Anatomi

Anatomi (asalé saka basa Yunani ἀνατομία anatomia, saka ἀνατέμνειν anatemnein, tegesé ngiris) iku cabang biologi kang gegandhéngan karo struktur lan organisasi saka makluk urip. Ana uga anatomi kéwan utawa zootomi lan anatomi tetuwuhan utawa fitotomi. Sapérangan cabang èlmu anatomi ya iku anatomi perbandhingan, histologi, lan anatomi manungsa.

ENC plate 1-143 750px.jpeg
Gambaran anatomis otot manungsa.

Anatomi kéwan

Anatomi kéwan iku sinebut anatomi perbandhingan utawa morfologi kéwan. Manawa arep nyinaoni struktur manéka warna kéwan, lan sinebut anatomi mirunggan manawa mung nyinaoni sakjenis kéwan.

Anatomi manungsa

Anatomical chart, Cyclopaedia, 1728, volume 1, between pages 84 and 85
Gambaran anatomi saka taun 1728

Saka kagunaané, pérangan paling wigati anatomi mirunggan iku nyinaoni manungsa kanthi manéka warna pendekatan kang béda.

Saka pérangan medis, anatomi kapérang saka manéka warna pengetauan bab wangun, papan panggonan, ukuran, lan gandhéngan manéka warna struktur saka badan manungsa séhat saéngga sok diarani anatomi deskriptif utawa topografis.

Karumitan badan manungsa njalari mung sithik ahli anatomi manungsa profésional kang bener-bener nguwasani babagan èlmu iki; sapérangan gedhé duwé spesialisasi ing pérangan tartemtu kaya utek utawa pérangan njero.

Anatomi topografi kudu disinaoni kanthi mbedhah lan mriksa makaping-kaping ing badan manungsa kang wus mati (kadaver).

Anatomi ora mung sakedhar èlmu biyasa, nanging kudu bener-bener duwé kaakuratan kang dhuwur amarga bisa dipigunaaké ing situasi kang darurat.

Patologi anatomi iku èlmu bab organ kang duwé kelainan lan ana ing kaanan lara. Èlmu iki diterapaké kanggo manéka warna tujuan kaya bedhah lan ginekologi.

Anatomi modhérn

Saiki anatomi dikenal dadi èlmu kang kasusun sistematis. Pendhak pérangan anatomis (kaya saraf, arteri, lan liyané) diklumpukaké miturut sistem organé. Tujuanné ya iku kanggo nggampangaké pamahaman pérangan mau ing èlmu liyané kaya fisiologi, bedhah, lan patologi.

Pirsanana uga

Pranala njaba

Anatomi
Sistem Utama
Sistem sirkulasi . Sistem pancernan . Sistem endokrin . Sistem pambuwangan . Sistem imun . Sistem integumen . Sistem limfatik . Sistem otot
Sistem saraf . Sistem reproduksi . Sistem ambegan . Sistem rangka
Organ
Anus . Diafragma . Faring . Ginjel . Ati . Irung . Jantung . Kelenjar adrenal . Kelenjar prostat . Kelenjar tiroid . Kulit . Lambung . Laring . Ilat . Limpa . Mata . Otot . Ovarium . Pankreas . Paru-paru . Payudara . Penis . Plasenta . Rahim . Rektum . Kuping . Testis . Umbai cacing . Usus gedhé . Usus alus . Vulva . Vesikula seminalis
Balung
Balung selangka (clavicula) . Balung pupu (femur) . Balung lengen ndhuwur (humerus) . Balung uwang (mandibula) . Balung dhengkul (patella) . Balung pengumpil (radius) . Tengkorak (cranium) . Balung gares (tibia) . Balung lengen (ulna) . Iga (costae) . Balung geger (vertebra) . Balung pinggul (pelvis) . Balung dhadha (sternum)
Kelenjar
Kelenjar payudara . Kelenjar idu . Kelenjar tiroid . Kelenjar paratiroid . Kelenjar adrenal . Kelenjar pituitari . Kelenjar pineal
Jaringan
Jaringan panyambung . Jaringan otot . Jaringan epitel . Jaringan saraf . Kelenjar
Bagéyan Awak
Badan . Bokong . Dhadha . Untu . Kemaluan . Sirah . Kulit . Gulu . Ilat . Mata . Tutuk . Geger . Sendhi . Kuping . Tungkai atas . Tungkai bawah . Ubun-ubun . Rai
Istilah liyané
Arteri . Lambé . Diafragma . Peritoneum . Rambut . Saraf . Vena
Balung

Balung utawa kerangka iku panopang awak manungsa. Tanpa balung, mesthi awak kita ora bisa ngadeg. Balung wiwit dumadi wiwit bayi sajeroning kandhutan, lumangsung terus nganti dekade kaloro sajeroning susunan kang tumata.

Balung iga

Sajeroning anatomi, balung iga utawa iga (Latin: costae iku balung dawa kang mlengkung lan mbentuk gronggongan dhadha.) Balung iga nglindhungi dhadha (Latin: thorax), paru-paru, jantung, ati, lan organ njero liyané ing gronggongan dhadha.

Ing mamalia, balung iga mung ana ing pérangan dhadha. Nanging ing reptil, balung iga kadhangkala ana wiwit pérangan gulu nganti sacrum.

Ana sawatara jinis iwak kang bisa duwé nganti 4 iga ing saben balung gegeré.

Manungsa (priya lan wanita) duwé 24 balung iga (12 pasang). Bab iki pisanan dipratélakaké déning Vesalius ing taun 1543 kanggo ngrampungi kontroversi wektu semana. Ana telung jinis balung iga, yakuwi:

7 pasang balung iga landhung / iga sajati (os.costae vera)

3 pasang balung iga wekas / iga palsu (os.costae sporia)

2 pasang balung iga cendhak / iga melayang (os.costae fluctuantes)

Cangkem

Cangkem (krama: cangkem, krama inggil: tutuk) iku dalan kanggo mlebuné panganan lan banyu kang diduwèni manungsa lan kéwan. Cangkem racaké ana ing sirah lan lumrahé dadi pérangan awal saka sistem pancernaan lengkap kang pungkasané ing anus.

Pérangan awak kang dumunung ana ing sajeroning lan saubengé cangkem ya iku:

Untu kanggo mamah panganan

Gusi papan thukulé untu.

Cethak, plengkungané cangkem njero pérangan ndhuwur.

Ilat kanggo ngudhek lan ngulu panganan.

Idu kang diasilaké déning klanjer idu

Amandhel

Uvula

Lambé

Dhadha

Dhadha iku pérangan anatomi ing manungsa lan kéwan. Sajeroning hominidae, kalebu manungsa, dhadha iku pérangan awak antara gulu lan weteng, kalebu organ-organ internal lan isi liyané kaya otot, arteri lan vena, balung, lll. Isi dhadha sapérangan gedhé dilindhungi lan disokong déning balung iga, balung geger, lan balung pundhak. Ing manungsa, pérangan dhadha kang kalindhungi déning balung iga karan uga toraks.

Driji

Driji sajeroning basa Inggris: digit (finger utawa toe) iku pérangan awak kang dumunung ing tangan, (lan uga ing sikil) kiwa lan tengen, ing manungsa normal driji cacahé ana lima ing saben tangan, ya iku:

Driji dumadi saka sawatara ros balung kang dislimuti déning daging utawa otot, ora mung manungsa waé kang duwé driji, sapérangan gedhé kéwan uga duwé nanging cacahé ora mesti lima.

Godhong

Godhong iku salah siji organ tetuwuhan kang tuwuh ing batang kang fungsi mligi nyerep énergi cahya srengéngé kanggo fotosintesis. Lumrahé wernané ijo amarga ing kana ana jaringan kang paling akèh ngandhut klorofil. Godhong wujud organ tetuwuhan kang paling amba saéngga bisa nyerep ènergi cahya srengéngé saokèh-okèhé.

Godhong duwé peran kang wigati ing prosès mrodhuksi bahan pangan tetuwuhan supaya bisa tetep urip lan tuwuh amarga tetuwuhan iku organisme autotrof obligat kang kudu masok kabutuhan energiné dhéwé liwat konvèrsi ènergi cahya dadi ènergi kimia.

Werna ijo godhong asalé saka kandhungan klorofil ing godhong. Klorofil iku senyawa pigmen kang duwé peran nyeléksi panjang gelombang cahya kang energiné dijupuk kanggo fotosintesis. Sabeneré godhong uga duwé pigmèn liya, umpamané karoten (wernané jingga/kuning tuwa), xantofil (wernané kuning), lan antosianin (wernané abang, biru, utawa ungu, gumantung drajat keaseman). Godhong tuwa kélangan klorofil saéngga wernané malih dadi kuning utawa abang (bisa dipirsani kanthi cetha ing godhong kang rogol).

Gulu

Gulu iku pérangan sing ngubungaké sirah karo awak. Ing sawatara kéwan, gulu bisa tuwuh dawa, upamané gulu jerapah. INg sajeroné gulu ana saluran-saluran ambegan lan pancernan. Ing guluning manungsa, ana siji pérangan sing diarani jakun.

Ilat

Ilat iku kumpulan otot rangka ing pérangan dhasar tutuk kang bisa mbantu pancernaan panganan kanggo mamah lan ngulu. Ilat minangka indera pangecap kang duwé struktur tunas pangecap. Ilat uga mèlu mbantu kanggo wicara.

Struktur liya kang magepokan karo ilat kerep karan lingual, saka basa Latin lingua utawa glossal saka basa Yunani, γλωσσα.

Irung

Irung, kanthi anatomi yakuwi panonjolan kang ana ing golongan vertebrata kang ngandhut nostril, kanggo nyaring udara ing ambegan. Irung minangka siji istilah, bisa uga digunakna kanggo nuduhaké pucuking samubarang kaya irungé montor mabur.

Kulit

Kulit iku lapisan paling njaba ing awak manungsa. Kulit pérang dadi telung pérangan: pérangan paling njaba ingaran epidermis, pérangan tengah mesodermis, lan pérangan njero dermis. Kulit sensitif banget saka prabawa lingkungan sakitar, kaya panas srengéngé, lebu, lan asep knalpot.

Kulit ingaran uga indra peraba amarga akèh banget pucuk-pucuk saraf sing peka saka sentuhan, tekanan, lan rabaan. Kulit bisa nampa rangsangan panas, adhem, alus, kasar, loro utawa nyeri lan liya-liyané. Pucuk-pucuk saraf panampa rangsangan mligi ana ing lapisan malphigi kulit lan ana uga ing piranti-piranti sing ana ing njeron awak. Pérangan kulit sing paling peka ya iku pérangan sing paling akèh pucuk-pucuk sarafé, kaya ing pucuk driji, tlapak tangan, tlapak sikil, lamb élan kiwa-tengené gulu.

Kulit uga minangka piranti pambuwangan utawa ekskresi amarga ngandhung klanjer kringet.

Gangguan lan lelara kulit ing antarané jerawat, panu utawa kurap, rangen, bisul nanah (abses) lan liya-liyané.

Mata

Kanggo panggunan liya delengen: Mata (disambiguasi)Mata utawa mripat utawa sesoca iku organ pandulu kang ndhetèksi cahya. Sing diayahi mata paling prasaja yakuwi mung meruhi apa lingkungan saubengé padhang apa peteng. Mata kang luwih komplèks dipigunakaké kanggo mènèhi pangertèn visual.

Payudara

Payudara (Latin: mamma) iku organ awak pérangan ndhuwur jaja saka spésies mamalia kang jinis kelaminé wadon, kalebu manungsa.

Fungsi utama saka klanjer susu iku mènèhi nutrisi ing wujud banyu susu kanggo bayi utawa balita. Prosès pawènèhan banyu susu iki karan nyusoni. (Sanajan klanjer kang ngasilaké banyu susu uga ana ing wong lanang, normalé klanjer susu mau tetep ora ngembang sampurna.)

Rambut

Rambut utawa (rékma) tukul ing mèh kabèh pérangan awak, kajaba èpèk-èpèk lan sikél, mata, lan lambé. Rambut kng na sirah ndadèkaké tetep ngrasa anget. Rambut asring uga karan wulu kang ana ing irung, kupéng lan sakiwa-tengené mata kanggo nlindungi organ-organ mau sak lebu ln partikel-partikel liyané. Alis lan wulu mata nglindungi mata kanti cara ngurangi cahya lan partikel kang ngenani organ paningal mau. Semono uga rambut-rambut alus kang ana ing awak kang nyediakaké keangetan lan perlindungan kanggo kulit. Rambut uga dadi bantalan kang nglindungi awak saka tatu.

Sikil

Sikil iku siji struktur anatomi kang ana ing sadhéngah vertebrata. Iki minangka pérangan pungkasan (terminal) kang nyangga bobot lan njalari bisa mlaku.

Sikil lan ugel-ugel sikil ing manungsa iku siji struktur mékanik kang kuwat lan komplèks, ngandhut 26 balung, 33 sendhi, lan punjul satus otot, tendon, lan ligamen.

Sirah

Sirah (Basa jawa kasar lan tumrapé kéwan: endhas, basa krama: mustaka, basa Jawa Kuna: ulu), sajeroning anatomi iku pérangan rostral (miturut istilah lokasi anatomi) sing racaké dumadi saka utek, mata, kuping, irung, lan tutuk (sing kabèh mau mbantu manéka fungsi sénsor kaya pandulu, pangrungon, pangambu, lan pangecapan). Sawetara kéwan sing prasaja banget ora duwé endhas, nanging kéwan sing awangun simetris bilateral lumrahé duwé endhas.

Sistem rangka

Sistem rangka iku siji sistem organ kang mènèhi panyengkuyung fisik marang makluk urip. Sistem rangka lumrahé dipérang dadi telung tipe: eksternal, internal, lan basis cuwèran (rangka hidrostatik), éwadéné sistem rangka hidrostatik bisa uga diklompokké kanthi kapisah saka rong jinis liyané amarga ora anané struktur panunjang.

Rangka manungsa diwangun saka balung tunggal utawa gabungan (kaya tengkorak) kang ditunjang déning struktur liya kaya ligamen, tendon, otot, lan organ liyané. Rata-rata manungsa diwasa duwé 206 balung, sanajan cacah iki bisa duwé sapérangan variasi ing antarané individu.

Sistem saraf

Sistem saraf kéwan ngoordhinasi aktivitas otot, monitor organ, mbentuk lan uga ngendhegaké lebonan saka indra, lan ngaktifké aksi. Komponèn utama ing sistem saraf ya iku neuron lan saraf, kang mainké peran wigati ing koordinasi. Ing makluk kang ora duwé utek, sistem saraf ora ngasilaké utawa nglakokaké pikiran, obahan lan émosi (lumpuh).

Sistem saraf manungsa dipérang dadi telu, ya iku saraf utek, saraf sungsum balung mburi, lan saraf tepi. Saraf utek lan saraf sungsum balung mburi iku saraf pusat. Ing saraf tepi, saraf nggandhéngaké saraf pusat karo indra lan otot. Saraf utek ibaraté chip ing komputer. Sistem saraf dhéwé wujud cabang saka sistem koordinasi saliyané sistem hormon lan sistem otot.

Tangan

Tangan iku pérangan awak ing ujung lengen. Sapérangan gedhé manungsa duwé loro tangan, lumrahé kanthi papat driji lan siji jempol. Pérangan njero tangan iku tlapak tangan. Yèn driji-driji ditekuk, tangan bakal mbentuk siji kepelan. Saliyané manungsa, akèh jinis kéwan sing duwé tangan, mligi saka golongan primata.

Driji iku ana lima ya iku, jempol, driji panuding, driji tengah, driji manis, lan driji kelingking.

Untu

Untu (basa krama: waja) iku pérangan atos kang ana ing njeron tutuké akèh vertebrata. Untu duwé struktur kang akèh variasiné kang mungelaké untu-untu iki kanggo nglakokaké akèh tugas. Fungsi mligi untu iku kanggo nyuwèk lan mamah panganan lan ing sapérangan kéwan, mligi karnivora, minangka senjata. Oyoté untu katutup déning gusi. Untu duwé struktur pelindung kang karan émail untu, kang mbiyantu nyegah bolongé untu. Pulp njeron untu nyiut lan dentin kadheposit ing papané.

Untu iku pérangan paling mbédakaké ing jinis mamalia kang béda, lan salah sawijiné kang bisa dadi fosil kanthi apik. Paleontologis migunakaké kanggo ngidentifikasi jinis fosil lan asring gegandhéngan ing antarané. Wangun untu magepokan karo jinis panganan kéwan iku. Umpamané hèrbivor duwé akèh untu graham kanggo mamah amarga suket angèl dicerna. Karnivora mbutuhaké taring kanggo matèni lan nyuwèk, lan amarga daging gampang dicerna, mula kéwan-kéwan iku bisa ngeleg panganan mau tanpa mbutuhaké graham kanggo mamah panganan mau ndhisik.

Weteng

Abdomen iku istilah kang dipigunakaké kanggo nyebut péranganing badan kang ana ing antarané thorax utawa dhadha lan pelvis ing kéwan mamalia lan vèrtebrata liyané. Ing arthropoda, abdomen iku pérangan paling posterior badan, kang ana samburiné thorax utawa cephalothorax (sefalotoraks).. Ing basa Indonésia umum, asring uga ingaran mawa perut lan ing basa Jawa weteng utawa padharan (krama). Pérangan kang ditutupi déning abdomen ingaran cavitas abdominalis utawa gronggongan weteng.

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.