Basa

Basa iku sistém simbul-simbul lan paugerané kanggo nggunakaké sistém iki. Basa uga bisa ngrujuk ing panggunan sistém kaya mengkéné utawa panyinaonané minangka siji fénoména.Lan piranti kanggo sesrawungan ing antaraning manungsa siji lan sijiné. Panemu liya ana kang mratelake yèn bisa, ateges piranti kang awujud swara, tanda utawa tulisan kan andhedhasar pikiran lan kekarepan lan. Tegesé basa kang kaya dhuwur mau, ya iku tegesé basa kang kaprah, dingertèni déning umum.

Palin-McCainRallyWashingtonPA2008
Basa
Tepantitla mural, Ballplayer A (Daquella manera)
Lukisan primitif ing mural ing Teotihuacan, Meksiko sing nggambarake wong sing nggulung gulung saka tutuk, nglambangake basa (abad kaping-2).

Warna-warnané basa

Manut wujudé ana warna telu ya iku:

  • Basa Lisan, ya iku wangun komunikasi manungsa kang migunakaké tembung-tembung kang diturunaké saka kosakata kang akèh (kurang luwih 10.000) bebarengan karo manéka jeneng kang dipocapaké liwat utawa migunakaké organ cangkem. Tembung-tembung kang dipocapaké kasambung dadi untaian frasa lan ukara kang diklompokaké kanthi sintaktis.
  • Basa Tulisan, ya iku wangun komunikasi manungsa kang migunakaké tembung-tembung kang diturunaké saka kosakata kang akèh (kurang luwih 10.000) bebarengan karo manéka jeneng kang ditulis ing médhia kaya déné dluwang, blabak, komputer lan médhia liyané.
  • Basa Isarat, ya iku wangun basa kang ngutamakaké komunikasi manual, basa awak, lan obahing lambé, dudu swara, kanggo komunikasi. Kaum tunarungu iku golongan utama kang migunakaké basa iki, lumrahé kanthi kombinasi karo tangan, orièntasi lan obahing tangan, lengen, lan awak, sarta èksprèsi praupan kanggo ngungkapaké pikiran.

Unsur dhasar basa

  • Fonèm

ya iku unsur paling cilik saka uni pocapan kang bisa kanggo mbédakaké tegesé tembung. Fonèm iku awujud swara. Contoné tembung ulèr lan ulès duwé teges kang béda amarga prabédan ing fonem /r/ lan /s/. Uler kang ateges kéwan, nanging ules tegesé salah sijiné jinis kain. Saben basa duwé jumlah lan jinis fonèm kang béda-béda. Upamané basa Jepang ora kenal fonèm /la/ saéngga tembung kang migunakaké fonèm /la/ diganti nganggo fonèm /ra/. Babagan fonèm bisa disinauni ing fonetik lan fonologi.

  • Morfèm

ya iku unsur paling cilik saka pandhapukan tembung lan disesuaikake karo aturan siji basa. Ing basa Indonésia morfem bisa awujud imbuhan. Contoné tembung praduga duwé loro morfèm ya iku /pra/ lan /duga/. Tembung duga minangka tembung dhasar kanthi tambahan morfèm /pra/ njalari owah-owahan makna ing tembung duga.

ya iku penggabungan tembung dadi ukara dhedhasar aturan sistematis kang ana ing basa tinamtu. Sajeroning basa Indonésia ana aturan SPO utawa subjèk-prédikat-objèk. Aturan iki béda ing basa liya, upamané ing basa Walanda lan Jerman aturan gawé ukara ya iku tembung kriya tansah dadi tembung kaloro ing saben ukara. Bab iki béda karo basa Inggris kang ngolèhaké tembung kriya dipasang ora ing urutan kaloro sajeroning ukara.

nyinaoni makna lan makna saka sawiji basa kang diwangun sajeroning ukara.

  • Diskurs

ngaji basa ing tahap pacelathon, paragraf, bab, carita utawa literatur.

Paguyuban basa

Basa-basa laladan ing Indonésia

Basa-basa ing dunya

Sastra

Uga delengen

Pranala njaba

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.