Ékonomi

Ékonomi saking basa Yunani: eko(οίκω=griya) kaliyan nemo(νέμω=dhistribusi), punika ngèlmu ingkang nyinaoni dhistribusi bahan-bahan ingkang langka. Dhistribusi punika satunggaling "masalah milih". Dados ngèlmu ékonomi punika kasaranipun "ngèlmu milih."

Ngèlmu ékonomi dipunrintis déning Adam Smith saking Skotlandhia ing abad kaping 18. Limrahipun ing jaman samangké ékonomi dipunpérang dados tigang dhisiplin: makro ékonomi, mikro ékonomi kaliyan meso ékonomi.


Cithakan:Cabang ngèlmu sosial

Ékonomi
GDP PPP Per Capita IMF 2008

Kategori umum

Ékonomi mikro • Ékonomi makro
Sajarah pamikiran Ékonomi
Metodologi  • Pendekatan heterodoks

Bidang lan subbidang

Behavioral  • Budaya  • Evolusi
Pertumbuhan  • Pengembangan  • Sajarah
Internasional • Sistem Ékonomi
Keuangan lan Ékonomi kauangan
Masyarakat lan Ékonomi kasejahteraan
Kesehatan  • Buruh  • Manajerial
Bisnis Informasi  • Informasi • Game theory
Organisasi Industri  • Hukum
Pertanian  • Sumber daya alam
Lingkungan • Ekologis
Kutha • Pedesaan  • Kawasan
Peta Ékonomi

Teknik

Matematika  • Ekonometrika
Eksperimental • Neraca nasional

Dhaptar

Jurnal • Publikasi
Kategori • Topik • Ekonom

Portal.svg Portal Bisnis lan Ékonomi
Indhi

Républik Indhi utawa Républik India iku nagara ing Asia Kidul. Jeneng-jeneng liyané nagara iki iku Bharat utawa Bharata lan Jambudwipa. Tembung pungkasan iki tegesé "Pulo Jambu" lan dijenengaké mangkono amarga mèmper woh jambu. India iku nagara ing Asia kang kang ndunungi paling akèh kaloro ing donya, kanthi populasi punjul sak milyar jiwa, lan minangka nagara gedhé dhéwé kapitu miturut ukuran wewengkon géografis. Cacahing kang ndunungi India tuwuh ngrembaka wiwit tengahan 1980-an. Ékonomi India iku gedhé dhéwé kapapat ing donya miturut angka PDBné, diukur saka segi paritas daya beli (PPP), lan salah siji kang tuwuhing ékonomi paling rikat ing donya. India, nagara kanthi sistem dhémokrasi liberal gedhé dhéwé sadonya, uga wis muncul minangka kakuwatan regional kang wigati, duwé kakuwatan militèr gedhé dhéwé lan kamampuan nuklir.

Dumunung ing Asia Kidul kanthi garis pasisir dawané 7.000 km, lan péranganing anak bawana India, India iku péranganing rute dedagangan wigati. India wewatesan karo Pakistan, Républik Rakyat Cina, Myanmar. Banglades, Nepal, Bhutan, lan Afganistan. Sri Lanka, Maladewa, lan Indonésia iku nagara kapulon kang wewatesan.

India minangka dunungé peradaban kuna kaya Budaya Lembah Indus lan minangka papan kalahiran saka papat agama utama donya: Hindhu, Buda, Jainisme, lan Sikhisme. Nagara iki minangka péranganing Karajan Manunggal sadurungé mardika ing taun 1947.

Indonésia

Indonésia, resmine Républik Indonésia (basa Indonésia: Republik Indonesia), iku sawijining nagara berdaulat transkontinéntal dumunung mligi ing Asia Kidul-Wétan karo sawatara tlatah ing Oséania. Dumunung ing antarané Samodra Hindia lan Pasifik, iku nagara kapuloan gedhé dhéwé ing donya, kanthi punjul telulas èwu pulo. Indonésia nduwé kira-kira populasi liwat 258 yuta wong lan nomer papat nagara paling akèh populasiné ing donya, nagara Austronésia paling akèh populasiné, uga nagara mayoritas Muslim paling akèh populasiné. Pulo paling padhet sa donya Jawa ngandhut punjul setengah saka populasi.

Wangun pamaréntahan republik Indonésia kalebu législatur lan Présidhèn kapilih. Indonésia duwé 34 provinsi, kang lima duwé status administratif mirunggan. Kutha krajan lan paling akèh kang ndunungi yakuwi Jakarta. Nagara duwé tapel wates karo Papua Nugini, Timor Wétan, lan Malaysia sisih wétan. Nagara tanggané kalebu Singapura, Filipina, Australia, Palau, lan tlatah India Kapuloan Andaman lan Nicobar. Indonésia iku sawijining anggota pangadeg ASEAN lan anggota saka ékonomi utama G-20. Ékonomi Indonésia iku peringkat 16 PDB nominal donya lan gedhé dhéwé angka 8 PDB ing PPP.

Kapuloan Indonésia wis tlatah wigati ing padagangan wiwit ing paling ing abad kaping 7, nalika Sriwijaya lan banjur mengko Majapahit dagang karo Tiongkok lan India. Panguwasa lokal nggunakaké modhèl budaya, agama lan pulitik manca saka awal abad Masèhi, lan karajan Hindhu lan Buda ngrembaka. Sajarah Indonésia wis diprabawai déning kakuwasan manca kepincut karo sumber daya alam Indonésia. Pedagang Muslim lan sarjana Sufi nggawa Islam kang saiki dominan, sawatara kakuwasan Eropah nggawa Kristen lan perang siji liyané kanggo monopoli dagang ing Kapuloan Maluku ing Jaman Penjelajahan. Sawisé telung lan setengah abad kolonialisme Walanda wiwit Amboina lan Batavia, lan pungkasanipun kabèh kapuloan kalebu Timor lan Papua Kulon, ing kaping diselani déning kakuwasan Portugis, Prancis lan Inggris, Indonésia mardika sawisé Perang Donya II. Sajarah Indonésia kang wis wiwit ora tenang, karo tantangan bencana alam, raja pati massa, korupsi, separatisme, prosès démokratisasi, lan pèriode saka owah-owahan ékonomi kanthi rikat.

Indonésia dumadi saka atusan golongan ètnis lan linguistik asli. Golongan ètnis gedhé dhéwé – lan dominan ing pulitik – ya iku Jawa. Idèntitas nasional wis dikembangaké, dikukuhaké déning basa nasional, karagaman etnik, pluralisme agama ing populasi mayoritas Muslim, lan sajarah kolonial lan kraman marang iku. Sesanti nasional Indonésia, "Bhinneka Tunggal Ika" ("séjé-séjé nanging ajeg manunggal"), nuduhaké karagaman kang nagara. Sanajan populasi gedhé lan tlatah padhet kang ndunungi, Indonésia duwé tlatah jembar ara-ara samun kang njurung karagaman hayati tingkat paling dhuwur kaping pindho ing donya. Indonésia duwé sumber daya alam kalubèran kaya lenga lan gas bumi, timah, tembaga lan emas. Pertanian mligi mrodhuksi beras, tèh, kopi, bumbon crakèn lan karèt. Partner dagang utama Indonésia ya iku Jepang, Amérikah Sarékat lan nagara tangga Singapura, Malaysia lan Australia.

Inggris

Kanggo nagara Britania Raya kang uga kerep diarani Inggris, delengen Britania Raya.Inggris (Basa Inggris: England) iku praja gedhé dhéwé lan paling padhet sing ndunungi saka praja-praja kang amangun Persatuan Karajan Britania Raya lan Irlandia Lor (United Kingdom of Great Britain and Northern Ireland). Nagara-nagara liyané ya iku Sekotlan, Wales lan Irlandia Lor. Kerep banget jeneng Inggris dianggo nyebut sakabèhané nagara iki.

Inggris kang wewengkoné nyakup 2/3 pulo Britania, wewatesan karo Sekotlan ing sisih lor lan karo Wales ing sisih kulon.

Béda karo Sekotlan, Wales lan Irlandia Lor, Inggris ora duwé pamaréntahan lan parlemen lokal (satingkat karo DPRD) dhéwé.

Inggris iku nagara kang awangun karajan. Kepala nagara diwengku déning Ratu lan kepala pamaréntahan déning Mahamantri.

Jerman

Jerman, Jérman, utawi Dhitslan (basa Jerman: Deutschland) iku nagara gedhé ing Éropah. Kutha krajané Berlin. Sing ndunungi ana kurang luwih 82.521.653 jiwa. Nagara iki minangka nagara kanthi posisi ékonomi lan pulitik kang wigati ing Éropah lan kanthi winates ing tataran donya. Jerman dikenal ing babagan panguwasan tèknologi maju, mligi sajeroning indhustri tetunggangan montor lan piranti presisi.

Kabupatèn Banyumas

Kabupatèn Banyumas (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦨꦚꦸꦩꦱ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ بَڽُمَسْ), iku kabupatèn ing Jawa Tengah sing pernahé ing sisih kidul Gunung Slamet, Kutha Purwokerto iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané: Wangon, Ajibarang, Banyumas, Sokaraja, Patikraja, Tambak lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1,329.02 Km²

Cacahe Penduduk: 1,578,129 jiwa.

Kabupatèn Nganjuk

kabupatèn Nganjuk (Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦔꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀, Pegon: كَبُڤَتَينْ ڠَنْجُكْ), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Nganjuk iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:---, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.182,64 km2 utawa---hèktar.

Kabupatèn Pekalongan

Kabupatèn Pekalongan iku kabupatèn ing Jawa Tengah, pernahé ing pantura, kutha Kajen iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané:, lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.085,73 km² utawa hèktar. Kabupatèn Pekalongan dumunung ing jalur "Pantura" (Pasisir Utara Jawa).

Koréa Kidul

Républik Koréa (basa Koréa: Daehan Minguk (Hangul: 대한민국; Hanja: 大韓民國); basa Inggris: Republic of Koréa/ROK) biyasa dikenal minangka Koréa Kidul, iku nagara ing Asia Wétan sing nyakup pérangan kidul Ujung Koréa. Ing sisih lor, Républik Koréa wewatesan karo Koréa Lor, lan kaloroné nyawiji dadi siji nagara nganti taun 1948. Jepang dumunung ana ing sabrang Segara Jepang (karan "Segara Wétan " déning wong-wong Koréa) lan Selat Koréa dumunung ing sisih kidul-wétan. Nagara iki dikenal kanthi jeneng Hanguk (한국; 韓國) déning sing ndunungi Koréa Kidul lan karan Namchosŏn (남조선; 南朝鮮; "Chosŏn Kidul") ing Koréa Lor. Kutha krajan Koréa Kidul ya iku Seoul (서울).

Kutha Batu

Kutha Batu (Carakan: ꦑꦸꦛ​ꦨꦠꦸ, Pegon: كَوتَ بَتُ), iku kutha ing Jawa Wétan, Indonésia. Jembar wewengkon kutha iki ± 202.30 km².

Kutha Kadhiri

Kutha Kadhiri (Carakan: ꦏꦸꦛ​ꦑꦼꦝꦶꦫꦶ, Pegon: كَوتَ کٚضِرِ), inggih punika salah sawijining kutha kang dumunung ing Jawa Wétan, jembaripun sawatawis 63.40 km pasagi.

Kutha Madiun

Kutha Madhiun (Carakan: ꦑꦸꦛꦩꦝꦶꦪꦸꦤ꧀, Pegon: كَوتَ مَضِيُنْ), inggih punika salah siji kutha kang dumunung ing Jawa Wétan, jembaripun sawatawis 65.68 km pasagi.

Kutha Majakerta

Kutha Majakerta (Carakan: ꦑꦸꦛꦩꦗꦏꦼꦂꦠ, Pegon: كَوتَ مَوجَوكٚرْتَو), inggih punika salah sawijining kutha kang dumunung ing Jawa Wétan, jembaripun sawatawis 16.46 km pasagi.

Kutha Malang

Kutha Malang (Carakan: ꦏꦸꦛꦩꦭꦁ, Pegon: كَوتَ مَلَڠْ), inggih punika salah siji kutha kang dumunung ing Jawa Wétan, jembaripun sawatawis 145.28 km pasagi.

Kutha Pasuruan

Kutha Pasuruan (Pegon: كَوتَ ڤَسُرُاَنْ, Carakan: ꦏꦸꦛꦥꦱꦸꦫꦸꦲꦤ꧀), inggih punika salah siji kutha kang dumunung ing Jawa Wétan, jembaripun sawatawis 36.56 km pasagi.

Kutha Prabalingga

Kutha Prabalingga (Pegon: كَوتَ ڤرَبَولِڠْغَ, Carakan: ꦏꦸꦠꦥꦿꦧꦭꦶꦁꦒ), inggih punika salah sawijining kutha kang dumunung ing Jawa Wétan, jembaripun sawatawis 56.67 km pasagi.

Nagara

Nagara iku wewengkon ing bumi kang kakuwasan pulitik, militèr, ékonomi, sosial lan budayané ditata déning pamaréntahan kang nan ing wewengkon mau. Supaya bisa diarani nagara kudu ndarbèni rakyat, ya iku wong-wong kang nampa anané organisasi iki. Syarat liyané ya iku anané wewengkon tartamtu papan nagara iku manggon. Bab liyané apa kang diarani kadhaulatan, ya iku nagara diakoni déning wargané minangka kang nyekel kakuwasan paling dhuwur ing wewengkon panggonan nagara.

Padunung

Padunung siji nagara utawa laladan bisa dipérang dadi rong pangertèn:

Wong kang manggon ing laladan mau

Wong kang kanthi ukum duwé hak manggon ing laladan mau, utawa duwé surat resmi kanggo manggon ing kana, nanging milih manggon ing laladan liya.Sajeroning èlmu sosiologi, kang ndunungi ya iku kumpulan manungsa kang ngenggoni wewengkon géografi lan ruwang tinamtu.

Masalah-masalah bab kang ndunungi disinaoni ing èlmu Dhémografi. Manéka warna aspèk perilaku manungsa disinaoni ing sosiologi, ékonomi, lan géografi. Dhémografi akèh dianggo ing babagan pemasaran, kang gegandhèngan raket karo unit-unit ékonomi, kaya déné pengècèr nganti pelanggan potensial.

Prodhuk dhomèstik bruto

Prodhuk domèstik bruto (PDB) sajeroning èlmu ékonomi iku aji kabèh barang lan jasa sing diprodhuksi d’ening sawiji nagara ing période tinamtu. PDB minangka salah siji métode kanggo ngitung pikolèhan nasional.

Tanah Thai

Karajan Thailand (jeneng resmi: ราชอาณาจักรไทย Ratcha Anachak Thai; uga Prathēt Thai), kadhangkala uga karan Mueang Taek, iku nagara ing Asia Kidul-Wétan kang wewatesan kaliyan Laos lan Kamboja ing sisih wétan, Malaysia lan Lempongan Siam ing sisih kidul, lan Myanmar lan Laut Andaman ing sisih kulon. Thailand biyèn dikenal minangka Siam nganti tanggal 11 Mèi 1949. Tembung "Thai" (ไทย) tegesé "kabebasan" ing basa Thailand, nanging uga bisa ngrujuk ing suku Taek, saéngga njalari jeneng Siam isih dipigunaaké ing kalangan wong-wong Thai mligi kaum minoritas Tionghoa.

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.