajeroning Septuaginta ing basa Yunani, kitab iki diarani threnoi (saka basa Ibrani qinoth, kang tegesé "pasambatan").

Sanadyan kitab iki lumrahé nadané sedih, nanging uga katon segi kapracayan ing Gusti lan pangarepan masa ngarep kang luwih becik. Tetembangan iki kabèh digunaaké wong Yahudi sajeroning ngibadahé ing dina-dina astamiwa kaya dienggo pasa lan berkabung. Dina-dina kusus iki dianaaké saben taun kanggo mèngeti malapataka kang nibani bangsa Yahudi ing taun 586 SM.

Kitab Andharaning Torèt

Kitab Andharaning Torèt iku kitab kaping lima tanakh lan uga kitab Torèt. Ing basa Ibrani, diarani Devarim ("tetembungan"), saka ukara pamulan "Eleh ha-devarim."

Ing sawetara basa ing Éropah, kitab iki diarani Deuteronomium, saka basa Latin kang njupuk saka septuaginta saka basa Yunani: Δευτερουόμιου. Sajatine bab iki siji kaluputan ing alihbasa saka asliné ing basa Ibrani saka pasal 17:18;

“Yèn wong dikukuhaké dadi ratu, wong mau kudu diwènèhi Kitab Angger-anggeré Allah kang isi dhawuh-dhawuh lan piwulangé Allah, kang diturun saka kitab asli, kang disimpen déning para Imam Lèwi.”

Déning para panulis septuaginta ukara iki dipretalaké dadi: “nulis kanggo awaké dhéwé salinan kukum iki”. Nanging kalepatan iki ora patiya parah.

Kitab Andharaning Torèt iki kabangun saka sarèntènging khotbah-khotbah kang diucapaké déning Nabi Musa ing ngarepé bangsa Israèl nalika kabèh ana ing tanah Moab. Kabèh padha mandheg ing kono sawisé ngrampungaké lelungan dawa ngliwati ara-ara samun amba lan sadhurunge mlebu tanah Kanaan kanggo ngepèk nagara iki.

Kitab Barukh

Kitab Barukh iku kitab Alkitab kang kagolong Deuterokanonika. Dadi kitab iki asliné ing basa Ibrani ora ana. Sing ana mung versi basa Yunani sajeroning Septuaginta.

Kitab Pangentasan

Kitab Pangentasan iki kitab kapindho kitab Torèt Musa lan dadi uga kitab kapindho Prajanjian Lawas utawa Tanakh. Ing basa Ibrani kitab iki diarani שמות Shemoth saka tetembungan wiwitan Be-eleh shemoth. Nanging ing sawetara basa Éropah, diarani nganggo jeneng Exodus. Tembung iki dijupuk saka pertalan basa Latin Santo Hieronimus kang njupuk saka Septuaginta, pertalan basa Yunani. Iki tegesé "pangentasan", lan mligi "pangentasan" bangsa Yahudi saka tanah Mesir, ing ngendi kabèh didadèkaké ulun.

Kitab Purwaning Dumadi

Kitab Purwaning Dumadi iku buku pratama kitab Torèt Musa lan dadi uga kitab Tanakh. Ing basa Ibrani kitab iki diarani Bereshit. Sabanjure ing sawataraning basa Éropah, kitab iki diarani Genesis. Tembung iki dijupuk saka alihbasa Latin Santo Hieronimus sing dipundhut saka Septuaginta, pertalan basa Yunani (Γένεσις). Tembung iki tegesé iku "babaran", "panciptan", "wiwitan", "sumber" lan "asal". Ing basa Indonésia, kitab iki diarani Kitab Kejadian.

Kitab Yudit

Kitab Yudit utawa Judith (saka basa Ibrani: יְהוּדִית basa Ibrani Standar Yəhudit, basa Ibrani Tiberias Yəhûḏîṯ sing tegesé wong Yahudi wadon), iku kitab Deuterokanonika saka Alkitab. Dadi tegesé ora ana versiné ing basa Ibrani. Namung ana versiné ing basa Yunani sajeroning Septuaginta.

Kitab Yésaya

Kitab Yésaya iki diarani miturut jenengé siji nabi sing gesang ing Yerusalem ing paro kapindho abad kaping 8 SM. Jeneng Yésaya ing basa Ibrani iku: ישׁעיהו Yeshayahu utawi Yəša‘ăyāhû. Jeneng iki ateges: “Yehuwah ( Yahwe ) mitulungi”.

Palèstina

Palestina (basa Arab: دولة فلسطين Dawlat Falisthiyn, basa Suryani: Palestina, utawa basa Ibrani: פלשתינה Paleshtiyna, utawa basa Ibrani: ארץ־ישראל Eretz Yishra'el) iku laladan ing Wétan Tengah antarané Laut Tengah lan Kali Yordan. Status pulitiké isih sajeroning patentangan. Sapérangan gedhé nagara ing donya kalebu nagara-nagara anggota OKI, ASEAN, lan Gerakan Non-Blok ngakoni anané nagara Israèl uga nagara Palestina. Saiki laladan iki dipérang dadi rong pérangan:

Laladan Israèl

Laladan Otoritas Nasional Palèstina, ya iku sapérangan gedhé Tepi Barat lan kabèh Lurung Gaza

Prajanjian Lawas

Prajanjian Lawas utawa Tanakh ing basa Ibrani iku péranganing Alkitab kang katulis sadurungé Gusti Yesus miyos. Kitab-kitab iki katulis ing basa Ibrani, nanging ana pérangan-péranganing Kitab Daniel kang katulis nganggo basa Aram. Kitab-kitab kang tuwa dhéwé ditulis sakiwa-tengené abad kaping 8 SM. Sing paling enom kira-kira ing kiwa-tengené taun 200 SM.

Rut

Rut utawa Ruth (רות, basa Ibrani "welas asih") iku wong wadhon saka bangsa Moab. Dhèwèké ibu Obed, mbahé èstriné Raja Dawud. Miturut Kitab Prajanjian Anyar, dhèwèké salah sijining leluhur Gusti Yesus (Injl Matius 1:5).

Caritan bab Rut kahanané dumadi nalika satengahing jaman perang kang kaya dicaritaake sajeroning kitab Hakim-Hakim. Sanadyan garwané wong Israèl wis séda, dhèwèké tetep nuduhaké kasatyané marang ibu maratuwané kang warganagara Israèl, lan tansah sembahyang marah Allah umat Israèl. Ing wusanané carita iki, Rut olèh bojo anyar, sanak saduluré garwané swargi. Liwat garwané kang énggal iki, Rut dadi mbah buyuté ratu Dawud, ratu Israèl kang gedhé dhéwé.

Kandha-kandha carita kang ana ing kitab Hakim-hakim nuduhaké angèlé kaanan amarga umat-E Allah nilaraké sang hyang Pangèran. Kitab Rut iku pawalikané, ing kitab iki dituduhaké yèn Gusti Allahé wong Israèl uga maringi berkah marang wong asing kang setya lan banjur percaya marang Gusti Allahé wong Israèl. Amarga pratingkahé Rut iki, mula dhèwèké diangkat dadi umating Allah.

Setu

Setu (pocapan Basa Indonésia: Sabtu), iku dina kapitu sajeroning kalèndher Jawa, sawisé Jemuwah lan sadurungé Ngaat. Jeneng Setu asalé saka basa Ibrani, sabbat (שבת) kang tegesé "dhèwèké mandheg".

Jeneng liya kanggo Setu ya iku Saniscara, kang dijupuk saka basa Sangskreta kang tegesé Saturnus, mèmper karo pangertèn sajeroning sawetara basa-basa ing Éropah.

Kajaba iku uga ana jeneng liya manèh kang asalé saka basa Jawa ya iku tumpek. Ing Bali tumpek iku tegesé dina Setu kliwon.

Dina Setu minangka dina libur, lan dina kanggo ngibadah kanggoné umat Yahudi.

Shmuel Yosef Agnon

Shmuel Yosef Agnon (basa Ibrani: שמואל יוסף עגנון‎) inggih punika panarima Penghargaan Nobel babagan Sastra nalika taun 1966. Piyambakipun miyos wonten ing Galisia (sapunika Ukraina) nalika taun 1888 minangka Shmuel Yosef HaLevi Czaczkes. Piyambakipun nindakaken imigrasi dhateng Jaffa nalika taun 1908, nanging nelasaken taun 1913 dumugi taun 1924 wonten ing Jerman. Nalika taun 1924 piyambakipun wangsul malih dhateng Yerusalem, papan dunungipun dumugi piyambakipun tilar donya nalika taun 1970. Salah satunggaling novelis kawakan lan panulis cerkak wiwit timur, Agnon pikantuk sajumlah Penghargaan Sastra, kalebet ugi Penghargaan Israèl wonten ing 2 kesempatan.Agnon inggih punika pengarang buku kanthi basa Ibrani ingkang kathah dipunterjemahaken. Gaya basanipun ingkang unik sampun maringi prabawa panulisan génerasi pengarang Ibrani salajengipun. Sapérangan ageng karyanipun nyobi nangkep malih gesang lan pagesangan lan berbudaya masa rumiyin, nanging cariyosipun boten naté dados tindakan pelestarian prasaja. Cariyos-cariyos Agnon kaliyan perkawis psikologi lan filsafat saking generasinipun.

Tanakh

Tanakh utawa Tanak' iku "Prajanjian Lawas" ing basa Ibrani. Tanakh iku cekakan saka: Torèt - Nabi - Kitab.

Yérusalem

Yérusalem (basa Ibrani: יְרוּשָׁלַיִם Yerushalayim; basa Arab: القدس al-Quds; iku kutha kuna ing Wétan Tengah kang wigati banget kanggo telung agama: Agama Yahudi, Kristen, lan Islam.

Kutha iki saiki kanthi de facto kutha krajané Israèl. Nanging wong Palestina uga nuntut pérangan wétan kutha iki kang arep didadekaké kutha krajan nagarané ing masa ngarep.

Wiwit taun 2008 Walikutha Yerusalem iku Nir Barkat, sadurungé iku Uri Lupolianski, siji tokoh Yahudi Harédi utawa Yahudi Ultra Ortodoks.

Yésus Kristus

Yesus saking Nazarèt (kirang langkung antawis taun 6 SM–4 SM - 29–33) punika satunggaling tukang kayu, pengkhotbah/pangajar, panyaras, guru/rabbi, pedamel mujizat, lan tokoh Yahudi ingkang paling misuwur; ing kakristenan Yesus Kristus. Tiyang Kristen pitados, Yesus punika Putraning Allah, Hyang, Mesias, lan Juru Wilujeng umat manungsa; ing Islam, Isa Almasih punika satunggiling nabi wigatos (Nabi Isa).

Nami "Yesus" punika alihaksara saking basa Yunani Ιησους [Iēsoûs], ingkang ing giliranipun ugi wujud alih aksara saking basa Aram utawi basa Ibrani inggih punika: Yeshua, ingkang tegesipun : Kawilujengan, utawi "Hyang punika kawilujengan", "Hyang milujengaken". "Kristus" punika gelar ing teologi ugi asalipun saking basa Yunani Χριστός [Christos], ingkang saking basa Ibrani "Mesias", tegesipun "ingkang dipunurapi" utawi "ingkang kapilih". Ing Islam, Yesus (Arab: عيسى‎‎,[Isa]) kanthi umum dipunsebat kanthi nami Isa bin Maryam ingkang tegesipun Isa putra saking Maria. Panjenenganipun dipunanggep minangka salah satunggaling nabi wigati saking Hyang. pawarta Injil lan pedamel kaajaiban.

Gusti Yesus punika Juru Wilujeng ingkang sajatos

Alasanipun menapa? Inggih punika amargi :

1. Yesus kristus punika sanès tiyang ingkang asalipun saking Donya punika, namung asalipun saking Swargo.

2.Yesus Kristus punika namung satunggal-tunggalipun tiyang ingkang nglampahi séda lan wungu malih saking antawisipun tiyang pejah.

3.Yesus Kristus punika kadunungan Rohipun Allah ingkang akarya jagad punika lan sampun kapasrahan sadaya panguwaos wonten ing bumi tuwin wonten ing swarga.

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.