Ènsiklopédhi

ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮ
Der Neue Pauly

Ènsiklopédhi utawa bauwarna iku sawetara buku kang isiné pawedharaning saben cabang ngèlmu sains kang katata miturut abjad utawa miturut kategori lan carané nata cekak lan padhet.

Étimologi

Tembung 'ènsiklopédhi' dijupuk saka basa Yunani; enkyklios paideia (ἐγκύκλιος παιδεία) kang tegesé siji bundheran utawa pangajaran kang pepak. Karepé iku ènsiklopédhi iku sawijing pendhidhikan paripurna kang ngamot kabèh bundheran ngèlmu sains.

Banjur tembung ‘bauwarna’ iku dijupuk saka basa Sangskreta lan sajatiné tembung majemuk saka jinis bahuvrihi. Tembung iki dadi kasusun saka rong pérangan: ‘bau’ utawa ‘bahu’ lan ‘warna’. Tembung ‘bau/bahu’ iku tegesé akèh lan tembung ‘warna’ iku tegesé ‘rupa’ utawa ‘wujud’. Dadi tegesé ‘akèh prakara’.

Kerep konsèp ènsiklopédhi disalah-kaprahaké karo bausastra (kamus). Nanging prakara iki ora anèh amarga ènsiklopédhi-ènsiklopédhi awal pancèn mula-mulané disusun saka bausastra. Prabédan utama antara kamus lan ènsiklopédhi iku; siji kamus namung mènèhi katrangan définis saben entri utawa lemma kang dideleng saka sudhut pandhang linguistik utawa namung mènèhi sinonim-sinonim waé. Kamangka siji ènsiklopédhi kawedaraning siji entri luwih jero. Sawijining ènsiklopédhi iku nyoba mènèhi katrangan saben artikel wujud siji fénomèna. Utawa luwih cekak manèh; ènsiklopédhi iku pratélan prakara kamangka kamus iku pratélan tembung.

Ènsiklopédhi nalika Jaman Klasik Antik ing Éropah

Tembung ènsiklopédhi asalé saka basa Yunani, dadi ora anèh yèn asalé uga saka Yunani kuna. Nanging ènsiklopédhi tuwa dhéwé dudu saka Yunani nanging saka Kakaisaran Romawi lan ditulis déning Marcus Porcius Cato kang sugeng ing abad kaping 3 lan 2 sadurungé Maséhi. Nanging ènsiklopédhi kang isih ana nganti saiki lan kang tuwa dhéwé ditulis déning Caius Plinius Secundus ing abad Masehi kaping 1. Ènsiklopédhi Plinius iki kasusun saka 38 jilid.

Sajarah ènsiklopédhi ing donya modhèren

Ing jaman modhèren tembung ènsiklopédhi kaping pisan dienggo déning Paul Scalich, siji panulis Jerman ing taun 1559. Banjur filsuf Inggris Francis Bacon ing awal abad kaping 17 nganggo tembung iki ing teges modhèren.

Nanging konsèp tembung ènsiklopédhi lagi dienggo ing pangertèn kaya saiki sawisé ditepungaké déning Denis Diderot, siji panulis lan filsuf Prancis uga nganggo tembung iki kanggo mènèhi jeneng proyèk kang lagi digarap karo dhèwèké.

Proyèké kang uga bisa diarani proyèk abad kaping 18 iki suwéné ana 30 taun, saka taun 17501780. Don proyèk iki kanggo nulis kanthi sistèmatis kabèh kawruh kang dingertèni kabèh umat manungsa. Ing basa Prancis ènsiklopédhi Diderot iki diarani: Encyclopédie ou Dictionnaire raisonné des sciences, des arts et des métiers. Tegesé ing basa Jawa iku “Ènsiklopédhi utawa Kamus kang ana catetané prakara sains, kagunan, lan pakaryan”.

Ènsiklopédhi Jaman Klasik ing Tanah Jawa

Ènsiklopédhi kang tuwa dhéwé ing Tanah Jawa iku asalé saka budaya Jawa-Hindhu lan ditulis ing basa Jawa Kuna. Ènsiklopédhi iki diarani Cantaka Parwa lan isiné warna-warna kawruh ngèlmu sains lan carita-carita mitologi karo wiracarita. Mbokmenawa layang Cantaka Parwa iki ditulis ing abad kaping 9 Masèhi.

Saliyané Cantaka Parwa, layang Canda Kirana kang asalé kurang punjul jaman kang padha uga patut ingaran nèng kéné. Nanging Canda Kirana sajatiné luwih akèh nudhuhi ciri-ciri kas kamus katimbang ènsiklopédhi. Layang Canda Kirana iki asalé saka budaya Buda-Jawa.

Banjur ing jaman pasca-Hindhu utawa jaman Islam Jawa, antara abad kaping 16 nganti abad kaping 18, muncul akèh karya-karya sastra kang sajatiné dudu dikarepaké dadi ènsiklopédhi, nanging asifat ènsiklopédhik. Buku-buku kang dikarepaké iki ya iku Serat Centhini lan Serat Cabolang.

Buku-buku iki isiné carita siswa lelana lan sinau ing ngendi-endi. Ing saben papan kang diampiri, siswa iki sinau prakara-prakara anyar. Buku-buku iki kerep kandelé nganti pirang-pirang jilid. Wiwitané pancèn ditengeri panglumpukan karya-karya bab kabèh jinis kawruh kang dirangké dadi siji.

Banjur ing tengahé abad kaping 19, sang pujangga Kasunanan Surakarta; Ki Ranggawarsita nulis siji karya sastra kang diparingi jeneng layang Pustaka Raja Purwa. Akèh wong kang nggandrungi buku iki. Isiné prakara warna-warna carita bab sajarah ratu-ratu jaman kuna lan liya-liyané. Carita-carita iki ditulis miturut cara kronologis déning Ki Ranggawarsita. Malahan sawisé Ki Ranggawarsita ora nerusaké carita iki, ana wong-wong liya kang nerusaké.

Kurang luwih waktuné padha karo Ranggawarsita, ana uga siji karya kang asifat ènsiklopédhik ing Surakarta déning Ki Padma Susastra (Wira Pustaka). Kitab iki déning Ki Padma Susastra diparingi jeneng Bauwarna. Karyané iki wis asifat modhèren, amarga bahan-bahan kang dibahas lan dimot ing bukuné disusun miturut abjad. Mula karo kitab Bauwarna iki, awaké dhéwé wis tekan ing éra modhèren lan nutup éra klasik.

Ènsiklopédhi ing Tanah Jawa ing mangsa saiki

Wong-wong Jawa kang wis tau sinau lan olèh pendhidhikan kolonial Walanda, wiwit pungkasané abad kaping 19 lan awal kaping 20 dadi katarik karo idhé-idhé lan gaya pamikiran Donya Wétan. Banjur karya-karya kang asifat ènsiklopédhik uga ditulis, nanging saiki ora nganggo basa Jawa manèh nanging nganggo basa Indonésia. Ènsiklopédhi jangkep ing basa Indonésia lagi muncul ing taun 1953, sawisé nagara Indonésia diproklamasèkaké, ya iku Ensiklopedi Indonésia.

Ing jaman pasca Proklamasi Kamardikan Indonésia, mligi saiki iki, ènsiklopédhi kang misuwur dhéwé antarané ya iku Ensiklopedi Indonésia kang wis kapacak ing ndhuwur. Ènsiklopédhi iki cacahé ana 7 jilid lan uga ana Ensiklopedi Nasional Indonésia kang cacahé ana 18 jilid. Banjur ing dasawarsa pungkasan abad kaping 20 uga dadi ana ènsiklopédhi kang dhedhasar agama Islam lan diarani Ensiklopedi Islam Indonésia. Salah sijiné kang nyusun ènsiklopédhi iki ya cendekiawan Muslim misuwur Prof. Dr. Nurcholish Madjid utawa Cak Nur.

Banjur uga ana ènsiklopédhi kang dhedhasar ajaran agama Katulik lan diarani Ensiklopedi Gréja kang ditulis déning Adolf Heuken S.J..

Kajaba iku uga ana pirang-pirang ènsiklopédhi-ènsiklopédhi cilik kang ora patiya wigati lan sajatiné iku pertalan saka basa-basa asing. Lumrahé ènsiklopédhi-ènsiklopédhi iki ya ènsiklopédhi-ènsiklopédhi kanggo bocah.

Ènsiklopédhi ing mangsa ngarep

Www.wikipedia.org-2017
Kaca Utama www.wikipedia.org

Bareng karo munculé 'révolusi informasi digital', mula uga muncul ènsiklopédhi ing wujud prangkat lunak (software) ing endi kabèh entri utawa lèmma bisa gampang digolèki. Salah siji contoné iku Encarta, ènsiklopédhi wetonan Microsoft. Ing taun 2001 muncul sawijinig ènsiklopédhi on-line ing internet kang bisa diowahi karo ditambahi kabèh wong. Ènsiklopédhi iki tibakné suksès banget lan diarani Wikipedia. Wikipedia bisa suksès ora mung amarga bisa diowahi kabèh wong nanging amarga uga disajèkaké ing kabèh basa, uga kalebu basa Jawa.

Ènsiklopédhi misuwur ing basa-basa liya

Uga delengen

Al-Mawardi

Abu al-Hasan Ali bin Muhammad bin Habib al-Mawardi (Arab: أبو الحسن علي بن محمد بن حبيب الماوردي), utawa kondhang kanthi aran Imam Al-Mawardi (Bashrah, k. 364 H/974 M - Baghdad, 450 H/1058 M), ya iku salah sawijining ngulama ahli pulitik lan fikih Islam kang lair ing Bashrah (saiki ing nagara Irak).Nalika enomé, Al-Mawardi sampun sinau manèka warna èlmu agama marang para guruné ing Bashrah lan Baghdad. Ing Bashrah, panjenengané sinau èlmu fikih Syafi'i saka Abul Qasim Abdul Wahid ash-Shimari, lan èlmu kadis saka Hasan bin Ali al-Jayli, Muhammad bin Ma'ali al-Azdi, lan Muhammad bin 'Adi al-Munqari. Sawisé iku, ing Baghdad panjenengané nerusaké sinau èlmu-èlmu hukum, sastra, lan basa Arab saka Abdullah al-Baqi lan Abdul Hamid al-Isfarayni.Al-Mawardi iku ulama kang nganut madahab Syafi'i. Panjenengané dianggep wong kang ahli hukum, lan asring ditunjuk minangka hakim (qadi) ing mangsa kakuwaosan Bani Abbasiyah. Kajaba iku, panjenengané uga diwènèhi tugas minangka utusan ing rundhingan antarané para khalifah Bani Abbasiyah lan para sultan Bani Buwaihiyah. Ing babagan èlmu kawruh, Al-Mawardi sajatiné ngasilaké akèh karya seratan, nanging kang isih bisa tinemu mung bab 12 judhul waé. Karya-karya mau ya iku:

An-Nukat wa al-'Uyun fi Tafsir al-Qur'an al-Karim (tapsir)

Al-Hawi al-Kabir (ènsiklopédhi fikih Syafi'i, 20 jilid)

Al-Iqna (ringkesan saka Al-Hawi)

Adab al-Qadhi

A'lam al-Nubuwwah

Adab ad-Dunya wa ad-Din

Al-Ahkam as-Sulthaniyyah wa al-Wilayah ad-Dinniyyah (pulitik pamaréntahan)

Nasihah al-Mulk

Tashil an-Nadzar wa Ta'jil adz-Dzafar

Qawanin al-Wazarah wa Siyasah al-Malik

Fi an-Nahwu

Al-Amtsal wa al-HikamAl-Mawardi tilar donya tanggal 30 Rabi'ul Awwal 450 H, kanthi yuswa 86 taun. Panjenengané disarèkaké ing makam Bab Harb ing Baghdad.

Internèt-ing-Kothak

Internèt-ing-Kothak iku sawijining kapustakan digital kang mbutuhaké ragad sithik, dumadi saka sawijining titik aksès tanpa kabel kanthi papan panyimpenan, kang bisa diaksès wong-wong ing sacedhaké.Wewujudané ing piranti atos lan piranti alus wis owah awit taun 2012, laras karo anané ajuning miniaturisasi papan panyimpenan lan barang élektronik. Ing taun 2017, piranti atosé wis bisa dumadi saka Raspberry Pi kanthi kertu panyimpenan kang bisa diganti-ganti.

Kaca Utama/Kaca lawas 1

Wikipedia punika satunggiling ènsiklopédhi bébas ingkang dipunopèni déning Yayasan Wikimedia tanpa bathi ingkang nglampahaken kathah proyèk wiki multibasa:

Langkung saking 2.000.000 artikel:

Daftar pepak –

Statistik multibasaKo'ordinasi multibasa –

Miwiti Wikipedia énggal

Kaca Utama/java

Cithakan:Sesirah

Wikipedia punika satunggiling ènsiklopédhi bébas ingkang dipunopèni déning Yayasan Wikimedia tanpa bathi ingkang nglampahaken kathah proyèk wiki multibasa:

Langkung saking 2.000.000 artikel:

Pratélan pepak –

Statistik multibasaKo'ordinasi multibasa –

Miwiti Wikipedia énggal

Ènsiklopédhi/java

<< balik menyang versi Latin

Ing basa liyané

This page is based on a Wikipedia article written by authors (here).
Text is available under the CC BY-SA 3.0 license; additional terms may apply.
Images, videos and audio are available under their respective licenses.