1965

Milénium: Milénium ping 2
Abad:
Dasawarsa:
Taun:

Prastawa

Lair

Séda

1980

1980

1 Oktober

1 Oktober punika dinten ingkang kaping 274 utawi 275 ing taun wuntu miturut Kalèndher Grégorius.

Ahmad Yani

Jendral TNI Anumerta Ahmad Yani (uga dieja Achmad Yani; Purworejo, 19 Juni 1922–Lubang Buaya, 1 Oktober 1965) iku pahlawan nasional indonesia.

Ahmad Yani kaloka minangka sawijining wadya kang tansah sebrang-sebrangan karo PKI (Parté Kuminis Indonésia). Nalika mengku kalungguhan minangka Mantri/Panglima Angkatan Darat wiwit taun 1962, Ahmad Yani nulak usul PKI kanggo nggawé Angkatan Kalima kang dumadi saka buruh lan tani (kang diwènèhi gaman). Awit saka iku Ahmad Yani, bebarengan karo pitu tokoh TNI, dadi target kang diculik lan diprejaya déning PKI, liwat G30S (Gerakan Tiga Puluh September). Ahmad Yani ditembak ing ngarep kamaré wektu subuh tanggal 1 Oktober 1965. Jasadé tinemu ing sajeroning sumur tuwa ing Lubang Buaya.Jabatan pungkasan Ahmad Yani ya iku minangka Mantri/Panglima Angkatan Darat(Men/Pangad) wiwit taun 1962.

Ahmad Yani disarèkaké ing TMP Kalibata, Jakarta.

D.I. Pandjaitan

D.I. Pandjaitan ya iku pahlawan revolusi Indonésia. Lair ing Balige, Tapanuli, tanggal 9 Juni 1925. Séda ing Jakarta 1 Oktober 1965, lan disaréaké ing Taman Makam Pahlawan Kalibata, Jakarta.Asma lengkapé ya iku Donald Ignatius Panjaitan' nanging kondhang kanthi asma D.I. Pandjaitan. D.I. Pandjaitan wiwit militèré ing pendhidhikan sukarela Gyugun, banjur ditugasaké ing Pekanbaru, Riau. Sawisé proklamasi Kamardikan, D.I. Pandjaitan lan kanca-kancané mbentuk TKR ing laladan Sumatera kang sabanjuré diganti dadi TNI (Tentara Nasional Indonésia). Ing jaman iku D.I. Pandjaitan ditunjuk dadi Komandan Batalyon.Taun 1948, D.I. Pandjaitan diangkat dadi Komandan Pendhidhikan Divisi IX/Banteng ing Bukit Tinggi. Sawisé iku diangkat dadi Kepala Staff Umum IV Komandemen Tentara Sumatera kang tugasé nangani masalah suplai lan perbekalan. Jabatan pungkasané ya iku Asistèn IV Men/Pangad.

Harun Thohir

Harun Thohir utawa kang luwih misuwur kanthi jeneng Kopral Anumerta Harun Said (lair ing Bawean, Kabupatén Gresik, Jawa Wétan, 4 April 1947 – kapundhut ing Singapura, 17 Oktober 1968 nalika umur 21 taun) iku saka anggota KKO (Korps Komando Operasi; saiki diarani Marinir) Indonésia kang dicekel ing Singapura nalika ana kedadeyan Konfrontasi karo Malaysia. Bebarenngan karo anggota KKo liyané kang jenenge Usman, dhèwèké diukum gantung déning pmrentahan Singapura nalika sasi Oktober 1968. Dhèwèké diarani masang bom ing punjere kutha ing Singapura nalika tanggal 10 Maret 1965. Dhèwèké disarekake ing TMP Kalibata, Jakarta.

Kabupatèn Batang

Kabupatèn Batang (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦨꦠꦁ, Pegon: كَبُڤَتَينْ بَتَڠْ), iku kabupatèn ing Provinsi Jawa Tengah, Indonésia, iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing pasisir lor, kutha Batang iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ±--utawa hèktar.

Kabupatèn Tabalong

Kabupatèn Tabalong iku kabupatèn ing Provinsi Kalimantan Kidul, Indonésia. Kutha krajan kabupatèn iki dumunung ing Kutha Tanjung, kurang luwih 235 km saka Banjarmasin kutha krajan Provinsi Kalimantan Kidul. Adohé iki yèn lumantar menyang Kutha Amuntai, nanging padha luwih seneng lumantar Paringin sing luwih adoh 10 km amarga dalané luwih amba. Kabupatèn iki duwé jembar wewengkon 3.496 km2 lan sing ndunungi cacahé 187.208 jiwa (2006). Kabupatèn iki nduwè sesanti Saraba Kawa (saka basa Banjar) artiné bisa kabèh.

Karel Satsuit Tubun

K.S Tubun utawa cekakan saka Karel Satsuit Tubun ya iku pahlawan Révolusi. K.S Tubun minangka pengawal J. Leimena kang dadi salah sawijiné kurban Gerakan 30 September ing taun 1965.

Kutha Tegal

Kutha Tegal iku kutha ing Jawa Tengah. Kutha iki naté dadi cikal-bakal ngadeke Korps Marinir kaya déné kang kacathet ing Pangkalan ALRI Tegal kanthi aran Corps Mariniers, tanggal 15 November 1945. Kutha Tegal winatesan karo Kabupatèn Brebes ing sisih kulon, Laut Jawa ing sisih lor, lan Kabupatèn Tegal ing sisih wétan. Wetone Kutha Tegal ya iku 12 April 1580.

Pahlawan Nasional Indonésia

Gelar Pahlawan Nasional Indonésia iku dianugerahaké marang para patriot lan warga kang dianggep duwé kontribusi wigati tumrap sajarah bangsa lan nagara Indonésia.

Pierre Tendean

Kapten Anumerta Pierre Andreas Tendean (lair ing Jakarta tanggal 21 Fèbruari 1939; séda ing Jakarta tanggal 1 Oktober 1965) ya iku salah sawijiné kurban ing peristiwa Gerakan 30 September lan dadi pahlawan nasional Indonésia.

Dhèwèkè ajudan saka Jenderal Besar DR. Abdul Harris Nasution (Menko Hankam/Kepala Staf ABRI) nalika jamanSoekarno. Abdul Harris Nasution lolos saka peristiwa nyulik nanging malah anaké, Ade Irma Suryani Nasution mati ketèmbak peluru. Pierre Tendean dhéwé dicekel déning gerombolan penculik lan dipatèni ing Lubang Buaya. Dhèwèkè diculik amarga dikira Jenderal Besar DR. A.H. Nasution.

Dhèwèkè dimakamké ing TMP Kalibata, Jakarta.

Saiki lagi direncanakaké gawé filem babagan Pierre Tendean kanthi judhul Pierre.

R. Suprapto (pahlawan revolusi)

Letnan Jenderal R. Suprapto (Purwokerto, 20 Juni 1920–Lubangbuaya, Jakarta, 1 Oktober 1965) iku pahlawan nasional Indonésia. Suprapto minangka salah siji kurban sajeroning Gerakan 30 September lan disrèkaké ing Taman Makam Pahlawan Kalibata, Jakarta.

Rasuna Said

Hajjah Rangkayo Rasuna Said (Maninjau, Agam, 14 September 1910 – Jakarta, 2 November 1965) punika salah satunggiling pejuang kamardikan Indonésia ugi minangka pahlawan nasional Indonésia. Kadosdéné Kartini, panjenenganipun ugi merjuangaken émansipasi wanita. Rasuna Said dipunsarèkaken wonten ing TMP Kalibata, Jakarta.

Sajarah Indonésia

Cithakan:Sajarah Indonésia

Sajarah Indonésia nyakup sawijining rentang wektu kang dawa banget kang diwiwiti jaman prasajarah déning "Manungsa Jawa" ing mangsa watara 500.000 taun kapungkur. Periode ing sajarah Indonésia bisa dipérang dadi limang éra: éra pra kolonial, munculé karajan-karajan Hindhu-Buda sarta Islam ing Jawa lan Sumatera kang mligi ngandelaké dedagangan; éra kolonial, mlebuné bangsa Éropah (mligi Walanda) kang ngarepaké asil bumbon crakèn njalari anané panjajahan déning Walanda sajeroning watara 3,5 abad antara wiwitan abad kaping 17 nganti tengahan abad kaping 20; éra kamardikan, pasca Proklamasi Kamardikan Indonésia (1945) nganti mudhuné Soekarno (1966); éra Orde Baru, 32 taun mangsa pamaréntahan Soeharto (1966–1998); sarta éra reformasi kang lumangsung nganti dina iki.

Yèn dirunut wiwit saka taun 1500-an sajarah Indonésia bisa diklompokaké:

Jaman Prasajarah

1500: Karajan kuna lan mlebuné Agama Islam

1500 nganti 1670: Karajan Agung lan Karajan Dagang

1670 nganti 1800: Pasulayan karo Walanda

1800 nganti 1830: Perjuangan

1830 nganti 1910: Imperialisme lan Modernisasi

1910 nganti 1940: Nasionalisme anyar

1940 nganti 1945: Perang Donya II

1945 nganti 1950: Perang Kamardikan

1950 nganti 1965: Orde Lama

1965 nganti 1998: Orde Baru

1998 nganti 2001: Reformasi dan Persatuan Nasional

2001 saiki

Siswondo Parman

Siswondo Parman (Wonosobo, Jawa Tengah, 4 Agustus 1918 ; Lubang Buaya, Jakarta, 1 Oktober 1965) utawa kondhang kanthi jeneng S. Parman iku saka pahlawan revolusi Indonésia lan tokoh militèr Indonésia. S. Parman séda diprejaya nalika prastawa G30S PKI lan nampa jenderal anumerta. S. Parman disarèkaké ing TMP Kalibata, Jakarta.

Sugiono

Kolonel Anumerta R. Sugiyono Mangunwiyoto (miyos ing Gedaren, Sumbergiri, Ponjong, Gunungkidul, 12 Agustus 1926 – kapundhut wonten ing Kentungan, Yogyakarta, 1 Oktober 1965 nalika yuswanipun 39 warsa) inggih punika salah satunggaling pahlawan Indonésia ingkang dados salah satunggalipun kurban prastawa Gerakan 30 September.

Kol. Sugiyono palakrama kaliyan Supriyati. Piyambakipun gadhah nem putra jaler; inggih punika R. Erry Guthomo (l. 1954), R. Agung Pramuji (l. 1956), R. Haryo Guritno (l. 1958), R. Danny Nugroho (l. 1960), R. Budi Winoto (l. 1962), lan R. Ganis Priyono (l. 1963); sarta satunggal putri, Rr. Sugiarti Takarina (l. 1965), ingkang miyos sasampunipun bapakipun kapundhut. Asma Sugiarti Takarina dipunparingi déning Présidhèn Sukarno.

Kol. Sugiyono dipunsarekaken ing TMP Semaki, Yogyakarta.

Sutoyo Siswomiharjo

Sutoyo Siswomiharjo (28 Agustus 1922-1 Oktober 1965) iku jendral Angkatan Dharat Indonésia kang diculik lan diprejaya sajeroning pacoban kudéta déning Gerakan 30 September.

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.